(30) NURUL 'A'YUN

43 Karya Tulis/Lagu Nur Amin Bin Abdurrahman:
(1) Kitab Tawassulan Washolatan, (2) Kitab Fawaidurratib Alhaddad, (3) Kitab Wasilatul Fudlola', (4) Kitab Nurul Widad, (5) Kitab Ru'yah Ilal Habib Luthfi bin Yahya, (6) Kitab Manaqib Assayyid Thoyyib Thohir, (7) Kitab Manaqib Assyaikh KH.Syamsuri Menagon, (8) Kitab Sholawat Qur'aniyyah “Annurul Amin”, (9) Kitab al Adillatul Athhar wal Ahyar, (10) Kitab Allu'lu'ul Maknun, (11) Kitab Assirojul Amani, (12) Kitab Nurun Washul, (13) Kitab al Anwarullathifah, (14) Kitab Syajarotul Ashlin Nuroniyyah, (15) Kitab Atthoyyibun Nuroni, (16) Kitab al 'Umdatul Usaro majmu' kitab nikah wal warotsah, (17) Kitab Afdlolul Kholiqotil Insaniyyahala silsilatis sadatil alawiyyah, (18) Kitab al Anwarussathi'ahala silsilatin nasabiyyah, (19) Kitab Nurul Alam ala aqidatil awam (20) Kitab Nurul Muqtafafi washiyyatil musthofa.(21) KITAB QA'IDUL GHURRIL MUCHAJJALIN FI TASHAWWUFIS SHOLIHIN,(22) SHOLAWAT TARBIYAH,(23) TARJAMAH SHOLAWAT ASNAWIYYAH,(24) SYA'IR USTADZ J.ABDURRAHMAN,(25) KITAB NURUSSYAWA'IR(26) KITAB AL IDHOFIYYAH FI TAKALLUMIL ARABIYYAH(27) PENGOBATAN ALTERNATIF(28) KITAB TASHDIRUL MUROD ILAL MURID FI JAUHARUTITTAUHID (29) KITAB NURUL ALIM FI ADABIL ALIM WAL MUTAALLIM (30) NURUL 'A'YUN ALA QURRATIL UYUN (31) NURUL MUQODDAS FI RATIBIL ATTAS (32) INTISARI & HIKMAH RATIB ATTAS (33) NURUL MUMAJJAD fimanaqibi Al Habib Ahmad Al Kaff. (34) MAMLAKAH 1-25 (35) TOMBO TEKO LORO LUNGO. (36) GARAP SARI (37) ALAM GHAIB ( 38 ) PENAGON Menjaga Tradisi Nusantara Menulusuri Ragam Arsitektur Peninggalan Leluhur, Dukuh, Makam AS SAYYID THOYYIB THOHIR Cikal Bakal Dukuh Penagon Nalumsari Penagon (39 ) AS SYIHABUL ALY FI Manaqib Mbah KH. Ma'ruf Asnawi Al Qudusy (40) MACAM-MACAM LAGU SHOLAWAT ASNAWIYYAH (bahar Kamil Majzu' ) ( 41 ) MACAM-MACAM LAGU BAHAR BASITH ( 42 ) KHUTBAH JUM'AT 1998-2016 ( 43 ) Al Jawahirun Naqiyyah Fi Tarjamatil Faroidus Saniyyah Wadduroril Bahiyyah Lis Syaikh M. Sya'roni Ahmadi Al Qudusy.

Senin, 23 Juli 2012

KUBUR 2


MASALAH KUBUR LAN AKHERAT (2)
MASALAH KUBUR LAN AKHERAT (2)



Aja mang mang disiksane dewek – dewek
Tuna getun ning neraka ya munafik

Sambat – sambat ya munafik jero kubur
Waktu naja ning dunyane blolih nur

Sebab tungkul urip mikir dunyane
Ora gelem mikir kubur ning sangune

Borosaken maring umur sampe entok
Ora eling dadi kosong ganjarane

Bagen wani sugih fakir tetep mati
Ngatur badan anak rabi sing ati – ati

Aja kongsi ngelalaiaken ning pangeran
Gage tobat muji syukur lan dzikiran

Gage njaluk idzin wong tua lorone
Yen masih urip njaluk pangapurane

Kanjeng nabi ngeraksa umat boten tebih
Ning adepan rupa abang semu putih

Yen setia sira mbela Agamane
Keparingan nur muhamad ing badane

Ayu nyebut Alloh rosul kholifae
Badan ati aja kongsi pecah bae

Aja kongsi pengucape dadi loro
Pisan kalah elinge diparo – paro

Nuhun paring badan manut perintah rosul
Ati kerja eling Alloh Saged nggandul

Terus milih laku lampah luwih saha
Niteni waktu badan meneng lan obahe

Wedenana kafir dlolim pasik kita
Penyakite ati salim ingkang nyata

Wongkang ngelakokaken ning badan salah parane
Karo hukum ora cocok dlolim arane

Ya setia badan mbela Agamane
Den paring nur muhamad ning atine

Buru- buru ayu niat gawe sodaqoh
Kumpul blai supaya aja teka

( Malam Sabtu tgl 20 dzulhjjah 1376 H / 1956 M )

Gage mikir sebab jaman sampun akhir
Terus nginjen maring Alloh kang dipikir

Waktu gering katon pisan ning larane
Nggo contohne Ning akherat ya siksane

Dunya akherat njaluk selamet dewek – dewekan
Gage diuji amal badan lan pikire

Buru – buru gage njaluk den ridhoni
Mumpuing waras ibadahe den den lakoni

Kita dunya lan akherate nuhun selamet
Waktu dukha lan tahajud gage nggereget

Ayu sabar ridho ikhlas lan tawakal
Lan nerima syukurane aja gagal

Demen Alloh rosulullohiku tobat
Njalanaken kabeh perintsh ors keliru

Tanda mukmin ya tawadlu ning gurune
Nuhun rokhmat ora pot ning atine

Buangana ujub ria lan takabure
Hasud pegel kabeh amal dadi luntur

( Malam Ahad tgl23 dzulhijah 1376 H / 1956 M )

Gage sntri pikirana sampe terang
Uripira supaya duweni wirang

Bapa Adam ngaku dholim ngaku salah
Ing syare’at hakekat iku hikmah

Yen wis mati jiaroha kuburane
Aja kongsi kemlaratan ning badabe

Dalan ati salim iku pangeran
Aja lali jiaroha ning pekuburan

Terus ndleng ning kuburan luwih ciut
Dadi obate nafsu mumbul dadi nyebut
Ngati- ati ngormati embok bapane
Luwih repot ngopeni anak awan bengi

Alloh ngapura ngelebur kabeh ning dosane
Lamun ngapura kabeh embok lan bapane

AMAL SOLEH

3.1 Eling Alloh

Yen kepengen ingkang suci gage tobat
Awan bengi laku badab nggon syahadat

Pengen pituduh eling Alloh poma – poma
Lakune badan bisa suci ya utama

Eman ibadah awit cilik sampe tua
Tempo mati imane oa kegawa

Ayu santri eling Alloh ngekalaken
Ora eling bakale den dohiraken

Ora eling nyata mati ning atine
Terus bukti pada ning badane

( Malam Rebo tgl 18 Sa’ban 1376 H / 1956 M )

Yen kepengen pangkat kudu bisa ngatur
Jasmanine ruhanine ingksng akur

Ngatur anak rabi tangga nggon ngebakti
Maring Alloh nggawe amal sampe mati

Bagen sugih bagus pinter ya diatur
Aja kalah praktek ira ingkang jujur

Terus terang ngembangaken syare’ate
Hukum syara’ kira ikhlas ing ngadate

Iku aran umat rosul tindakane
Bagen kadang anak rabi lan badane

Badan salah terus wani nyalahaken
tanggung jawab terus sanggup mbenerak

Jalan hakekat kudu sabar lan nerima
Iku aran umat rosul kang utama

Aja pada ngaku bisa ning syahadat
Laku musyrik Toma’ hasud Gage mecat
Nyata palsu bagen kiyai ning ilmune
Ora jujur Cuma molar ning dunyane

Alamate ning neraka siksaane
Pinter puter ning wong bodoh nggo pangane

Kanjeng nabi ngatur kasab nggo nafakoh
Ngaji bakti aja bodoh nggo iabadah

Ayu ngaji bareng njaluk kesenengan
Nurut perintah Alloh rosul kang temenan

Iku aran santri kamil kang sejati
Pikirane kang diinjen gawan mati

Beda karo santri nakis tujuane
Awan bengi sing dipikir ya dunyane

3.2. Santri kamil

Santri kamil tahajude saban bengi
Senengane jubah putih wangi – wangi

Tujuane pengen sugih dunya akherat
Awan bengi Alloh rosul kang disambat

Suci saking ujub ria lan takabur
Hasud toma’ ngelarani atine batur

Ora bosen gelem takon ning gurune
Pengen bisa syahadat loro wulangane

Mumpung urip njaluk pangapurane
Wong tua papat ning guru lan lakine

Iki jaman minggir – minggir kerusakan
Ati lali ora eling ning pangeran

Ayu pada ngeluhuraken ning agamane
Eling Alloh manut rosul poma – poma

Cangkem muni Alloh rosul den elingi
Njero ati ora pegot awan bengi

Njalanaken ilmune syarif ‘arifin
Eling Alloh rosululloh dohir batin

Terus muni kabeh wulu pada muji
Balung sungsum kulite daging dadi siji
Ora kesela ujub riya lan takabur
Ning atine eling Alloh ora nganggur

Penyakit ati mentingaken ning nafsune
Syirik dengki maring batur jero atine

( hari senen tgl 30 jumadil akhir 1376 H / 1956 M )

Gusti Alloh paring rido ning dunyane
Sira gelem gelaraken agama

Ati pateng ora bisa melek – melek
Naku bagus pinter sugih kita dewek

Ati kita saban dina diomoti
Syirik pidik ngintil ana ing ati

Dadi abot badan ketindihan dosa
Tangi turu maca takbir ora bisa

Sanang pangan awan bengi kuatire
Mati esuk maras langka ning pikire

Nyebutaken asma rosul ning lisane
Ora bisa sira ngucap ning atine

Sebab bodoh kurang nemen ning ngajine
Awan bengi mikir ning mangane bae

Mengunate karomate para wali
Pengen syafa’at ayu batur diakali

Kurang mangan turu timbule mangunat
Ingkang awas pikirane ning syahadat

Kang waspada adol awak dunya akherat
Ora tekor yen sira syafa’at

Padane damar murub iku ana kang nyuled
Lunga ngaji maring guru ingkang leled

Ayu diblongsong sira badane
Jubah putih sorban putih penganggone

Lagi nurut perintah Alloh kanjeng nabi
Pengen diaku dadi umate kanjeng nabi

Muji dzikir tangi turu ning atine
Kabeh dosa njaluk dipangapurane
Jubah putih sorban putih sampun bakti
Mengko bukti kang ora nganggo pada mati

Aja kongsi baka kang nganggoni
Niatana manut rosul ingkang wani

Nuhun – nuhun syafa’ate kanjeng rosul
Sampai mati jubah sorban aja ucul

Ayu batur apa pengen apa beli
Manut rosul eling Alloh den akali

Rusak ruwed ngucape ya maulana
Ati lara gage eling tobatana

Terus tawasul dateng siti khodija
Ati lara gage eling tobatana

Terus tawasul dateng siti khodijah
Ati lara paring waras aja pecah

Pisah urip kubur sesek banget peteng
Pisah dunya eling Alloh banget seneng

Rohmat salam tiang Islam sedayane
Buru – buru iman Islam gelarana

Yen wong mukmin gelem ngelakoni kabeh perintah
Alloh nyob ti nira aja robah

( Hari ahad tgl 1 Rajab 1376 H / 1956 M )

Ayu santri sing pada weruh wedi
Urip entong arep pada melayu mendi

Ayu batur uripa kang ngati – ati
Gage madep ati eling maring maring gusti

Durung bisa eling sira ning atine
Ayu tandang sholat bengi kelakuane

Lakune badan aja sekienge dewek
Cocogana karo hukum aja munafik

Awas santri ketipu pengaruh syetan
Awan bengi ati lali ning pangeran

Arep arep sholat sucine ati badan
Ora suci dadi suwung ning ganjaran
Kita urip lagi luru keridhoan
Bersenana ati badan lan pikiran

Pengen syafa’at madepa mata atine
Muhaiminan kanjeng nabi ning adepane

3.3. Wasiat Raden Abdullah bantani

Sapa wonge pengen diterima tobate
Dinginaken gawe amal akherate

Susah priyatin enak blenak ning deweke
Gage nganggo jubah putih ning awake

Kabeh amal nuhun – nuhun manfaate
Awan bengi ayu maca syahadat

Gage batur pareknang ning pikiran
Sugih miskin bodoh pinter sing pangeran

Luru sugih gage amal pumpung waras
Bakal getun yen wis teka lara keras

Waktu waras gage buru – buru tobat
Aja kongsi ajal teka waktu sekarat

Pasrahaken kabeh badan ning gurune
Pasrahaken atine ning pangeran

Kaya masrahaken dunya ning rabine
Laki lara kang ngopeni ya rabine

Senengana ning dunya nurut nafsune
Ning kubure senenganaya genine

Wong kang nafsu ikuora nana elinge
Awan bengi kang dijor kesenengane

Gelem eling ning dunyane dosa lebur
Bodo awak ora mikir sangu kubur

Pasti melas ketemu ning alam kubur
Hasud dengki gawelara karo batur

Wajib nurut sira wadon ibadahe
Ora nurut ora dadi ibadahe

Wani ngelanggar peraturan ning lakine
Ora hasil kemaksudan ning wadone
Batur kabeh aja lali ning pangeran
Buru – buru mumpung durung keributan

Ayu batur bareng – bareng muhaiminan
Eling Alloh rosullulloh kang temenan

Tuturana karo kalimat pangeran
Aja gelem dibujuki syaitan

Ayu santri cangkem ati kang bersatu
Ngajar anak rabi terus takon mantu

Wong kang eling Alloh rosul waktu waras
Mata atine titenana ingkang awas

Ayu diraksa pikirane kang temenan
Cuan ngamprak pikire dituntun syeiton

Gage priyatin eling badan mumpung rasa
Aja bunga eling Allah ora bisa

Yen elinga sira bakti maring Allah
Tentu nurut ning prentah ninggal ing cegah

Yen ngelalaiaken atine ira ing pangeran
Badan nurut syaeton gawekeluputan

Elinga badan jasmani lan rohani
Awan bengi gusti Allah kang ngepalani

Lakokena kabeh badan manut rosule
Pengen di terima tobate terus gandule

Umat Islam aja sampai ketinggalan
Aja bae sholate ulat-ulatan

Tiwas pegel ora dadi ning mujine
Sebab cangkem ora bersatu lan atine

Lanang wadon aja tinggal ning baktine
Wadon bakti sholiha iku arane

3.4. Wadon Bakti

Wadon kepengen ma’unat ning lakine
Ngati-ati wadon bakti ning lakine

Anak wadon melasana embok bapa
Wadon nyingkur laki beli apa-apa
Wadon manut hukum luwih berat
Lanang ngatur wadon manut ingkang erat

Wadon ngatur hukum syara’ lanang nyigkur
Wadon mentas lanang terus gebur

Lanang wadon diraksa dewek-dewekan
Enak blenak si sangga dewek-dewekan

Lanang wadon ingkang tasdik ya atine
Aja ngamprak badan ati pikirane

Lanang wadon senyatane berayan bakhti
Bok menawa ning akherate bakal bukti

Obah meneng sira kabeh aja lali
Maring Alloh lan rosule den den ganduli

( Malam senin tgl 2 Romadhon 1376 H / 1956 m )

Ingkang wekel waktu muji sasi siyam
Nuhun tetepe ilmu amal iman islam

Kejemaken kabeh badan lan pikiran
Luwih akeh tikel sewu ganjaran

Ayu diraksa sira ning omongane
Aja ngomong yen ora muji ning cangkeme

Cangkem muji eling Allah ning atine
Iku alim wong kang manfaat ning ilmune

Pikiran lan atine ingkang kejem
Ora nana ning pikire pengen di alem

Waktu siam mangan nginum ingkang hak
Supaya kebeh amal aja rusak

Yen tetukon aja kongkon bocah cilik
Panganan kurang bagus kurang apik

Poma-poma waktu siyam aja udur
Muga-muga kabeh dosa dadi lebur

Kuping mata cangkem dikon puasa
Aja goro unek-unek gawa dosa

Waktu buka ingkang halal memangan
Haram riba ilangaken ganjaran
Awas batur waktu siyam aja sewotan
Yen sewotan nglunturaken ning ganjaran

Tiwas pegel puasane ora untung
Jaba bagus tapi jerone pada buntung

Aran siyam ora mung beli mangan
Tapi nyegah barang batal lelahanan

Siyam iku ngunci cangkem ingkang kejem
Supaya iblis aja manjing cangkem

Berjamaah doa bareng aja gelambyar
Muga-muga keturunane lailatul qodar

(Malam Selasa tgl. 22 Syawal 1376 H/ 1956 M)

Buru-buru sira ngajar ati salim
Aja enak luwih pinter ngaku alim

Yen wong alim kudu ana ning buktine
Manfaati ning badan lan santrine

Ya kejeren ati salim awan bengi
Allah Rosul paring slamet kang mayungi

Syahadat sirri’ iku nyata ing arane
Allah nanggung mulyakaken ning badane

Gusti nanggung ngraksa dunya lan akherat
Yen santrine gelem dekem ning syahadat

Ning syahadat ingikang kejem aja ngambang
Pikir ngambang laknat teka dadi begang

Laku bagus pikir eling aran umat
Tedengaken laku bagus maring rakyat

Kebagusan ingkang ikhlas ya nyontone
Kanggo mikat narik batur kelakuane

Laku ala poma-poma umpetaken
Aja pada wani-wani njalanaken

Ora bisa ngelebur kabeh ing dosane
Sebab wani ngeramehaken ning agamane

3.5. Sifat Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Kanjeng Nabi Muhammad ngaku bodo
Hakekate ing Allah banget nyelondo

Allah sifat Qiyamuhu binafsihi
Terus pasrah ing Allah ya diisihi

Syareate Kanjeng nabi iku pinter
Sidiq amanah tabligh fathonah angger

Apa maning kita terang ning badane
Sampun welan nyata kedholimane

Bolak-balik syahadat ora manjing
Cangkem apal ning atine ora manjing

Nyata engkeg ngaku pinter ngaku bagus
Ning tauhide nyata-nyata kurang mulus

Bapa adam nuntung-nuntun anak putune
Bagen bagus aja ngaku kelakuane

Nabi Muhammad nuntun umate ning atine
Bagen pinter aja ngaku ning ilmune

Sira weruh ning jadam iku arane
Yakin weruh sira iku rasane

Ngaku iman sira iku ning atine
Yakni kerasa obah meneng ning badane

Tauhid tasyrik nyatane ainul yaqin
Netepaken undang-undang Robbul alamin

Tidak ada komentar: