(30) NURUL 'A'YUN

43 Karya Tulis/Lagu Nur Amin Bin Abdurrahman:
(1) Kitab Tawassulan Washolatan, (2) Kitab Fawaidurratib Alhaddad, (3) Kitab Wasilatul Fudlola', (4) Kitab Nurul Widad, (5) Kitab Ru'yah Ilal Habib Luthfi bin Yahya, (6) Kitab Manaqib Assayyid Thoyyib Thohir, (7) Kitab Manaqib Assyaikh KH.Syamsuri Menagon, (8) Kitab Sholawat Qur'aniyyah “Annurul Amin”, (9) Kitab al Adillatul Athhar wal Ahyar, (10) Kitab Allu'lu'ul Maknun, (11) Kitab Assirojul Amani, (12) Kitab Nurun Washul, (13) Kitab al Anwarullathifah, (14) Kitab Syajarotul Ashlin Nuroniyyah, (15) Kitab Atthoyyibun Nuroni, (16) Kitab al 'Umdatul Usaro majmu' kitab nikah wal warotsah, (17) Kitab Afdlolul Kholiqotil Insaniyyahala silsilatis sadatil alawiyyah, (18) Kitab al Anwarussathi'ahala silsilatin nasabiyyah, (19) Kitab Nurul Alam ala aqidatil awam (20) Kitab Nurul Muqtafafi washiyyatil musthofa.(21) KITAB QA'IDUL GHURRIL MUCHAJJALIN FI TASHAWWUFIS SHOLIHIN,(22) SHOLAWAT TARBIYAH,(23) TARJAMAH SHOLAWAT ASNAWIYYAH,(24) SYA'IR USTADZ J.ABDURRAHMAN,(25) KITAB NURUSSYAWA'IR(26) KITAB AL IDHOFIYYAH FI TAKALLUMIL ARABIYYAH(27) PENGOBATAN ALTERNATIF(28) KITAB TASHDIRUL MUROD ILAL MURID FI JAUHARUTITTAUHID (29) KITAB NURUL ALIM FI ADABIL ALIM WAL MUTAALLIM (30) NURUL 'A'YUN ALA QURRATIL UYUN (31) NURUL MUQODDAS FI RATIBIL ATTAS (32) INTISARI & HIKMAH RATIB ATTAS (33) NURUL MUMAJJAD fimanaqibi Al Habib Ahmad Al Kaff. (34) MAMLAKAH 1-25 (35) TOMBO TEKO LORO LUNGO. (36) GARAP SARI (37) ALAM GHAIB ( 38 ) PENAGON Menjaga Tradisi Nusantara Menulusuri Ragam Arsitektur Peninggalan Leluhur, Dukuh, Makam AS SAYYID THOYYIB THOHIR Cikal Bakal Dukuh Penagon Nalumsari Penagon (39 ) AS SYIHABUL ALY FI Manaqib Mbah KH. Ma'ruf Asnawi Al Qudusy (40) MACAM-MACAM LAGU SHOLAWAT ASNAWIYYAH (bahar Kamil Majzu' ) ( 41 ) MACAM-MACAM LAGU BAHAR BASITH ( 42 ) KHUTBAH JUM'AT 1998-2016 ( 43 ) Al Jawahirun Naqiyyah Fi Tarjamatil Faroidus Saniyyah Wadduroril Bahiyyah Lis Syaikh M. Sya'roni Ahmadi Al Qudusy.

Senin, 23 Juli 2012

maulid & isro' mi'roj


ISRO MI’ROJ (1388 H 1968 M)
ISRO MI’ROJ (1388 H 1968 M)
Sebabe mi’roj bumi langit pada urusan * Tapi hikmah karo karone pada tukaran
Jare bumi luwih bagus tinimbang sira * Alloh maesi segara gunung lan negara
Pirang-pirang wiwitan lan bengawan * Kanggo contone wog kang duwe iman
Mundak isun srengenge wulan kang berharga * Pikirana kursi ‚arsy lan suwarga
Pirang-pirang lintang buroq ana ning isun * Ora ngerti kabeh makhluk butuh ning isun
Bumi jawab pada towaf pada mursalin * Para nabi para nabi lan muslimin
Pada jiarah ing baetulloh kabe makhluk * Wetan kulon lor kidul pada njaluk
Mundak isun pada towaf malaikat * Ning baetul makmur kabeh rokh ning akherat
Ning suwarga rohe nabi lan mursalin *Lan ning isun rokhe mukmin lan mursalin
Pikirna sira langit syayidil mursalin * Onjo makhluk kekasih robbul ‘alamin
Pungkasane nabi ana ning isun * Sempurnane rerubah ana ning isun
Langit meneng ora jawab ngerasa kalah * Ana ning bumi nabi Muhammad wakile Alloh
Enggal matur langit maring Alloh * Nuhun diunggahaken rosululloh
Hai jibril kita jaluk ditekakaen * Ing brantae ati kita nyata kaken
Jibril terus masang lapak lan kendali * Tekakaken maring buroq ing kanjeng nabi
Jibriol marek ning buroq seja ngomongi * Ayu buruk mudun nekani kanjeng nabi
Buroq tangi kang maune lagi ndeluk * Ngerasa bunga kelingan asma kang ning batuk
Weruhana isra mi’raj kanjeng nabi * Kon sesuci tindakane kanjeng nabi
Wis kecerita kanjeng nabi waktu mi’roj * Ayu diraksa urip kita aja murtad
Kanjeng nabi kesah mi’roj ba’da isya * Munggah langit pitu subuh ana ning mekah
Wulan rajab bengi senen pitulikure * Waktu iku kanjeng nabi bade sare
Sayidina ja’far sayidina hamzah kanan kirine * Boten dangu dugih malaikat lorone
Nalika ngundang malaikat jibril alon-alon * Sebab ketingal kanjeng nabi siweg turon
Kanjeng nabi wonten ing hijir ismail * Nuli den timbali ning malaikat jibril
Kanjeng nabi ngerungu nuli enggal wungu * Bari ngandika kanjeng nabi sapa iku
Nuli jawab aku malaikat jibril * Nuwun ridlone panjenengan tiang adil
Malaikat loro nuli diaturi manjing * Dodok bareng sorote beningKanjeng nabi maring jibrli nuli nakoni * Dines apa iki jibril mene waktu bengi
Niki kula bakta dawuh saking pangeran * Kula mreki kengkeng ngiriomaken sampean
Kanjeng nabi nuli enggal jawab salam * Serta matur kanjeng nabi ning pangeran
Jibril nuli matur maning ing kanjeng nabi * Panjenengan kedawuhan dalu puniki
Awit makkah sampe dugih masjid aqso * Teras munggah maring langit saking kono
Malaikat jibril isun mangkat gawa apa * Serta isun ditimbali ajeng punapa
Gusti Alloh arep bendu apa ora * Apa gusti bade paring pangapura
Jibril jawab bumi langit pada urusan * Dados kula kengken ngalap panjenengan
Punten malih dalem agung sesembahan * Nyediai maring gusti kejemberan
Nunten malih gusti Alloh nyediai * Pangapura kanggeh gusti kanjeng nabi
Kanjeng nabi nuli takon ning malaikat * Pangapura kanggo isun apa nggo umat
Umat isun cilik-cilik sugih dosa * Ora olih pangapura tetep disiksa
Jibril matur gusti nabi aja melang * Umat panjenengan asal aja mang-mang
Sampun tutug malaikat loro tutur-tutur * Kanjeng nabi enggal dipun bakta sumur
Dugih sumur kanjeng nabi dikon anteng * Dipun bukah dadane sampe ning weteng
Kanjeng nabi dibedel iki perlune * Bade dipun suceni jero atine
Malaikat loro sampun beres nucenane * Lajeng dipun isi ilmu sedayane
Serta dada lan gigir wonten tulisan * Tetengere akhire jaman cape nabi
Jibril matur mangga gusti haturan mangkat * Kula bakta tunggangane kang luwih katat
Engal dandan kanjeng nabi nuli metu * Sesarengan kalian tiang tiga iku
Kanjeng nabi ngadepi buroq gegrijogan * Aja nunggang yen iki dudu utusan
Jibril nyandak ning buroq ngomongi terang * Hai buroq apa sira ora duweni wirang
Aja mangmang iki nyata kanjeng nabi * Ingkang dadi utusane Allohurrobi
Nuli buroq ning adepan gelem anteng * Ngrasa wirang sampe peningale peteng
Buroq metu keringete sebadan kujur * Sebab ngrasa kita iki ya takabur
Nuli buroq depe-depe ning kanjeng nabi * Sebab pengen enggal-enggal di tunggangi
Kanjeng nasbi nuli diaturi mangkat * Nunggang buroq dipun iring malaikat
Jibril mangkat ya sewiwine dibeber * Sebab arep barengi buroq mabur
Ya buroqe terus beber seqwiwine * Nuli mabur sampun nitih kanjeng nabine
Jibril ngiring ning tengene kanjeng nabi * Sebab jibril perlune nyekel kendali
Malaikat mikail ning kiwene kanjeng nabi * Iku perlune bari nggeceki sangga wedi
Kanjeng nabi lumaku tampa aaturan * Kengken sembahyang patang panggonan
Mula-mula mudun ning masjid madinah * Sebab iku ning kono tempate pindah
Kapindone mudun ning negara madian * Nuli sholat sampun salam enggal dangdan
Kanjeng nabi sholat niku banget kersa * Iku ning madian tapakane musa
Ping telune mudun ning gunung tursina * Kanjeng nabi mudun konoh banget bungah
Kanjeng nabi sholat maning rong rokaat * Nabi musa ning kono waktu munajat
Kaping pate mudun ning baetul lakmin * Kanjeng nabi nuli tandang sholat maning
Sasmpun salam kanjeng nabi nuli meriksa * Baetu lakmin tapakane nabi isa
Kanjeng nabi lumaku ningal perlambang * Pirang-pirang kanggo nyontohi umat
Mul-mula kanjeng nbai ningali tiang * Digiring-giring kaya wedus pirang-pirang
Pada wuda tur pada mangani eri * Enggal takon maring jibril kanjeng nabi
Jibril jawab contoh umat kanjkeng nabi * Waktu dunya ngutangi balik nganaki
Mengkin kondur saking ngeriki enggal nasehati * Maring umat aja pada gawe kianat
Mantek oragawe aman ning Negara * Lan akhire wong iku dadi sengsara
Kanjeng nabi ora leren terus amblas * Ningal malih wong lagi nggedigi endas
Endas digedig remuk pada betataran * Bener maning digedig maning terus-terusan
Esuk soreawn bengi ora berenti * Nuli takon maring jibril kanjeng nabi
Jibril jawab contoh umat panjenengan * Ngelakoni sholat ora manut ning aturan
Mengkin kondur saking riki tutur-tutura * Maring umat ngelakoni sholat aja lara wora
Aja pada ngelakoni sholat kaya wong rudat * Mengko akhir nemu siksa banget berat
Ningal malih kanjeng nabi ning wong akeh * Pada ngadepi daging lan daging menteh
Pada mangani daging menteh kang diuleri * Daging mateng kang bagus ditaroh mburi
Kanjeng nabi maring jibril enggal takon * Kabeh nabi maring umat banget open
Jibril jawab contoh umat panjennengan * Waktu dunya ningal rabine deleng wong lian
Panjenmengan mengkin kondur saking niki * Tuturana kabeh umat kon ngati-ati
Boten danguh kanjeng nabi ningali mali * Maring kaum pada nangis jelah jelih
Pada nyakari raine terus ning dada * Gocar gacer sebab nganggo kuku waja
Mulak malik tumpang tindi ora leren-leren * Kanjeng nabi maring jibril enggal takon
Jibril jawab iku contone kawula * Kang ngomonge ngrasa ora duwe dosa
Menawi mengkin panjenengan sampun kendur * Tuturana umat kabeh aja takabur
Aja bae kandane pada rerasan * Tuwas ibadah nampa siksa sing pangeran
Boten danguh kanjeng nabi ningali tiang * Sepuh sanget sandangane serupa abang
Panggone kaya masih bocah perawan * Gelang kalung lambe abang tur pupuran
Kanjeng nabi ora ningal ora nulih *  Lamon ningal maring uga blolih
Malikat jibril enggal nyentreg buroq malih * Kuatir kanjeng nabi bokan ningali
Nuli matur mlaikat jibril ning kanjeng nabi * Untung temen panjenengan boten ningali
Lamon panjenengan wau purun ningal * Mesti umat panjenengan kabeh mungal
Ora gelem kon pada ngelakoni agama * Tungkul melulu senenge ngakali dunya
Ikah wau wng wadon ganbare dunya * Katon gagah gembira nyatane hina
Mengkin ngajeg umat kabeh jaken iman * Omongana aja ucul keislaman
Boten danguh dugih ning negara palestin * kanjeng nabi niku mi’roj dohit bathin
Waktu iku kanjeng nabi pinanggihan * Klawan nabi kabeh uluk salam
Sampun dugih ning masjidil aqso kabeh * Kanjeng nabi mereng ning suara rameh
Par nabi-nabi kabeh pada mangsuli * Ning salame gusti kula kanjeng nabi
Para nabi kabeh pada ngaturaken pemuji * Untung temen bagja temen gusti nabi
Kanjeng nabi ugah mangsuli ning pemuja * Langkung bagja wong kang pada gelem muji
Manjing mesjid kanjeng nabi terus shoalt * Sampun salam terus nuli suara komat
Rampung komat para nabi bebarisan * Jibril nyandak kanjeng nabi kon dadi iman
Rampung sholat kanjeng nabi atur pamit * Medal sing masjid nyandak anda munggah langit
Awit langit sepisan tumekah pitu * Saban langit jibril jaluk bukah pintu
Alam malakut eloke luar biasa] * Oara nana padane ning alam dunya
Kita kabeh pengen mukmin kudu percaya * Mula-mula kanjeng nabi meriksa syurga
Jembar wera ning jerone banget lega * Ning jero gedong panganane werna-werna
Cukup komplit segala-gala wis ana * Gedong surga iku ana tulisane
Umat kabeh kang manut perintah gustine * Lajeng pindah kanjeng meriksa neraka
Ula kelabang kalajengking rante geni * Wong ning disiksa neraka awan engi
Kanjeng nabi meriksa neraka terang katon * Ning neraka sing akeh iku wong wadon
Waktu dunya ora syahadat ora sholat * Lan wong wadon kang ora open ning aurat
Kanjeng anbi nuli munggah ning sidrotil muntaha * Dewek bae ora karop sapa-sapa
Kanjeng nabi ngajak jibril ora gelem * Sebab ora olih ijin sing gusti dalem
Gusti nabi kula ngiring boten teras * Lamon teras mesti kula nemu tiwas
Mung semene kula gusti ya derajate * Boten sami kalih apnjenengan ya pangkate
Kanjeng nabi nulimunggah kiambekan * Dugih ngeriku kerungu suarane kolam
Kanjeng anbi terang pisan mireng koalm * Lagi nulisa amale wong sebumi alam
Waktu kanjeng nabi munggah kolam pecah * Sebab kaget ningal gusti rosululloh
Kanjeng nabi piambekan tambah jujur * Terus manjing kanjeng nabi ning khabibnur
Pirang-pirang khabib kanjeng nabi iku weruh * Sampun tutug manjing khabib nampih weruh
Kanjeng nabi nuli kelipet iku badane * Ning mega nur terus sedayane
Sira sifat basariyah jaman makan * Terus kebuka kabeh sifat kesempurnaan
Gusti Alloh nuli dawuh ninh kanjeng nabi * Hai Muhammad jaluk apa sira kon mrene
Kanjeng anbi ngaturaken nabi-nabi liyane * Abdi pasrah punapa mawon saking panjenengan
Ya Muhammad tampanana telaga kautsar lan kabeh umat * Sapa bae umate kang dipai syafa’at
Gusti Alloh nuli perintah ning kanjeng nabi * Hai Muhammad lakonana seket waktu awan bengi
Kanjeng nabi nampani dawuh saking pangeran * Nuli kondur jujug jibril kang nunggu ning dalan
Kanjeng anbi nampi kondur ning aturan * Saking nabi musa kon jaluk persudan
Bolak balik kanjeng nabi ambal ping sanga * Kari lima kanjeng anbi dikon nerima
Kanjeng nabi nuli kondur maring mekah * Bakta dawuh pengaturan saking Alloh
Kanjeng nabi kesa mi’roj ba’da isya * Munggah langit pituh subuh ana ning mekah
Ba’da dukha kanjeng nabi medal ning lawang * Nuli abu jahal liwat ngundang-ngundang
Hai Muhammad ana khabar apa bengi mau * Abu jahal nakoni bari geguyu
Kanjeng nabi jawab boten isin-isin * Wau daluh paman kula sing palestina
Ning masjid aqso pirang-pirang para nabi * Kula sholat ning riku kon ngimami
Durung tutug jawabe terus disentak * Hai Muhammad omong ira aja ngamprak
Ngaku dingin omong ira aja sekarat * Kita arep ngumpulaken kabeh rakyat
Supaya omong ira disakseni * Kabar bener apa palsu mau bengi
Mengko rakyat yen wis kumpul sira cerita * Siaraken kabar ira ingkang ceta
Aja kurang aja luwih omong ira * Yen omonge sira pengen dipercaya
Kanjeng nabi jawab mangga paman enggal-enggal * Kula nunggu rakyat ora bakal ditinggal
Abu jahal mider-mider ngundangi rakyat * Lanang wadon kon kabeh pada mangkat
Wis kumpul kabeh wong ning arsane * Kanjeng nabi tambah bungah pikirane
Sebab arep ngelahiraken kewajibane * Rakyat ngandel arep beli ngelakonane
Rakyat ngumpul abu jahal nuli ngongkon * Hai Muhammad ceritakena kabar ira aja alon-alon
Kanjeng nabi berita aken waktu ning palestin * Rakyat rameh surak-surak ngisin-ngisin
Kanjeng nabi tegak tenang terus cerita * Durung tutug ceritane ana sing banta
Wong wadone mencut-mencut ya cangkeme * Edan goroh Muhammad iku omongane
Lanag wadon tingkahe selewa-lewa * Waktu iku abu bakar kan dadi ketua
Abu bakar nuli nahan ning suara * Hai rakyat menenga dingin sementara
Iku nyata Muhammad iku omonge bener * Saking sirane nyatane keblinger
Sepine wong ana wong ngacung tangane * Hai Muhammad jaluk keterangane
Masjid aqso iku pirang kilo iku adoe * Lan lawange lan sakae pira kabehe
Malaikat jibril kebat turun gawa gambar * Kanjeng nabi rakat jawabe rakyate bubar
Rakyat bubar bari ngomong Muhammad duwe sihir * Kanjeng nabi nasehat terus sampe akhir

Tidak ada komentar: