(30) NURUL 'A'YUN

43 Karya Tulis/Lagu Nur Amin Bin Abdurrahman:
(1) Kitab Tawassulan Washolatan, (2) Kitab Fawaidurratib Alhaddad, (3) Kitab Wasilatul Fudlola', (4) Kitab Nurul Widad, (5) Kitab Ru'yah Ilal Habib Luthfi bin Yahya, (6) Kitab Manaqib Assayyid Thoyyib Thohir, (7) Kitab Manaqib Assyaikh KH.Syamsuri Menagon, (8) Kitab Sholawat Qur'aniyyah “Annurul Amin”, (9) Kitab al Adillatul Athhar wal Ahyar, (10) Kitab Allu'lu'ul Maknun, (11) Kitab Assirojul Amani, (12) Kitab Nurun Washul, (13) Kitab al Anwarullathifah, (14) Kitab Syajarotul Ashlin Nuroniyyah, (15) Kitab Atthoyyibun Nuroni, (16) Kitab al 'Umdatul Usaro majmu' kitab nikah wal warotsah, (17) Kitab Afdlolul Kholiqotil Insaniyyahala silsilatis sadatil alawiyyah, (18) Kitab al Anwarussathi'ahala silsilatin nasabiyyah, (19) Kitab Nurul Alam ala aqidatil awam (20) Kitab Nurul Muqtafafi washiyyatil musthofa.(21) KITAB QA'IDUL GHURRIL MUCHAJJALIN FI TASHAWWUFIS SHOLIHIN,(22) SHOLAWAT TARBIYAH,(23) TARJAMAH SHOLAWAT ASNAWIYYAH,(24) SYA'IR USTADZ J.ABDURRAHMAN,(25) KITAB NURUSSYAWA'IR(26) KITAB AL IDHOFIYYAH FI TAKALLUMIL ARABIYYAH(27) PENGOBATAN ALTERNATIF(28) KITAB TASHDIRUL MUROD ILAL MURID FI JAUHARUTITTAUHID (29) KITAB NURUL ALIM FI ADABIL ALIM WAL MUTAALLIM (30) NURUL 'A'YUN ALA QURRATIL UYUN (31) NURUL MUQODDAS FI RATIBIL ATTAS (32) INTISARI & HIKMAH RATIB ATTAS (33) NURUL MUMAJJAD fimanaqibi Al Habib Ahmad Al Kaff. (34) MAMLAKAH 1-25 (35) TOMBO TEKO LORO LUNGO. (36) GARAP SARI (37) ALAM GHAIB ( 38 ) PENAGON Menjaga Tradisi Nusantara Menulusuri Ragam Arsitektur Peninggalan Leluhur, Dukuh, Makam AS SAYYID THOYYIB THOHIR Cikal Bakal Dukuh Penagon Nalumsari Penagon (39 ) AS SYIHABUL ALY FI Manaqib Mbah KH. Ma'ruf Asnawi Al Qudusy (40) MACAM-MACAM LAGU SHOLAWAT ASNAWIYYAH (bahar Kamil Majzu' ) ( 41 ) MACAM-MACAM LAGU BAHAR BASITH ( 42 ) KHUTBAH JUM'AT 1998-2016 ( 43 ) Al Jawahirun Naqiyyah Fi Tarjamatil Faroidus Saniyyah Wadduroril Bahiyyah Lis Syaikh M. Sya'roni Ahmadi Al Qudusy.

Selasa, 25 April 2017

KHUTBAH FADLILAH SYA'BAN

خطبة الجمعة عن فضل شعبان 16 شعبان 1430 السلام عليكم ورحمة الله وبركاته الحمد لله الذى جغل شهر شعبانَ موسما للخيرات ، وتجَلَّى فيه على العباد واعطاهم كثيرا من الحسنات ، وغفر لهم الذنوب وانزل عليهم الرحمة والبركات ، لااله الا هو عالمُ الغيب والشهادة عزيزُ الحكيم ، احمده سبحانه وتعالى واشكره على ما تفضل علينا من جزيل الانعام ، واستغفره وأشهد ان لااله الا الله ذو الجلال والاكرام . وأشهد ان محمدا رسول الله سيد الانام . اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى اله وصحبه الكرام . أما بعد ، فيا عباد الله - أوصيكم ونفسى بتقوى الله فى السر والعلن وفيما ظهر وما بطن ، واتقوا الله واطيعوه لعلكم تفلحون Kaum muslimin rohimakumullah, Monggo kito ngatah-ngatahaken anggen kito taqwa dumateng Allah SWT, kanti netepi punopo ingkang dados perintah2 ipun Allah, soho nebihi punopo ingkang dados larangan2 ipun Allah, sami ugi wekdal samar utawi wekdal ngedeng. Monggo kito jagi iman kito, ampun ngantos kito pejah kejawi netepi agami Islam. ايها المسلمون ، افيقوا من غفلتكم وتداركوا ما ماتاكم ، فهذا شهر شعبان المكرم الذى انشق فيه القمر معجزةً للرسول الاكرم ، شهرٌ قد عظم فضلُه وهو المُبَشِّرُ بمجيىء رمضان المعظم ، فسارعوا فيه الى الطاعات ولا ترتدوا على ادباركم فتنقلبوا خاسرين . فتمسكوا بتقوى الله يَمْنَحْكمْ كرامةَ الاحسان والله ولى المتقين . Kaum muslimin ingkang minulyo, Monggo kito sadar dating kelalaian ingkang selama ini kito lampahi, monggo kito susuli perbuatan2 ma'siyat kito mawi amal2 sholih lan ngatah21aken anggen kito taat dating Allah SWT. Sak meniko sampun wulan Sya'ban ingkang mulyo, wulan ingkang nate wonten kedadosan peristiwa besar inggih meniko mu'jizat sigare bulan dados kalih minonggko mu'jizatipun Rasulullah SAW. Arikolo wonten ing malam Nisfu Sya'ban Kanjeng Muhammad SAW dipun tantang tiyang2 Kafir Makkah ; Hai Muhammad yen pancen seliramu kuwi Nabi temenan, jajal bulan kuwi pecaho dadi loro. Kanjeng Nabi lajeng tadlorru' nyuwun dating Allah supados paring mu'jizat kangge nguyataken da'wahipun, lajeng sak estu bulan ingkang asalipun ketingal bunder saget sumilak pisah dados kalih bagian. Inga sebagian ketingal wonten ing arah gunung abi Qubais arah kidule Ka'bah, lan ingkang sebagian malih ketingal wonten ing arah gunung Quaiqian arah sak lere Ka'bah. Peristiwa meniko dipun sakseaken deneng masyarakat Makkah lan sekitaripun, ngantus rombongan kafilah pedagang ingkang taksih wonten perjalanan menuju Makkah inggih derek nyakseaken peristiwa ingkang luar biasa meniko. Ahli sihir saat niku mengakui, bilih meniko sak estu mu'jizat boten sihir. Sebab kekuatan sihir mbiten saget kados mekaten hebatipun. Kejawi meniko, wulan Sya'ban ugi minongko wulan persiapan kangge ngadepi wulan Ramadlan ingkang penuh rahmat, berkah lan maghfirah. Keranten meniko, monggo kita cepet2 ndandani awak kito kanti ngatah2aken taat dating Allah, sregep ibadah lan amal2 shalih. Kito mareni lan kito stop perbuatan2 ingkang mboten sahe, kito susuli mawi taqorrub dating Allah lan menjalin persaudaraan kanti saling memaafkan lan silaturrahim soho sedekah kangge pribadi kito piyambak utawi kangge poro tiyang sepuh lan leluhur kito ingkang sampun sumare. ايها المسلمون رحمكم الله ، ففضل رجب فى العشر الاول لان فيه اليوم الاول من رجب ، فقد قال صلى الله عليه وسلم : خمس ليال لا ترد فيهن الدعوة : أول ليلة من رجب وليلة النصف من شعبان وليلة الجمعة وليلة الفطر وليلة النحر " اخرجه السيوطى رحمه الله فى الجامع عن ابن عساكر عن ابى امامة رصى الله عته. Wonten 5 dalu do'a-do'a mboten dipun tulak; ingghih meniko; malam pertama wulan Rajab, malam Nisfu Sya'ban, malam Jun'ah, malam Idl Fitri lan malam Idil Adlha. Saking mulyane wulan Rajab ngantos dopun sandaraken lan dipun idlofahaken kalih asmanipun Allah. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : رجب شهر الله وشعبان شهري ورمضان شهر أمتي " اخرجه السيوطى رحمه الله فى الجامع Wulan Rajab iku wulane Allah, wulan Sya'ban iku wulan ingsun lan wulan Ramadlan iku wulane ummat ingsun. وفضل شعبان فى العشر الاوسط لان فيه ليلة النصف من شعبان، لبلةٌ تُفتحُ فيه ابوابُ السماء وابوابُ الرحمة والمغفرة ، فيغفر الله تعالى لجميع من لايشرك به الا من كان ساحرا او كاهنا او مشاحنا او مدمن خمر او مصرا على الزنا او على الربا او عاقا لوالديه او نماما او قاطع رحم ، فان هؤلاء لايغفر لهم حتى يتوبوا او يتركوا . Utaminipu wulan Sya'ban meniko wonten ing 10 dinten ingkang tengah, sebab wonten malam Nisfu Sya'ban. Malam pintu langit, pintu rahmat lan maghfirah dipun bikak. Wonten ing malam Nisfu Sya'aban Alla SWT ngapuro dating sedoyo dosanipun tiyang mu'min ingkang mboten berbuat syirik l nyekutoaken dating Allah, kejawi tukang sihir, kahin (para normal), seneng tukaran, pemabuk', penzina, rentenir, anak durhaka, profokator (tukang adu2) lan tiyang ingkang tali seduluran. Tiyang2 meniko mboten dipun ngapuro dosa2nipun sak hingga taubat lan ninggalaken perbuatanipun kala wahu. وفضل رمضان فى العشر الاخر لان فيه ليلة القدر، لبلة انزل فيه القرأن جملة واحدة من اللوح المحفوظ الى السماء الدنيا ثم كان جبريل عليه السلام ينزل به على النبى صلى الله عليه وسلم نجوما فى ثلاث وعشرين سنة . Utaminipun wulan Ramadlan meniko wonten ing 10 dinten ingkang akhir, sebab wonten lallatul Qadar. Setunggaling dalu temurune Al Qur'an saking lauhul Mahfudz dating langit ndonya utuh 30 juz, lajeng Malaikat Jibril nurunaken dating Kanjeng Nabi Muhammad secara berangsur-angsur selama 23 tahun. Kaum muslimin rahimakumullah, Wulan Rajab lan Sya'ban meniko minongko wulan persiapan kangge mapak dumuginipun wulan Ramadlan. Pramilo menawi dumugi wulan Rajab lan Sya'ban, Rasulullah do'a ; اللهم كما بلغتنا رجب وشعبان بلغنا رمضان Ya Allah, panjenengan sampun maringi umur panjang ngantos meningi wulan Rajab lan Sya'ban , mugi –mugi panjengan kerso paring panjang umur ngantos meningi wulan Romadlon. رجب شهر القاء البذر وشعبان شهر السقى ورمضان شهر الحصاد Wulan Rajab wulan kanggo nebar lan nandur amal-amal sholeh, wulan Sya'ban wulan kanggo nyirami tanduran amale kanti ndepe-ndepe maring Allah lan wulan Ramadlan wulan panen ganjaran. Sebab wonten ing wulan Ramadlan Allah SWT ngesokaken pinten-pinten ganjaran lan rahmat. Ngantos saking welase Allah dating kito, amal sunnah ingkang dipun lampahi wonten ing wulan Ramadlan dipun ganjar kados amal wajib, lan amal wajib dipun tikelaken ganjaranipun ngantos pitung puluh tikelan. Rehning mekaten, monggo kito mujahadah lan nemen-nemeni anggen kito ibadah terutama wonten ing wulan Sya'ban ingkang kantun sepalih meniko. Punopo malih wulan Sya'ban meniko minongko wulan kangge nyirami tanduran amal sholeh kito ingkang sampun kito tanem selama berbulan2. Menawi mboten kito sirami mawi amal2 sholeh, kito kawatir menawi gabug, mboten saget berbuah ganjaran ingkang mentes. Mumpung taksih jembar kalangane lan padang bulane, monggo kita manfaataken sisa2 umur kito kangge nyelengi lan nandur kesaenan. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : اغتنم حمسا قبل خمس : شبابك قبل هرمك ، وفراغك قبل شغلك ، وغناك قبل فقرك ، وصحتك قبل سقمك ، وحباتك قبل موتك Becik manfaatnoo limang perkoro sak durunge ketekan limang perkoro : wektu enommu sak durunge tuwo, wektu senggangmu sak durungi sibuk, wktu sugihmu sak durunge fegir, wektu sehatmu sak durunge sakit, lan waktu uripmu sak durune mati. ايها المسلمون ، فضَّلَ اللهُ الشهورَ والايام والاوقات بعضَها على بعض كما فضل الله الرسلَ والاممَ بعضَها على بعض ، لتتبادرَ النفوسُ وتتسارعَ القلوبُ الى احترامِها وتتشوَّقُ الارواحُ الى احيائها بالتعبد فيها ويُرَغِّبُ الخلقَ فى فضائلها . Kaum muslimin rahimakumullah, Allah SWT ngutameaken wulan, utawi dinten lan wekdal setunggal lan setunggalaipun, semanten ugi Allah ngutameaken para rasul lan ummat setunggal lan setunggalipun meniko kangge maringi werno lan fariasi ibadah supados manah kito meniko bronto lan cepet2 anggenipun ngegungaken dating wulan lan wekdal ingkang mulyo meniko. وأما تضاعف الحسنات فى بعضها فمن المواهب اللدنية والاختصاصات الربانية – Wondene kelipatan ganjaran dating salah setunggaling ibadah setunggal lan setunggalipun, meniko fadlal lan anugrah saking ngarsanipun Allah SWT. ذلك فضل الله يؤتيه من يشاء والله ذو الفضل العظيم . Meniko fadlal saking Allah ingkang dipun paringaken dening Allah SWT dating sinten kemawon ingkang dipun kersaaken Allah, Allah Dzat ingkang anggadahi fadlal ingkang agung. وكما ان الله تعالى شرف وفضل بعض الشهور على بعض ، فكذلك شرف الله الاعمال الصالحة بحسب شرف النيات والمقاصد الباعثة . Kejawi mulyaaken wulan lan wkdal setunggal lan setunhggalipun, Alla SWT ugi mulyaaken amal2 sholeh sesuai kalayan mulyanipun niat lan tujuan قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : انما الاعمال بالنيات وانما لكل امرىء ما نوى فمن كانت هجرته الى الله ورسوله فهجرته الى الله ورسوله ومن كانت هجرته الى الدنيا يصيبها او امرأة ينكحها فهجرته الى ما هاحر اليه . Kabeh amal iku opo jare niyate, sing sopo wonge hijrah kerono Allah lan Rasulullah, mula Allah bakal paring ganjaran lan sing sopo wonge hijroh kerana numrih dunyo utowo wanito, mulo piwalese sesuai tujuanne yoiku donyo lan wanito kang dituju, ora pikantuk ganjaran saking Allah SWT. وشرف النية فى العمل ان يؤدى لله خالصا لوجهه الكريم غيرَ مَشُوبٍ بغرض اخر . Amal perbuatan ingkang sahe inggih meniko menawi anggen kito nglampahi meniko tanpo pamrih ateges namung mligi keranten Allah SWT Niyat meniko dados pangkal sedoyo amal perbuatan kito. كم من عمل الدنيا يصير عمل الاخرة بحسن النية وكم من عمل الاخرة يصير عمل الدنيا بسوء النية. Katah sanget amal perbuatan ingkang menawi dipun tingali meniko ngrupeaken pekerjaan dunia kados pekerjaan sehari hari, nyambut damel dating peken, dating saben lan pabrik, nemun keranten kanti niat netepi kuwajiban pados maisyah kangge paring nafaqah keluarga lan kangge sangu ibadah, mila anggenipun nyambut damel kaitung ibadah lan pikantuk ganjaran saking Allah SWT. Sak wangsulpun, ketingalipun sedekah lan infaq kangge pembangunan sarana ibadah, tapi keranten niatipun mboten sahe inggih meniko supadus dipuji deneng tiyang sanes, supados diwestani dermawan, milo ganjaranipun inggih pengalemane tiyang kolo wahu. Keranten meniko monggo kito toto niyat kita ingkang sahe, supados pikantuk ganjaran saking Allah SWT lan benjing wonten ing akhirat saget kito unduh. الدنيا مزرعة الاخرة ان خيرا فخير وان شرا فشر Alam donyo meniko minongko ladang kangge nandur amal ingkang bade kito unduh wonten ing akhirat benjing. Menawi kito nandur kesahenan kanti ngatah2aken taat dateng Allah lan menjalin hubungan ingkang sahe kalih tonggo tepalihipun lan dating tiyang Islam sanesipun, milo kito bakal ngunduh ganjaran saking Allah. Menawi kito nandur kejahatan lan numpuk2 ma'siyat dating Allah, milo benjing wonten akhirat inggih bakal pikantuk adzab saking Allah. Wonten ing wulan Sya'aban meniko, monggo kito susuli amal perbuatan kito ingkang kirang sahe , mawi amal2 sholeh lan taqarrub dating Allah soho saling memaafkan dating sesame konco lan tonggo tepalih. Sebab amal2 kesahenan meniko saget nglebur dosa2 alit ingkang kito perbuat. Menawi dosa ageng meniko kedah taubat lan kapok mboten bade nglampahi malih tur menyesali dating perbuatanipun. فاتقوا الله عباد الله ، واعملوا صالحا واخلصوا العبادة لله وحده ، فان الاخلاص شرط فى قبول الاعمال الصالحة. والله سبحانه وتعالى يقول وبقوله يهتدى المهتدون . واذا قرىء القرأن فاستمعوا له وانصتوا لعلكم ترحمون أعوذ بالله من الشيطان الرجيم {وَأَقِمِ الصَّلاةَ طَرَفَيِ النَّهَارِ وَزُلَفاً مِنَ اللَّيْلِ إِنَّ الْحَسَنَاتِ يُذْهِبْنَ السَّيِّئَاتِ ذَلِكَ ذِكْرَى لِلذَّاكِرِينَ، وَاصْبِرْ فَإِنَّ اللَّهَ لا يُضِيعُ أَجْرَ الْمُحْسِنِينَ} [هود: 114-115] بارك الله لى ولكم فى القرأن العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم . أقول قولى هذا واستغفر الله العظيم لى ولكم ولوالدى ووالديكم ولمشايخى ومشايخكم ولسائر المسلمين والمسلمات فاستغفروه انه هو الغفور الرحيم .

Tidak ada komentar: