| 
Contoh PIdato Peringatan
  Isra’ Mi’raj / Rajaban 
PERINGATAN Isra’ Mi’raj /  Contoh
  Pudato Peringatan Isra’ Mi’raj / Rajaban 
 السلا م
  عليكم ورحمة الله وبر كا ته 
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى جَعَلَ إِسْرَاهُ مِنْ مَكَّةَ اِلَى بَيْتِ
  الْمُقَدَّسِ فِى لَيلَةِ الْكُبْرَآ. وَاَرْسَلَهُ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا وَدَا
  عِيًا إِلَى اللهِ بِإِذْنِهِ سِرَاجًا وَمُنِيْرًأ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
  عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ أَفْضَلِ الْوَرَى وَعَلَى اله وَاَصْحَابِهِ
  صَلاَةً وَسَلاَمً كَثِيْرًا أمّا بعد : فقال
  الله تعالى فى القر ان الكريم : 
Dumateng
  poro Bapak, poro Ibu soho hadirin ingkang kulo hormati. 
Sakderengipun
  kulo matur ingkang bade kulo aturaken mangke, langkung rumiyin kulo muji
  syukur Alhamdulillah dateng ngersanipun Alloh SWT. Shoho nyuwunaken
  tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken
  dumateng junjungan kito Nabi Muhamamd SAW, shoho poro ahli keluargo lan sahabatipun. 
Poro
  hadirin sedoyo ingkang kulo mulyakaken ! 
Pengajian
  ing saat meniko dalam rangka memperingati dinten ulang tahun Isro’ Mi’roj
  ipun junjungan kito Nabi Besar Muhamamd SAW. Kini kembali mengenai hal-hal
  historis revolusi fisik, utawi sejarah perjuanganipun Rosululloh SAW, ingkang
  panjenenganipun tepat tanggal 27 Rojab tahun 571 M. Dipun aturi kalian
  Malaikat Jibril, nindaaken perintahipun Alloh SWT, dipun Isro’aken utawi
  dipun lampahaken dalu, awit saking Masjidil Harom (Mekkah) ngantos Masjidil
  Aqsho (Palestina). Selajeng dipun Mi’roj aken saking Masjidil Aqso minggah
  dateng langit ngantos Syidrtoul Muntaha. Ingkang perlunipun dipun sumerapaken
  dateng pinten-pinten tanda kekuasa’anipun Alloh SWT, shoho nampi kewajiban
  ibadah sholat gangsal wekdal. Hal meniko dipun jelasaken wonten Al-Qur’an
  surat Bani Israoil ayat 1 ingkang surasosipun mekaten : 
 Ingkang
  artosipun : 
“Maha
  suci Allah ingkang nglampahaken dateng hambanipun wonteng ing wekdal dalu,
  saking Masjidil Harom dateng Masjidil Aqso kang ingsun berkahi kiwo tengene,
  sa’perlu ingsun tunjukne sebagian tanda-tanda kekuasaan Ingsun. Saktemene
  Alloh iku Maha Mendengar lan Maha Mengetahui“ 
Poro
  hadirin ingkang kulo hormati ! 
Kanti
  pengajak kulo monggo kanti wontenipun peringatan Isro’ lan Mi’roj meniko,
  kito tingkataken segala bidang, Monggo Pak, Bu, warga umat Islam, ,lewat
  peringatan meniko, kito tingkataken No. 1 Bidang Ubudiyah urusan ibadah
  dateng Alloh SWT, ingkang maksudipun sak sampunipun peringatan Rojabiyah
  meniko, sampun ngantos wonten tiang ingkang ngaku agamane Islam, anangeng
  ibadahe taksih plintunan, utawi namun asal kober, menawi boten kober boten
  ibadah. No. 2 Niat bantu program pemerintah, dalam rangka meratakan
  pendidikan utawi mencerdaskan Bangsa ingkang maksudipun, saksampunipun
  peringatan Rojabiyah nimu sampun ngantos wonten umat Islam sing taksih
  lolak-lolok utawi taksih dereng sadar hidup berorganisasi, hidup
  bermasyarakat, lan hidup bergotong royong lewat jam’iyah-jam’iyah. Lewat
  pengajian-pengajian kito saluraken santapan rohani supados umat Islam ngertos
  endi barang sing Halal, lan endi barang sing Haram. No. 3 Niat demi
  terwujudipun Akhlaqul Karimah, mewujudkan sopan santun, toto kromo, ingkang
  maksudipun supados umat Islam saget sesuai antara ucapan lan perbuatan. Sampun
  ngantos Islam namung dumel akon-akon thok, nanging tumindha’ipun boten
  sesuai. Mangane boten diatur coro Islam, pergaulane boten diatur coro Islam,
  nek pados rizki boten diatur coro Islam, meniko sampun ngantos terjadi. No. 4
  Niat demi wujudipun pengamalan wajib ingkang dados rukunipun agami Islam.
  Terutama pengamalan wajib ingkang dados intinipun utawi hasilipun Isro’
  Mi’roj meniko ingkang sampun dipun kumndangaken setiap waktu, wonten
  masjid-masjid, utawi saben-saben mushollah. 
حَيَّ عَلَى الصَّلاَةْ…………. nopo BU…? Inggih meniko sholat gangsal wkedal. 
M
  bok menawi wonten Umat Islam sing dereng nglampahi sholat, mugu-mugi enggalo
  dipun paringi hidayang dening Alloh. Amergi sholat meniko merupakan barometer
  utawi alat pengukur dateng pengamalan kito sedoyo. Tegesipun pengamalan kito
  sedoyo saget sahe utawi boten meniko dipun ukur utawi dipun tingali, kalihan
  anggenipun ngalmpahi sholat. Kranten dawuhipun Alloh wonten Surat
  Al-Angkabut, ayat 45 : 
 Artosipun
  : 
“Sholat
  iku saget mencegah sangking perbuatan keji lan mungkar“ 
Poro
  Bapak, poro Ibu, Hadirin sedoyo pramilo monggo urusan ibadah meniko dipun
  tingkataken ingkang sa’estu, terutami dumateng putra-putri kito utawi
  generasi kito sedoyo, meniko kito didik, kito wulang, lan kito arahaken
  dateng urusan ibadah, sampun ngantos kito umbar, mboten kito arahaken,
  supados mangke dados generasi ingkang saget berguna tumrap agomo, bongso lan
  negoro. 
Kranten
  lare meniko saget sahe utawi awon tergantung tiyang spuhipun ingkang
  mendidik. Dawuhipun bapak kiai : 
Senajan
  wadah gede isi gemuk oli. Panggonane ono ngisro ora aji 
Poro
  Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo 
Nopo
  maleh wonten ing zaman akhir meniko katah sanget pengaruh-pengaruh sangking
  arus gamebyaripun dunyo, katah iman ingkang podo kenter ketendang banjir
  kepuntir-puntir ilmu agama boten kepikir, maksud kulo, banjir
  kebudayaan-kebudayaan ingkang merusak mental umat Islam. 
Kanjeng
  Nabi naliko Mi’roj sampun diparingi gambaran-gambaran ingkang dados lambang
  ingkang bade terjadi wonten ing dunyo meniko. Termasuk kanjeng Nabi dipun
  sumerepi tiyang estri ingkang ayu….teng pinggir dalan celuk-celuk dateng
  kanjeng Nabi, tapi piambakipun boten mandeg, slajeng dipun tanggledaken
  dateng Malaikat Jibril, Jibril maringi penjelasan, bilih meniko lambangipun
  dunyo sak isine, kok menawi panjenengan wahu mandek, tentu umat panjenengan
  bade milih dunyo sak isine, ninggal perkoro akhirot. 
Pramilo
  meniko manggo manah kedah dipun gembleng, dipun isi iman ingkang kuat
  mugi-mugi kulo panjenengan benjang sagedo wilujeng dunyo lan akhirat. AMin
  yaa Robbal a’alamin. Cekap semanten aturan kulo, sedoyo kelepatan nyuwun
  angunging pangapunten. 
و
  بالله التو فيق و الهداية  .والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته | |
(30) NURUL 'A'YUN
43 Karya Tulis/Lagu Nur Amin Bin Abdurrahman:
                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                       (1) Kitab Tawassulan Washolatan, (2) Kitab Fawaidurratib Alhaddad, (3) Kitab Wasilatul Fudlola', (4) Kitab Nurul Widad, (5) Kitab Ru'yah Ilal Habib Luthfi bin Yahya, (6) Kitab Manaqib Assayyid Thoyyib Thohir, (7) Kitab Manaqib Assyaikh KH.Syamsuri Menagon, (8) Kitab Sholawat Qur'aniyyah “Annurul Amin”, (9) Kitab al Adillatul Athhar wal Ahyar, (10) Kitab Allu'lu'ul Maknun, (11) Kitab Assirojul Amani, (12) Kitab Nurun Washul, (13) Kitab al Anwarullathifah, (14) Kitab Syajarotul  Ashlin Nuroniyyah, (15) Kitab Atthoyyibun Nuroni, (16) Kitab al 'Umdatul Usaro majmu' kitab nikah wal warotsah, (17) Kitab Afdlolul Kholiqotil Insaniyyahala silsilatis sadatil alawiyyah, (18) Kitab al Anwarussathi'ahala silsilatin nasabiyyah, (19) Kitab Nurul Alam ala aqidatil awam (20) Kitab Nurul Muqtafafi washiyyatil musthofa.(21) KITAB QA'IDUL GHURRIL MUCHAJJALIN FI TASHAWWUFIS SHOLIHIN,(22) SHOLAWAT TARBIYAH,(23) TARJAMAH SHOLAWAT ASNAWIYYAH,(24) SYA'IR USTADZ J.ABDURRAHMAN,(25) KITAB  NURUSSYAWA'IR(26) KITAB AL IDHOFIYYAH FI TAKALLUMIL ARABIYYAH(27) PENGOBATAN ALTERNATIF(28) KITAB TASHDIRUL MUROD ILAL MURID FI JAUHARUTITTAUHID (29) KITAB NURUL ALIM FI ADABIL ALIM WAL MUTAALLIM (30) NURUL 'A'YUN ALA QURRATIL UYUN (31) NURUL MUQODDAS FI RATIBIL ATTAS (32) INTISARI & HIKMAH RATIB ATTAS (33) NURUL MUMAJJAD fimanaqibi Al Habib Ahmad Al Kaff. (34) MAMLAKAH 1-25 (35) TOMBO TEKO LORO LUNGO. (36) GARAP SARI (37) ALAM GHAIB ( 38 ) PENAGON Menjaga Tradisi Nusantara Menulusuri Ragam Arsitektur Peninggalan Leluhur, Dukuh, Makam AS SAYYID THOYYIB THOHIR Cikal Bakal Dukuh Penagon Nalumsari Penagon (39 ) AS SYIHABUL ALY FI Manaqib Mbah KH. Ma'ruf Asnawi Al Qudusy (40) MACAM-MACAM LAGU SHOLAWAT ASNAWIYYAH (bahar Kamil Majzu' ) ( 41 ) MACAM-MACAM LAGU BAHAR BASITH ( 42 ) KHUTBAH JUM'AT 1998-2016 ( 43 ) Al Jawahirun Naqiyyah Fi Tarjamatil Faroidus Saniyyah Wadduroril Bahiyyah Lis Syaikh M. Sya'roni Ahmadi Al Qudusy.
                                                                                                                                         
Senin, 23 Juli 2012
pidato isro' mi'roj
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
 
Tidak ada komentar:
Posting Komentar