(30) NURUL 'A'YUN

43 Karya Tulis/Lagu Nur Amin Bin Abdurrahman:
(1) Kitab Tawassulan Washolatan, (2) Kitab Fawaidurratib Alhaddad, (3) Kitab Wasilatul Fudlola', (4) Kitab Nurul Widad, (5) Kitab Ru'yah Ilal Habib Luthfi bin Yahya, (6) Kitab Manaqib Assayyid Thoyyib Thohir, (7) Kitab Manaqib Assyaikh KH.Syamsuri Menagon, (8) Kitab Sholawat Qur'aniyyah “Annurul Amin”, (9) Kitab al Adillatul Athhar wal Ahyar, (10) Kitab Allu'lu'ul Maknun, (11) Kitab Assirojul Amani, (12) Kitab Nurun Washul, (13) Kitab al Anwarullathifah, (14) Kitab Syajarotul Ashlin Nuroniyyah, (15) Kitab Atthoyyibun Nuroni, (16) Kitab al 'Umdatul Usaro majmu' kitab nikah wal warotsah, (17) Kitab Afdlolul Kholiqotil Insaniyyahala silsilatis sadatil alawiyyah, (18) Kitab al Anwarussathi'ahala silsilatin nasabiyyah, (19) Kitab Nurul Alam ala aqidatil awam (20) Kitab Nurul Muqtafafi washiyyatil musthofa.(21) KITAB QA'IDUL GHURRIL MUCHAJJALIN FI TASHAWWUFIS SHOLIHIN,(22) SHOLAWAT TARBIYAH,(23) TARJAMAH SHOLAWAT ASNAWIYYAH,(24) SYA'IR USTADZ J.ABDURRAHMAN,(25) KITAB NURUSSYAWA'IR(26) KITAB AL IDHOFIYYAH FI TAKALLUMIL ARABIYYAH(27) PENGOBATAN ALTERNATIF(28) KITAB TASHDIRUL MUROD ILAL MURID FI JAUHARUTITTAUHID (29) KITAB NURUL ALIM FI ADABIL ALIM WAL MUTAALLIM (30) NURUL 'A'YUN ALA QURRATIL UYUN (31) NURUL MUQODDAS FI RATIBIL ATTAS (32) INTISARI & HIKMAH RATIB ATTAS (33) NURUL MUMAJJAD fimanaqibi Al Habib Ahmad Al Kaff. (34) MAMLAKAH 1-25 (35) TOMBO TEKO LORO LUNGO. (36) GARAP SARI (37) ALAM GHAIB ( 38 ) PENAGON Menjaga Tradisi Nusantara Menulusuri Ragam Arsitektur Peninggalan Leluhur, Dukuh, Makam AS SAYYID THOYYIB THOHIR Cikal Bakal Dukuh Penagon Nalumsari Penagon (39 ) AS SYIHABUL ALY FI Manaqib Mbah KH. Ma'ruf Asnawi Al Qudusy (40) MACAM-MACAM LAGU SHOLAWAT ASNAWIYYAH (bahar Kamil Majzu' ) ( 41 ) MACAM-MACAM LAGU BAHAR BASITH ( 42 ) KHUTBAH JUM'AT 1998-2016 ( 43 ) Al Jawahirun Naqiyyah Fi Tarjamatil Faroidus Saniyyah Wadduroril Bahiyyah Lis Syaikh M. Sya'roni Ahmadi Al Qudusy.

Senin, 23 Juli 2012

KUBUR 3


MASALAH KUBUR LAN AKHERAT (3)
MASALAH KUBUR LAN AKHERAT (3)


PERATURAN AGAMA
4.1 Hukum

Dadi ana hukum iku pertimbangan
Hukum syara ora robah nggo patokan

Hukum akal hubungan ning pangeran
Nuhun pituduh ngarep – ngarep bantuan

Hukum adat timbul saking kabeh rakyat
Aja niru yen sulaya karo syareat

Awas batur aja wani – wani niru
Politikan karo hukum aja keliru
Politikan ijma’ qias hadis qur’an
Yen wis cocok ayu breng jalan

Iki perabot pengaturan amal badan
Nggawa amal dalan eling ning pangeran

Ngatur anak badan Rabi lan sebatur
Lumayanan kanggo sangu alam kubur

Ayu santri bagusana syare’ate
Yen Wis bagus bakal nemu hakekate

Kita urip duwe umur ikhlasana
Luru derajat dunya akherat gelarana

Laku dunya aja sampe ngelalekna
Tinggal ngaji bakti ora mikirna

( Malam Rabu tgl 23 Syawal 1376 H / 1956 M )

Awak bodo hormatana kanjeng nabine
Amal soleh mugi angsal ning atine

Gage luru amal soleh kang temenan
Kanggo sangu balik kita ning kuburan

Ora bisa gage njaluk iftakhlana
Tahajude wiridane lakunana

Misah ati karo nafsu teka setitik
Ora niat misah kita ora katik

Yen kepengen kebuka kita akale
Openana telung perkara ning amale

Awan bengi ngeling – ngeling Alloh rosule
Aja pegot hubungane ning akale

Misah nafsu getih ireng ning atine
Aja campur ati salim ya arane

Lakune badan tetepana ning syare’at
Bisa ora bisa wajib kita angkat

Niat tobat maca syhadat solawat
Terus teka sampe waktune sekarat

Apa maning manjingaken ning syhadat
Getih ireng nempel ati ya maksiat
( Malam rabu tgl 7 dul koidah 1376 H / 1956 M )

Ba’da Salam ayu maca ning syahadat
Jasmanine rohanine paring nikmat

Ayu batur pada ngaji bebarengan
Maca aurad ati salim kang temenan

Buru – buru gage jaluk ning pitulung
Ing malaikat nabi wali aja bingung

Hasud takabur ‘ujub Ria ning atine
Eling Alloh ngelunturaken ning atine

Aja kongsi karo batur pecah belah
Merangi nafsu ing Ibadah aja kalah

Aja wedi aja piyatin laku hak
Perkara batal hak teka pasti rusak

4.2. Perkara hak

Ati eling maring Alloh hak arane
Mbuang toma’ hasud takabur lan riyane

Lanang wadon ayu diraksa dewek – dewek
Aja pecah pikir eling ning pangeran

Ayu diraksa kabeh nikmat sing pangeran
Terus eling muji syukur waktu mangan

Gage mikir waktu urip dewek – dewekan
Ora eling sangune mati ya munafik

Kabeh rakyat maring derat kudu terima
Ana gede ana cilik aja toma’

Ayu batur pada ngelatih jasmani
Supaya kendo laku ala ning nafsu

Gage ngaji ingkang wekel luru bener
Allah benci maring wong kang ngaku pinter

Badan kerja ati kerja ya solihat
Dunya akherat pasti munggah maring derat

Tobat bagus amal badan kang sempurna
Badan jasmani jaluk isi tangekna

Ayu anak waktu bengi gage tangi
Melek ati eling kang nulungi

( Malam rabu tgl 12 dulqoidah 1376 H / 1956 M )

Hukum Alloh gelem pada nyempurnakaken
Sabar nerima qodar kang mastikaken

Beda karo ati nifak ning tingkahe
Seneng nyolong nukum Alloh ngurangi bae

4.3. Jihad berjuang / Jihad fissabilillah
( Malam tgl 12 dulkoidah 1376 H / 1956 M )

Yen kepengen dadi wong ahli suarga
Ngorbanaken harta pikir lan tenaga

Ngorbanaken harta benta ingkang ikhlas
Gelaraken agamane sampe jelas

Ngorbanaken pikir eling ning pangeran
Openana syare’ate kang temenan

Ngorbanaken tenaga manut rosule
Kurang mangan turu susah ora ucul

Ya bersatu jasmanine rohanine
Ya melasi maring batur Lan santrine

Jasmanine demen dunya kanggo ibadah
Rohanine eling Alloh terus terima

Anane dunya nyediani kawulane
Yen kula kudu nerima aturane

Terus eling saban tingkah menggawene
Netepi perintah Alloh rosul ya badane

Tanda mukmin welas asih ning bature
Yakin sugih dunya akherat lan kubure

Lamun oranana cukule syahadat
Dunya akherat ning kubure luwih berat

Sebab ora gelem bersihi atine
Hasud takabur ’ujub riya ning dunyane

Mata medit ora gelem ning tafakur
Den contohi batur akeh melebu kubur
Duwe ilmu kanggo perabot luru dunya
Yen santrine ora duwe disia – sia

Bagen pinter nerocos – nerocos bicarane
Dina kiamat Alloh banget ning bendune

( Hari senin tgl 19 dulkoidah 1376 H 1956 M )

Qolallhu Ta’ala fatuubuu ilaa baariikum faqtuluu anfusakum
Dzaalikum khoirul lakum ’indabaari ikum. Fataaba ’alaikum.
Innahuu huwattawaa burrokhiim. ( Al-Baqoroh )

Dodokaken ati salim luwih angel
Yen ora sabar syahadate ora nempel

Awas santri pikiraken kang temenan
Kira – kira sira mati gawa iman

Tanda mikir gelem misah ning awake
Kurang mangan kurang turu ning blenake

Ya ajaren badan anak rabi batur
Cocogaken karo syara’ ingkang akur

Kejemaken aja ridho ning maksiat
Lamun salah anak rabi ugi rakyat

Iku aran ngembangaken ning syahadat
Ana wohe sira ngaji ning syahadat

Ora manfaat kabeh ilmu maring badan
Alloh paring titel pangkat kewalian

Gage tobat mumpung masih ning uripe
Aran tobat mateni nafsu ning karepe

Dudu tobat ora bisa merangi nafsu
Balik munafik arane ulama syu’

Cuma pengen nama santri enak dewek
Nyata iku dadi dasare munafik

Sampun terang iki dasare pangeran
Aja mang – mang wulan rayagung ning tanggalan

4.4. Sodakoh kupat

Gusti syarif hidayatulloh ing bengine
Rebo tanggal papat kapit jalukane
Berjamaah tapi ana syarate
Kupat lepet tang – tang angin sabengkete

Werna telu nuli dicantolaken
Ing duwur lawang nuli arep burine

Arep nyantolaken iki
Ki aja wani – wani nyerang tandurane

Lengkapi ki aja wani – wani nyerang tandurane gusti syarif hidayatullah
Iki anak putune Adam, Yen sira wani nyerang sira olih bendu sing pangeran

( malam rabu tgl 13 dulhijah 1376 H / 1956 M )

Tambahana gawa amal ning badane
Aja Males waktu urip ning dunyane

Ngajar badan amal ikhlas aja liyan
Dalan eling laku bakti ning pangeran

Yaiku tauhidul Qoshdi wal irodah
Gusti Alloh kersane langka kang nyegah

Wis janjine bapa Adam pangkat khalifah
Gelem ngaku jaluk taubat nerima salah

PERINGATAN
Wulan Rayagung
Gelem ngajar ati salim bakal bener
Ora ngajar ati salim bakal keder

Rayagung iku wulan penghabisan
Penyakite lara mati gelis pisan

Dodokaken ati salim awan bengi
Paring selamet Alloh rosul kang mayungi

Ati salim badan nerima pengaturan
Terus eling bakal manggon ning pekuburan

Sabar nerima qodar kang den pastikaken
Hukum Alloh gelem pada nyempurnakaken

Tanggal siji sampai tanggal 10 Rayagung awit dinane kurban
( yaumul tasyrik ) Dadi liren boten kerja patang dina sampe tanggal10 wali syuro.
Gusti Alloh nurunaken pati seluruh dunya Nanging pasti ana werna loro.
1. Mati badane
2. Mati nafsune
Ayu santri sira buru – buru milih
Maring pati kang den pasti werna kalih

Aja kongsi sira mati ning badane
Gage diajar patenana ning nafsune

Dina selasa awal wulan, pada sodaqoh pada kapendem, lan maca tawasul kang den aturi, siti Qurasyin lan nabi khidir

Mumpung urip gage ngandel ning pitutur
Yen ora ngandel bakal susah jero kubur

Duwe badan mumpung urip bersenana
Olih pitutur gage – gage lakonana

Aja tungkul ngandakaken alane batur
Urusana awak ala badan sekujur

Kita dunya aja tungkul mangan nyandang
Gage eling sugih dosa terus dibuang

Gage dirasa gage digerayang
Mumpung durung direrayang

Mumpung urip gage jaluk keterangan
Yen durung duwe gage jaluk kang temenan

( Hari senin tgl 30 jumadil akhir 1376 H / 1956 M )

Iki nadom nggo pekeling awak kula
Tingkah kula supaya bisa berobah

Amal ala bagusana sugih dosa taubatana
Dosa cilik dosa gede buangana tut setitik

Gage maca ning syahadat mumpung durung teka ning sekarat
Aja pada ngaku bisa amal kula masih riya

Sebab pengen dialem menusa
Wong kang riya bakal manggon neraka

Aja pada ngerasa alim amal kula masih dholim
Aran dholim nganiyaya maring batur lan badane kula

Maring batur gawe ala weruh beli temu ala
Ayu batur gage tobat gagiyan ngaji ning syahadat

Aja pada ngaku pinter amal kula masih keblinger
Aran keblinger ngerasa bener ala becik Alloh ketenger
Aja pada ngerasa duwur amal kula masih takabur
Wong takabur amal gebur tekan kubur dipun ancur

Kerana syaiton iku takabur maring Alloh ora syukur
Mungkar nakir kang bakal ngancur geni jahanam ingkang ngelebur

Aja pada ngerasa bagus dewek
Amal kula masih munafik

Wong munafik amal entok
Ning neraka kang ngisore dewek

Aja pada ngerasa apik
Amal kula masih musyrik

Wong musyrik dadi kuwalik
Ning neraka bakal diwalik – walik

Liyan Alloh den bakteni
Perangsane bisa nyugihi

Ning Alloh rosul ora bakteni
Ning akherat pakane geni

Aja pada ngerasa garang awak kula masih kurang
Sholat kula kelingan barang ning kubure bakal digarang

Maring Alloh ora wirang ora gelem laku sembahyang
Iku syaiton wis terang ning jahanam Manjing jurang

Aja pada ngerasa sugih Alloh ingkang maringi sugih
Maring Alloh gawane bakti awit urip sampe mati

Sugih barang kanggo apa gage tobat gage ibadah
Gage amal gage sedekah Mumpung durung izroil teka

Izroil teka ora wara – wara
Beloli wakil roh digawa

Teka ning kubur bangete nelangsa
Mungkar nakir kang bakal nyiksa

Ana pikire arep sholat Nuli syaiton gage nyegat
Mengko tanggung durung peragat sholat ira dadi telat

Ana pikire lunga ngaji nuli syaiton terus bujuki
Pegawean durung lesi ora sida lunga ngaji

??????????????????????????????????
????????????????????????????????
Sebab tinggal ngaji dosa ora kerasa
Wong laku zina dosane banget kerasa

( Malam Senin tgl 5 Rajab 1376 H / 1956 M )

Ati cangkem ibarate roda kalih
Gerenjete ati cangkem ngucap kudu milih

Cangkem ngucap aja sekienge dewek
Cocogna karo hukum aja munafik

Cangkem iku diilmuni ilmu mentok
Emong terus muji Alloh ora entok

Cangkem iku dadi roda nomor loro
Puterna ucapna syhadat loro

Cangkem ngucap ora nganggo hukum rosul
Aja munafik umat rosul dadi ucul

Sebab cangkem buktikaken dalan hakekat
Ora cocok karo syara aja diangkat

Roda Loro

Ati muter dada siji ya ditarik
Kerenjet ati pikir bagus ingkang apik

Ati iku diilmuni ilmu bayan
Ati eling adepaken ning pangeran

Ora madep ati lali ya kapiran
Ora eling maring Allah kemusyrikan

Ati cangkem laku takwa ngati – ati
Aja musyrik munafik waktune mati

Kaya melaku maring dalan akeh eri
Tibakaken sikil loro ditengeri

Urip kita pengen jaya ning dunyane
Ayu kerasa umur entong saban dinane

Syekhuna bagi modal dikarcisi
Nurut nafsu ingkang ala ditangisi

Ayu batur pengen beli tangi bengi
Pra nabi para wali kang nulungi

Aweha torekot syahadat solawat
Cukulana tinggalana syarif hidayat

Yakin pisan ilmune luwih manfaat
Cukulana ilmu syahadat solawat

Peperangan karo nafsu pengen jaya
Eling Alloh rosulullah kang sedia

Sira ngerti senjatane ya jenaka
Urip mati ora bakal ya cilaka

Sirwenda ngarah kulon kena wetan
Mata dekeng isine dunya eling pangeran

Muji maring Alloh langka wates – watese
Yen durung manjing kubur kita awake

Manjing kubur jaluk tulung langka guna
Yen pengen selamet gage tobat kita dunya

Jasad manjing kubur sanak tangga pada balik
Ora gawe syahadat bumine gepit jerit – jerit

Murid sekhuna ingkang sabar nerima
Ana kang nacad enak bae delengana

Pada weruh ing iki zaman
Zaman iki lagi ayak – ayakan

Syekhuna ngajak – ngajak rasa kumpul
Laku sholat lan wiridan lan tawasul

Tapi kulane ora kena diatur
Ning burine sekhuna pada ibur

Dicoba maring Alloh kulane boten kuat
Sebab kulane ari dalu boten sholat

Kanjeng nabi banget melas ning umate
Ayu manut tingkah rosul ning sholate

Jubah putih ubed putih ning dunyane
Ayu dienggo ibadah sira badane

Gusti Alloh dhohir batin ya ningali
Waktu sholat ati anteng apa beli

Wong kang sholat belasar – belasar ning umume
Ayu ngerasa waktu salah bae
Qoola nadhom

Batur kabeh waktu sholat aja robah
Wedenana siksa Alloh aja gegabah

Bonggan sira duwe hukum ora diobah
Bakal lara ning dunyane luwih payah

Rampung sholat dodok tetep aja robah
Maca syahadat kaping telu dawuh abah

Ngauradaken syahadat loro wis zamane
Aja mang – mang ingkang kejem ing imane

Eling Alloh kang percaya aja mang – mang
Kabeh amal besuk maksyar ya den timbang

Eling Alloh ngunggahaken maring derajat
Gawa sunnah kanjeng nabi maring syafa’at

Tinggalana awak kita masih bodo
Ndemeni dunya tempo mati ora kanggo

Iku yakin peninggalan ingkang terang
Gawe amal akherat gagian tandang

Panas perih wong kepengen dadi santri
Tapi poma wajib sunnah aja mari

Pada nanggung ning kubur waktu ngadepan
Kepanggonan eling Alloh waktu kelaran

( Malam Ahad tgl 6 muharram 1377 H / 1956 M )

Ayu eling pumpung dunya teka setitik
Ora gelem mikir eling ora katik

Ayu batur fikirana amal akherat
Ora pada mikir yakin bakal melarat

Ayu batur luru sabar buru – buru
Durung bisa gage mangkata geguru

Aja dienak – enak dedewek bae
Ingkang wekel laku wajib lan sunnahe

Awas aja ngunggulaken ning awake
Pikirana badan banget ning rusake

Waktu dunya dikon milih werna loro
Barang bathil barang hak syahaat loro

Eling Alloh yaiku hake manusa
Dadi dosa pikir musyrik ora kerasa

Awal –awale tobat iku syahadat loro
Terus maca bersihaken jaba jero

Wongkang milih barang bathil yakin rusak
Dunya akherat nyilakani maring awak

Gage baris putih – putih sandangane
Dedungana muji terus ning atine

Waktu subuh satus sepuluh wacana
Laa ilaaha allallah dzikirana

Jaka dolog terus hadir meriksa
Kang ora manut bakal nyilakani

Para wali pada kumpul musyawarah
Nakikana tanggal 20 dulhijah

Ngerundingaken maju mundure syahadat
Gelem nampa apa beli kabeh umat

Tidak ada komentar: