(30) NURUL 'A'YUN

43 Karya Tulis/Lagu Nur Amin Bin Abdurrahman:
(1) Kitab Tawassulan Washolatan, (2) Kitab Fawaidurratib Alhaddad, (3) Kitab Wasilatul Fudlola', (4) Kitab Nurul Widad, (5) Kitab Ru'yah Ilal Habib Luthfi bin Yahya, (6) Kitab Manaqib Assayyid Thoyyib Thohir, (7) Kitab Manaqib Assyaikh KH.Syamsuri Menagon, (8) Kitab Sholawat Qur'aniyyah “Annurul Amin”, (9) Kitab al Adillatul Athhar wal Ahyar, (10) Kitab Allu'lu'ul Maknun, (11) Kitab Assirojul Amani, (12) Kitab Nurun Washul, (13) Kitab al Anwarullathifah, (14) Kitab Syajarotul Ashlin Nuroniyyah, (15) Kitab Atthoyyibun Nuroni, (16) Kitab al 'Umdatul Usaro majmu' kitab nikah wal warotsah, (17) Kitab Afdlolul Kholiqotil Insaniyyahala silsilatis sadatil alawiyyah, (18) Kitab al Anwarussathi'ahala silsilatin nasabiyyah, (19) Kitab Nurul Alam ala aqidatil awam (20) Kitab Nurul Muqtafafi washiyyatil musthofa.(21) KITAB QA'IDUL GHURRIL MUCHAJJALIN FI TASHAWWUFIS SHOLIHIN,(22) SHOLAWAT TARBIYAH,(23) TARJAMAH SHOLAWAT ASNAWIYYAH,(24) SYA'IR USTADZ J.ABDURRAHMAN,(25) KITAB NURUSSYAWA'IR(26) KITAB AL IDHOFIYYAH FI TAKALLUMIL ARABIYYAH(27) PENGOBATAN ALTERNATIF(28) KITAB TASHDIRUL MUROD ILAL MURID FI JAUHARUTITTAUHID (29) KITAB NURUL ALIM FI ADABIL ALIM WAL MUTAALLIM (30) NURUL 'A'YUN ALA QURRATIL UYUN (31) NURUL MUQODDAS FI RATIBIL ATTAS (32) INTISARI & HIKMAH RATIB ATTAS (33) NURUL MUMAJJAD fimanaqibi Al Habib Ahmad Al Kaff. (34) MAMLAKAH 1-25 (35) TOMBO TEKO LORO LUNGO. (36) GARAP SARI (37) ALAM GHAIB ( 38 ) PENAGON Menjaga Tradisi Nusantara Menulusuri Ragam Arsitektur Peninggalan Leluhur, Dukuh, Makam AS SAYYID THOYYIB THOHIR Cikal Bakal Dukuh Penagon Nalumsari Penagon (39 ) AS SYIHABUL ALY FI Manaqib Mbah KH. Ma'ruf Asnawi Al Qudusy (40) MACAM-MACAM LAGU SHOLAWAT ASNAWIYYAH (bahar Kamil Majzu' ) ( 41 ) MACAM-MACAM LAGU BAHAR BASITH ( 42 ) KHUTBAH JUM'AT 1998-2016 ( 43 ) Al Jawahirun Naqiyyah Fi Tarjamatil Faroidus Saniyyah Wadduroril Bahiyyah Lis Syaikh M. Sya'roni Ahmadi Al Qudusy.

Selasa, 25 April 2017

KHUTBAH LAILATUL QODAR DAN QIYAMULLAIL

خطبة الجمعة في فضل ليلة القدر وقيام الليل 21 رمضان 1430 السلام عليكم ورحمة الله وبركاته الحمد لله الذي من على عباده بمواسم الخيرات ، ووفق من شاء منهم لاغتنام هذه المواسم بفعل الحسنات ، وخذل من شاء منهم ، فكان حظه التفريط والخسران والندامات ، وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له رب الأرض والسماوات وواسع الكرم والجود والهبات ، وأشهد أن سيدنا ومولانا محمدا عبده ورسوله أفضل المخلوقات . اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى آله وأصحابه والتابعين لهم بإحسان مدى الدهور والأوقات أما بعد ، فيا عباد الله – اوصيكم ونفسى بتقوى الله تعالى وطاعته فى السر والعلن وفيما ظهر وما بطن ، واتقوا الله لعلكم تفلحون . Kaum muslimin rohimakumullah, Monggo kito ngatah-ngatahaken anggen kito taqwa dumateng Allah SWT, kanti netepi punopo ingkang dados perintah2 ipun Allah, soho nebihi punopo ingkang dados larangan2 ipun Allah, sami ugi wekdal samar utawi wekdal ngedeng. Monggo kito jagi iman kito, ampun ngantos kito pejah kejawi netepi agami Islam. أيها الناس ، اغتنموا مواسم الخير بعمارتها بما يقرب إلى ربكم ، واحذروا من التفريط والإضاعة ، فستندمون على تفريطكم وإضاعتكم . إخواني من لم يربح في هذا الشهر الكريم ، ففي أي وقت يربح ، ومن لم يُنب فيه مولاه ، ففي أي وقت ينيب ويصلح ، ومن لم يزل متقاعدا عن الخيرات ، ففي أي وقت تحصل له الإستقامة ويفلح ، فبادروا يرحمكم الله فرص هذا الشهر قبل فواتها ، واحفظوا نفوسكم عما فيه شقاؤها وهلاكها ، ألا وإن شهركم الكريم قد أخذ بالنقص والاضمحلال ، وشارفت لياليه ، وأيامه الثمينة على الانتهاء والزوال ، فتداركوا أيها المسلمون ما بقي منه بصالح الأعمال ، وبادروا بالتوبة من ذنوبكم لذي العظمة والجلال ، واعلموا أن الأعمال بالخواتيم ، فأحسنوا الختام لقد مضى من هذا الشهر الكريم الثلثان ، وبقي منه الثلث وقت العشر الحسان ، فاغتنموها بالعزائم الصادقة ، وبذل المعروف والإحسان ، وقوموا في لياليها لربكم خاضعين ، ولبره وخيراته راجين ومؤملين، ومن عذابه وعقابه مستجيرين مستعيذين ، فإنه تعالى أكرم الأكرمين وأرحم الراحمين ، وهو الذي يقول : { وَإِذَا سَأَلَكَ عِبَادِي عَنِّي فَإِنِّي قَرِيبٌ أُجِيبُ دَعْوَةَ الدَّاعِ إِذَا دَعَانِ فَلْيَسْتَجِيبُوا لِي وَلْيُؤْمِنُوا بِي لَعَلَّهُمْ يَرْشُدُونَ. Kaum muslimin rahimakumullah, Wulan Ramadan sampun bade telas, tamu agung sampun bade wangsul, ibadah siyam kita sampun kelampah kalih pertelon, kantun sak pertelon malih. Inggih sepertelon ingkang paling utami sak lebete wulan Ramadan. Amargi wulan Ramdan meniko dipun bagi tigang bagian. شهر اوله رحمة واوسطه مغفرة واخره عتق من النار Sepertelon pertama Allah SWT nurunaken rahmatipun kanti melimpah ruah, ingkang sepertelon malih Allah nurunaken maghfirah lan ingkang kaping tiganipun Allah mbebasaken saking neraka dating kawulanipun ingkang beriman. Monggo wonten ing kesempatan ingkang sahe meniko kito ginaaken kangge muhasabah dateng amal perbuatan kita, kangge memperbaiki kesalahan-kesalahan kita, lan kangge nusuli prilaku kita ingkang mboten sahe, kita ganti mawi ngatah-ngatahaken amal solih, salat tarawih, salat tasbih, tahajjud, sedekah lan sanes-sanesipun. Monggo wulan Ramadan meniko kita manfaataken ingkang sahe. Ampun ngantos wulan Ramadan meniko telas lan tamu agung meniko wangsul tanpa makna. Mangke kita bakal tuno lan getun. Menawi kita mboten pikantuk berkah lan keuntungan sak lebetipun wulan Ramadan meniko, lajeng kapan maleh kita seget merkoleh keuntungan. Awit wulan Ramadan meniko wulan panen ganjaran. Ibadah sunnah dipun ganjar kados ibadah wajib, ingkang wajib dipun tikelaken 70 tikelan. Tilemipun mawon kaitung ibadah, kendelipun bertasbih, lan do'aipun mustajab. Monggo kita ginaaken wulan Ramadan ingkang kantun 1/3 meniko kangge jungkung ibadah lan nyenyuwun dating Allah : يقول الله عز وجل : { وَإِذَا سَأَلَكَ عِبَادِي عَنِّي فَإِنِّي قَرِيبٌ أُجِيبُ دَعْوَةَ الدَّاعِ إِذَا دَعَانِ فَلْيَسْتَجِيبُوا لِي وَلْيُؤْمِنُوا بِي لَعَلَّهُمْ يَرْشُدُونَ } (Hai Muhammad, Yen kawulaku pada takon marang seliramu ngengingi Ingsun, Sak temene Ingsun iku parek, Ingsung bakal ngijabahi wong sing podo do'a lan nyuwun maring Ingsun. Mula supoyo podo nyuwun maring Ingsun lan imam maring Ingsun, supoyo podo pikantuk kabekjan). . وهو الذي ينزل كل ليلة إلى السماء الدنيا حين يبقى ثلث الليل الآخر ، فيعرض على عباده الجود والكرم والغفران يقول : من يدعوني فأستجيب له ؟ من يسألني فأعطيه ؟ من يستغفرني فأغفر له ؟ Saben-saben dalu Allah SWT nurunaken rahmatipun ngantos dumygi sepertelon dalu ingkang akhir (fajar) nawaraken dating kawulanipun maghfirah lan pinten-pinten peparing. Allah dawuh : Sopo sing donga bakal tak sembadani, lan sopo sing nyuwun maring Ingsun, bakal tak paringi, lan sopo sing nyuwun ngapuro, bakal tak ampuni. ايها المسلمون ، وفي هذا العشر ليلة القدر المباركة التي يفرق فيها كل أمر حكيم ، ويقدر فيها ما يكون في تلك السنة بإذن العزيز العليم الحكيم تنزل فيها الملائكة من السماء ، وتكثر فيها الخيرات والمصالح والنعماء ، من قامها إيمانا واحتسابا غفر له ما تقدم من الذنوب ، ومن فرط فيها ، وحرم خيرها فهو الملوم المحروم ، أبهمها الله تعالى في هذه العشر ، فلم يبين عينها ليتزود الناس في جميع ليالي العشر من التهجد والقراءة والإحسان ، وليتبين بذلك النشيط في طلب الخيرات من الكسلان ، فإن الناس لو علموا عينها لاقتصر أكثرهم على قيام تلك الليلة دون ما سواها . ولو علموا عينها ما حصل كمال الامتحان في علو الهمة وأدناها ، فاطلبوها رحمكم الله بجد وإخلاص ، واسألوا الله فيها الغنيمة من البر والخيرات والسلامة من الافلاس ، Kaum muslimin rahimakumullah, Wonten ing sak lebetipun 10 dinten ingkang akhir meniko, Allah nurunaken malam lailatul qadr, Allah nentoaken punopo mawon ingkang bakal kedadosan sak lebetipun setahun. Malam seribu bulan ingkang penuh berkah. Sinten ingkang nglampahi qiyamullail wonten ing malam lailatul qadr kanti iman bilih meniko haq, lan nyumprih ganjaran saking Allah mboten keranten riya' lan sum'ah, milo dosa-dosanipun bakal diampuni dining Allah. Sinten ingkang pepeko soho mboten saget manfaataken fadlal ingkang agung meniko, milo bakal rugi lan kaling-kalingan pinten-pinten kesahenan. Allah pancen sengaja nyamaraken tumibane malam lailatul qadr, supados sami berusaha kanti sak estu wonten ing sak lebetipun sedoso dalu meniko, kanti salat tarwih, tahajjud, darusan Al Qur'an lan sanesipun. Soho kangge bedaaken pundi tiyang ingkang sregep lan pundi tiyang ingkang males. Amargi menawi dipun tentuaken wonten dalu tertentu, tentu tiyang-tiyang kala wahu namung mempeng ibadah ing setunggal dalu kasebat lan ngosongaken dalu-dalu sanesipun. Menikolah ujian kangge kito sedoyo supados kita meniko tansah sregep ibadah lan waspada. Mugi-mugi kita sedoyo pikantuk malam lailatul qadr ingkang ibadah qiyamullail sepindah kemawon langkung utami tinimbang ibadah sewu wulan utawi sami kalih 84 tahun. Dipun riwayataken, Arikolo Rasulullah cerito kehebatanipun ummat rumiyin ingkang umuripun panjang lan fisikipun kuat tur semangatipun ibadah meniko inggil. Ngantos wonten salah setunggaling tiyang Bani Israil ingkang dalunipun qiyamullail lan rintenipun poso soho memanggul senjata perang fi sabilillah. Milo para sahabat Nabi Muhammad lajeng sami nelongso rumongso kalah perolehanipun ganjaran dibanding ummat zaman rumiyin ingkang kados mekaten hebatipun. Milo Allah SWT lajeng nurunaken surat Al Qadr : { إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ }{ وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ }{ لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ }{ تَنَزَّلُ الْمَلَائِكَةُ وَالرُّوحُ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ أَمْرٍ }{ سَلَامٌ هِيَ حَتَّى مَطْلَعِ الْفَجْرِ } . Sak temene Ingsun wus nurunaken Al Qur'an ono ing malam lailatul qadr. Opo seliramu weruh, opo malam lailatul qadr kuwi?!. Malam lailatul qadr kuwi malam kang luwih utomo tinimbang ibadah 1000 wulan. Para Malaikat lan Jibril pada mudun songko langit ono ing bumi kanti pikantuk izine Allah ngatur klabeh urusan. Malam kuwi kebak reroba lan kesejahteraan sak hinggo mletek fajar. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : تحروا ليلة القدر فى الوتر من العشر الاواخر من رمضان . رواه البخارى Becik pada ngadang malam lailatul qadr ana ing tanggal ganjil sepuluh dina kang akhir wulan Ramadan. HR. Al Bukhari. Salah setunggaling tanda temurunipun malam lailatul qadr meniko dalunipun cuaca cerah mboten katah anginipun lan enjingipun serngenge redup mboten nyorotaken sinar kanti serah. Menurut ba'dlul Arifin ; sorotipun serngenge meniko kaling-kalingan kalayan suwiwine para malaikat ingkang sami minggah ing langit. Menawi kita saget meningi malam lailatul qadr, sageta kita ginaaken kangge jungkung qiyamullail mulai salat Isya' berjamaah, tarwih, saalat tasbih lan tahajjud saha ngatah-ngatahaken dzikir. Keranten Rasulullah dawuh : : من قام ليلة القدر ايمانا واحتسابا غفر له ما تقدم من ذنبه Sopo wonge salat qiyamullail ing malam lailatul qadr kerana iman lan numprih ganjaran saking Allah, mula dosa-dosane kang wis kliwat bakal diampuni Allah SWT. Pramila monggo kita cegat malam lailatul qadr kanti ngatah-ngatahaken amal salih lan nyenyuwun dateng Allah. Ibu A'isyah ra matur dateng Rasulullah; Ya Rasulallah, do'a nopo ingkang sae dipun waos menawi meningi malam lailatul qadr. Rasulullah jawab : Becik moco do'a iki; اللهم انك عفو كريم تحب العفو فاعف عنى Ya Allah, sak estu Panjenengan meniko Dzat Ingkang katah pangpuntenipun lan Dzat Ingkang Maha Mulyo, ingkang remen paring pangapuro dateng kawulanipun, Ya Allah Kita nyuwun pangapunten Ya Allah. Hadirin Jum'ah rahimakumullah, Kangge ndugeaken siyam kita ingkang kantun seprotigan wulan meniko, monggo kita jagi siyam kita supados pikantuk ganjaran siyam ingkang berkwalitas prima. Kita jagi lisan kita ampun kangge ngendikan goroh, ngrasani tiyang, adu-adu lan pisuh-pisuhan. Kita jagi mripat lan talingan kita ampun kita damel ningali lan mirengaken perkawis haram. Sebab sedoyo kalawahu seget ngrusak ganjaran siyam ingkang kita lampahi. كم من صائم لايجد من صيامه الا الجوع والعطش وكم من قائم لايجد من قيامه الا السهر Katah sanget tiyang siyam, piyambakipun namun pikantuk rasa luwe lan ngorong. Katah sanget tiyang qiyamullail, piyambakipun namung pikantuk kesel lan karipan. Sedoyo kalawahu keranten anggenipun siyam lan qiyamullail mboten netepi adab lan tatacara ingkang leres. Wekdal siyam lesanipun mandek mboten dahar lan minum, tapi goroh, ngapusi, ngrasani lan misuhi jalan terus. Rinten puasa mboten dahar daharan ingkang halal, tapi malamipun buko mawi daharan ingkang haram. Meniko sami kaliyan mbangun istana ngkang megah ing tengah2 kota, tapi kota tempat istananipun meniko dihancuraken piyambak. Langgih percuma. Menawi siyam kita meniko berkwalitas, siyam meniko mahes-mahesi pribadi kita, dados pribadi ingkang salih lan santun saha nginggahaken derajat hingga ngantos nyerupai malaikat amargi mboten dahar lan minum saha mboten berhubungan suami istri. Pramilo nalika malam lailatul qadr mangke para malaikat sami mandap saking langit wonten ing bumi, sami buktiaken bilih ternyata para menuso ingkang dados kholifatullah ing bumi mboten kados ingkang dipun duga/nyono, inggih meniko damel kerusakan ing muka bumi, tukaran, permusuhan lan paten-patenan. Ternyata para menuso katah ingkang taat dating Allah, sami siyam, salat, ruku', sujud, maca tasbih lan tahmid. Mila lajeng sami nyalami maringi ucapan selamat dateng para shoimin lan shoimat ngantos dumugi mletek fajar - salaamun hiya hattaa mathla'il fajr. طوبى لمن جاهد نفسه فى هذا الشهر الكريم لارضاء مولاه العزيز الحكيم ، والخيبة كل الخيبة لمن اتبع هواه واستغرق اوقاته فى اسباب الحرمان من الاجر العظيم . ومن جاهد فأنما يجاهد لنفسه ومن اساء فعليها ان الله لغنى عن العالمين . Bejo sanget tiyang ingkang sregep ibadah ngekang hawa nafsunipun wonten ing wulan Ramadan meniko keranten pados ridlanipun Allah Ta'ala. Tuna sanget tiyang ingkang nuruti hawa nafsunipun saha nelasaken waktunipun kangge nglampahi perkawis ingkang saget ngaling-ngalingi ganjaran ingkang ageng senget. Padahal tiyang ingkang purun mujahadah sregep ibadah lan purun ngempet hawa nefsunipun meniko manfaatipun bakal wangsul dateng awakipun piyambak. Tiyang ingkang nglampahi ma'siyat lan kejahatan, kerugian lan kesengsaraan bakal menimpa dating awakipun piyambak. Piwalesipun Allah saget ugi dipun tumibaaken wonten ing ndonya lan akhirat. Saget ugi dipun sranteaken benjing menawi sampun wonten akhirat. Allah SWT boten butuh dumateng alam semesta meniko, termasuk kita sedaya. Balik kita sedaya meniko ingkang butuh dateng kawelasanipun Allah. فاتقوا الله عباد الله ، واعملوا صالحا واخلصوا العبادة لله وحده ، فان الاخلاص شرط فى قبول الاعمال الصالحة. والله سبحانه وتعالى يقول وبقوله يهتدى المهتدون . واذا قرىء القرأن فاستمعوا له وانصتوا لعلكم ترحمون أعوذ بالله من الشيطان الرجيم { إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ }{ وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ }{ لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ }{ تَنَزَّلُ الْمَلَائِكَةُ وَالرُّوحُ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ أَمْرٍ }{ سَلَامٌ هِيَ حَتَّى مَطْلَعِ الْفَجْرِ } . بارك الله لى ولكم فى القرأن العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم . أقول قولى هذا واستغفر الله العظيم لى ولكم ولوالدى ووالديكم ولمشايخى ومشايخكم ولسائر المسلمين والمسلمات فاستغفروه انه هو الغفور الرحيم .

Tidak ada komentar: