(30) NURUL 'A'YUN

43 Karya Tulis/Lagu Nur Amin Bin Abdurrahman:
(1) Kitab Tawassulan Washolatan, (2) Kitab Fawaidurratib Alhaddad, (3) Kitab Wasilatul Fudlola', (4) Kitab Nurul Widad, (5) Kitab Ru'yah Ilal Habib Luthfi bin Yahya, (6) Kitab Manaqib Assayyid Thoyyib Thohir, (7) Kitab Manaqib Assyaikh KH.Syamsuri Menagon, (8) Kitab Sholawat Qur'aniyyah “Annurul Amin”, (9) Kitab al Adillatul Athhar wal Ahyar, (10) Kitab Allu'lu'ul Maknun, (11) Kitab Assirojul Amani, (12) Kitab Nurun Washul, (13) Kitab al Anwarullathifah, (14) Kitab Syajarotul Ashlin Nuroniyyah, (15) Kitab Atthoyyibun Nuroni, (16) Kitab al 'Umdatul Usaro majmu' kitab nikah wal warotsah, (17) Kitab Afdlolul Kholiqotil Insaniyyahala silsilatis sadatil alawiyyah, (18) Kitab al Anwarussathi'ahala silsilatin nasabiyyah, (19) Kitab Nurul Alam ala aqidatil awam (20) Kitab Nurul Muqtafafi washiyyatil musthofa.(21) KITAB QA'IDUL GHURRIL MUCHAJJALIN FI TASHAWWUFIS SHOLIHIN,(22) SHOLAWAT TARBIYAH,(23) TARJAMAH SHOLAWAT ASNAWIYYAH,(24) SYA'IR USTADZ J.ABDURRAHMAN,(25) KITAB NURUSSYAWA'IR(26) KITAB AL IDHOFIYYAH FI TAKALLUMIL ARABIYYAH(27) PENGOBATAN ALTERNATIF(28) KITAB TASHDIRUL MUROD ILAL MURID FI JAUHARUTITTAUHID (29) KITAB NURUL ALIM FI ADABIL ALIM WAL MUTAALLIM (30) NURUL 'A'YUN ALA QURRATIL UYUN (31) NURUL MUQODDAS FI RATIBIL ATTAS (32) INTISARI & HIKMAH RATIB ATTAS (33) NURUL MUMAJJAD fimanaqibi Al Habib Ahmad Al Kaff. (34) MAMLAKAH 1-25 (35) TOMBO TEKO LORO LUNGO. (36) GARAP SARI (37) ALAM GHAIB ( 38 ) PENAGON Menjaga Tradisi Nusantara Menulusuri Ragam Arsitektur Peninggalan Leluhur, Dukuh, Makam AS SAYYID THOYYIB THOHIR Cikal Bakal Dukuh Penagon Nalumsari Penagon (39 ) AS SYIHABUL ALY FI Manaqib Mbah KH. Ma'ruf Asnawi Al Qudusy (40) MACAM-MACAM LAGU SHOLAWAT ASNAWIYYAH (bahar Kamil Majzu' ) ( 41 ) MACAM-MACAM LAGU BAHAR BASITH ( 42 ) KHUTBAH JUM'AT 1998-2016 ( 43 ) Al Jawahirun Naqiyyah Fi Tarjamatil Faroidus Saniyyah Wadduroril Bahiyyah Lis Syaikh M. Sya'roni Ahmadi Al Qudusy.

Selasa, 25 April 2017

KHUTBAH JAWA ROMADLON

خطبة الجمعة 12 رمضان 1432 ياللغة الجاوية السلام عليكم ورحمة الله وبركاته الحمد لله الذى جعل افضل الشهور شهر رمضان ، وفضل ايامه على سائر الايام، وشرف اوقاته على سائر الاوقات والازمان ، وخص نصفه الاخير بمزيد الفضل والاحسان ، انزل فيه القران هدى للناس وبينات من الهدى والفرقان ، الا له الخلق والامر تبارك الله رب العالمين . احمده سبحانه وتعالى واشكره على نعمه التى كل موجود بسرها مغمور ، واستغفره واتوب اليه من كل ذنب يقع فى ممر الدهور ، اشهد ان لااله الا الله وحده لاشريك له الملك العزيز الرحيم الغفور ، واشهد ان سيدنا محمدا رسول الله شفيع الامة يوم النشور . اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى اله واصحابه والتابعين لهم باحسان مدى الاوقات والدهور. اما بعد ، فيا عباد الله – اوصيكم ونفسى بتقوى الله تعالى وطاعته فى السر والعلن وفيما ظهر وما بطن ، واتقوا الله لعلكم تفلحون . Kaum muslimin rahimakumullah, Monggo kito tingkataken anggen kita taqwa da-teng Allah SWT, kanti nglampahi punapo ingkang dados perintah-perintahipun Allah, soho nebihi punopo ingkang dados larangan2 ipun Allah. Monggo kito jagi iman kita ampun ngantos kito pejah kejawi netepi agami Islam. ايها الناس ، اغتنموا مواسم الخير بعمارتها بما يقرب الى ربكم ، واحذروا من التفريط والاضاعة ، فستندمون على تفريطكم واضاعتكم . اخوانى من لم يربح فى هذا الشهر الكريم ، ففى اى وقت يربح . ومن لم ينب مولاه ففى اى وقت ينيب ويصلح ، ومن لم يزل متقاعدا عن الخيرات ففى اى وقت تحصل له الاستقامة ويفلح . فبادروا يرحمكم الله فرص هذا الشهر قبل فواتها ، واحفظوا نفوسكم عما فيه شقاؤها وهلاكها ، الا ان شهركم الكريم قد اخذ بالنقص والاضمحلال ، وشارفت لياليه وايامه على الانتهاء والزوال ، فتداركوا ايها المسلمون ما بقى منه بصالح الاعمال ، وبادروا بالتوبة من ذنوبكم لذى العظمة والجلال ، واعلموا ان الاعمال بالخواتيم ، فاحسنوا الختام . لقد مضى من هذا الشهر الكريم الثلث الاول وبقى منه الثلثان فاغتنموها بالعزائم الصادقة ، وبذل المعروف والاحسان ، وقوموا فى لياليها لربكم خاضعين ، ولبره وخيراته راجين ومؤملين ، ومن عذابه وعقابه مستجيرين مستعيذين ، فانه تعالى اكرم الاكرمين وارحم الراحمين . Kaum muslimin rahimakumullah, Wulan Ramadlan sampun kelampah sepertelon ingkang awal, ibadah siyam kita sampun kalampah kalih welas dinten. Sak meniko kita mlebet wonten ing sepertelon wulan ingkang kaping kalih. Amargi wulan Ramadlan meniko kabagi dados tigang bagian. شهر اوله رحمة واوسطه مغفرة واخره عتق من النار Sepertelon pertama Allah SWT nurunaken rahmatipun kanti melimpah ruwah, ingkang sepertelon malih Allah nurunaken maghfirah lan ingkang kaping tiganipun Allah mbebasaken saking neraka dateng kawulanipun ingkang beriman. Monggo wonten ing kesempatan ingkang sahe meniko kita ginaaken kangge muhasabah dateng amal perbuatan kita, kangge memperbaiki kesalahan-kesalaha kita, lan kangge nusuli prilaku kita ingkang boten sahe – kita ganti mawi ngatah-ngatahaken amal soleh, shalat tarawih, tahajjud, sedekah lan sanes-sanesipun. Monggo wulan Ramadlan meniko kita manfaataken ingkang sahe. Ampun ngantos wulan Ramadlan meniko telas lan tamu agung meniko wangsul tanpa makna. Mangke kita bakal tuno lan rugi. فالسعيد من ادركه رمضان ويؤدى حقوقه بالصيام والقيام والشقى من ادركه رمضان ولم يؤد حقوقه بما يرضيه الله عز وجل . Tiyang ingkang bejo inggih meniko tiyang ingkang menangi wulan Ramadlan lan saget netepi hak-hakipun wulan Ramdalan kanti nglampahi siyam lan qiyamullail soho amal-amal soleh sanesipun. Tiyang ingkang ciloko inggih meniko tiyag ingkang menangi wulan Ramdlan, tapi mboten saget netepi hakipun wulan Ramdlan kanti sak mestinipun. Inggih nglampahi siyam, tapi siyamipun mboten berkwalitas – amargi dipun risak kalih perkawis ingkang ngrisak ganjaranipun siyam kados ngrasani tiyang, goroh, adu-adu lan ningali lawan jenis ingkang boten mahramipun kanti syahwat. من لم يدع قول الزور والعمل به فليس لله حاجة فى ان يدع طعامه وشرابه . Sinten ingkang boten nilar ucapan goroh lan perbuatan-perbuatan ma’siyat, milo Allah boten nampi anggenipun nilar dedaharan lan minumanipun ateges ganjaranipun siyam meniko mboten sampurno. فعن عثمان بن ابى العاص قال " الصيام جنة كجنة احدكم من القتال " ولاحمد من طريق ابى يونس عن ابى هريرة رضى الله عنه قال " الصيام جنة وحصن حصين من النار " وله من حديث ابى عبيدة بن الجراح " الصيام جنة ما لم يخرقها " زاد الدارمى " بالغيبة " Siyam meniko minongko benteng, kados bentengipun tiyang ingkang perang ingkang saget ngaling-ngalingi dateng seranganipun musuh, uger bentengipun meniko boten dipun dilobangi lan benteng puasa menika mboten dipunrisak, kanti ngrasani lan nya-tur dating tiyang sanes. Keranten meniko monggo kita jagi siyam kita, supados dados siyam ingkang berkwalitas lan mentes, kanti ngrekso siyam kita saking virus-virus siyam ingkang saget ngirangi ganjaran siyam meniko. كم من صائم لا يحد من صيامه الا الجوع والعطش وكم منقائم لا يجد من قيامه الا السهر والتعب Katah sanget tiyang siyam ingkang namung angsal luwe lan ngorong, sebab mboten netepi tatacara lan adapipun siyam ingkang leres. Katah sanget tiyang qiyamullail ingkang namung angsal kesel lan karipan, sebab mboten dipun sarengi kekhusyuan lan keikhlasan. Amal-amal kesaenan menika kejawi kedah didasari kalih iman dateng Allah, ugi kedah dipun dasari kanti ikhlas semata-mata keranten Allah. من صام رمضان ايمانا واحتسابا غفر له ما تقدم من ذنبه. Sinten ingkang siyam wulan Ramadlan keranten iman lan ikhlas ateges namung numrih ganjaran saking Allah, mila dosa-dosanipun dipun ngapura dening Allah SWT. Allah SWT paring pinten-pinten anugrah dumateng poro shoimin lan shoimat ingkang katah sanget. Wonten ing hadits qudsy Allah SWT dawuh : كل عمل ابن ادم هو له الا الصيام فهو لى وانا اجزى به وانما يذر ابن ادم شهوته وطعامه من اجلى. قال القرطبى : معناه ان الاعمال قد كشفت مقادير ثوابها للناس وانها تضاعف من عشرة الى سبعمائة الى ما شاء الله الا الصيام فان الله يثيب عليه بغير تقدير . Kabeh amal ibadahe Bani Adam iku piwalese bali maring pribadine, kejaba siyam. Yen siyam iku langsung maring ingsun lan Ingsun dewe ingkang paring piwales. Sebab Bani Adam ninggal mangan lan minum serta syahwate ikhlas kerana Ingsun. Imam Al Qurtubi ngendika; Ma’na Hadits meniko; bilih amal-amal ingkang dipun lampahi Bani Adam menika sagetterukur lan dipun tingali kadar ganjaranipun, sebab saben-saben setunggal kesahenan menika dipun tikelaken ganjaranipun lipat kaping sedoso ngantos tikel kaping pitung atus tikelan lan taksih punjul maleh, kajawi siyam. Menawi siyam menika Allah ingkang langsung paring ganjaran kanti tanpa tikelan ingkang namung semanten kala wau. Sebab Bani Adam anggenipun ninggal daharan, minuman lan syahwatipun ikhlas semata-mata namung keranten Allah SWT. Pancen sami-sami ibadah menika ingkang mboten klebetan sifat riya’ menika siyam, amargi mboten patoso ketawis menawi nembe siyam. Benten kaleh ibadah sanesipun kados sholat, keranten wonten gerakanipun sak hingga ketawis tiyang sanes, utawi sedekah ingkang ketingal ngedalaken arta, pramila gampil sanget kenging pengaruh sifat riya’ menika. Kaum muslimin ingkang minulya, Ibadah siyam menika pancen istimewa, Allah SWT ngesokaken ganjaran wonten ing wulan Ramadlan terutama kagem tiyang-tiyang ingkang siyam, ngantos tilemipun mawon kaitug ibadah. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : نوم الصائم عبادة وصمته تسبيح وعمله مضاعف ودعاؤه مستجاب وذنبه مغفور . Tileme tiyang ingkang siyam menika ibadah, menengipun menika diitung kados maos tasbih, ganjaranipun amal ibadahipun dipun tikelaken – ibadah sunnah dipun ganjar kados ibadah wajib, ingkang ibadah wajib dipun tikelaken ngantos 70 tikelan, do’aipun mustajab lan dosa-dosanipun dipun ngapunten dening Allah. Pramilo beja sanget tiyang ingkang menangi gesang wonten ing wulan Ramadlan lan saget nglampahi siyam kanti sak estu. Wulan Ramadlan minangka wulan kesabaran, sabar betahaken roso luwe, ngorong lan menahan syahwat. Kangge tiyang ingkang sabar sebab ndereaken perintah-perintahipun Allah, Allah SWT bade paring sesuleh ingkang tanpa kaitung. قال الله تعالى : انما يوفى الصابرون اجرهم بغير حساب. Wongkang pada sabar bakal diparingi ganjaran tanpa dihisab. والصبر صبران – صبرعلى ترك المحارم والمآثم وصبر على فعل الطاعات والقربات ، والثانى اكثر ثوابا لانه هوالمقصود. Sabar menika wonten kalih; ingkang sepisan; sabar kanti ninggal perkawis haram lan perbuatan dosa. Ingkang kaping kalih; sabar kanti nglampahi perbuatan taat lan taqorrub dateng Allah. Lan sabar ingkang kaping kalih menikalah ingkang langkung katah ganjaranipun keranten pancen meniko ingkang dipun maksud sabar ingkang sejati. قال على بن الحسين زين العابدين : اذا جمع الله الاولين والاخرين ينادى مناد : اين الصابرون ليدخلوا الجنة قبل الحساب قال : فيقوم عنق من الناس فتتلقاهم الملائكة فيقولون : الى اين يا بنى ادم ؟ فيقولون الى الحنة فيقولون : قبل الحساب ؟ قالوا : نعم ، قالوا : ومن انتم ؟ قالوا : الصابرون ، قالوا : وما صبركم ؟ قالوا : صبرنا على طاعة الله وصبرنا عن معصية الله حتى توفانا الله . قالوا : انتم كما قلتم ، ادخلوا الجنة فنعم اجر العاملين . Imam Ali bin Husain Zainal Abidin ngendika; Nalika Allah SWT ngempalaken sedoyo makhluq ingkang rumiyin lan ingkang kantun, lajeng wonten Malaikat ingkat ingkang undang-undang; Sinten ingkang sami sabar supados mlebet suwarga rumiyin sak derengipun dipun hisab. Lajeng wonten tiyang-tiyang ingkang sami jumeneng. Malaikat lajeng tangklet. Hai Bani Adam, panjenengan menika bade tindak pundi?. Bade wonten suwarga!. Malaikat lajeng tangklet malih; Mlebet suwarga sak derenge dipun hisab? Nggih. Malaikat tangklet malih; Panjenengan menika sinten sedoyo?. Kita menika tiyang-tiyang ingkang sabar. Malaikat tangklet malih: Sabar kados pundi?. Kita sabar nglampahi taat dateng Allah lan sabar nyegah dateng perbuatan ma’siyat ngantos kita wangsul dateng ngarsanipun Allah. Malaikat lajeng ngendika; sugeng pinarak wonten ing suwarga, panjenengan sedoyo pancen berhak mlebet suwarga sak derengipun dipun hisab keranten kesabaranipun panjengan taat dateng Allah SWT. قال الله تعالى : انما يوفى الصابرون اجرهم بغير حساب. Wongkang pada sabar bakal diparingi ganjaran tanpa dihisab. Kados mekaten indahipun lan agungipun wulan Ramadlan. عن ابن مسعود رضى الله عنه قال سمعت النبى صلى الله عليه وسلم يقول وقد اهل رمضان لو يعلم العباد ما فى رمضان لتمنت امتى ان تكون السنة كلها رمضان . رواه ابو يعلى . Nalika wulan Ramadlan menika dumugi Kanjeng Nabi Muhammad dawuh ; Umpama para ummat iku weruh maring kautamannane wulan Ramdlan mesti pada kepingin supoyo sepanjang tahun iku dadi Ramadlan kabeh. Punopo maleh wonten ing wulan Ramadlan Allah SWT nurunaken malam Lailatul Qadar – ingkang sinten mawon saget merkoleh lan ngadang malam lailatul qadar kanti njungkung ibadah dateng Allah, kanti salat tarwih, salat tasbeh lan tahajjud soho maos Al qur’an lan boten melakukan perbuatan ma’siyat dateng Allah, mila bakal pikantuk ganjaran langkung utami tinimbang ibadah sewu wulan ingkanag mboten wonten lailatul qodaripun, arupi ibadah siyam, qiyamullail lan perang fi sabilillah kados ingkang dipun lampahi kaum Bani Israil. Sak hingga ni’mat sanget dados ummatipun Kanjeng Nabi Muhammad, amalipun sekedik lan enteng, tapi ganjaranipun ageng, saget ngungkuli ganjaranipun ummat ingkang rumiyin, inghkang umuripun panjang, tenaganipun kuat lan himmahipun kiyat. ايها المسلمون ، ففى هذا الشهر المبارك انزل الله القران من اللوح المحفوظ الى السماء الدنيا ثم اوحى الله بواسطة امين الوحى جبريل عليه السلام الى نبينا محمد صلى الله عليه وسلم منجما مدة ثلاث وعشرين سنة. Wonten ing wulan suci Ramadlan lan wonten ing sepertiga ingkang tengah Allah SWT nurunaken kitab suci Al Qur’an saking Lauhul Mahfudz dateng langit dunya, dipun tampi malaikat Jibril, lajeng dipun sampaiaken dateng Junjungan kita Nabi Muhammad SAW kanti berangsur-angsur selami 23 tahun dipun sesuaken kalih peristiwa-peristiwa ingkang terjadi wkdal niku. Al Qur’an ngrupeaken Mu’jizat ingkang istimewa, berisi dawuh-dawuhipun Allah ingkang tersusun kanti indah kalimah-kalimahipun, mboten mboseni menawi dipun waos kanti wungsal-wangsul, dados obat lan petunjuk dateng sedoyo kebetahanipun tiyang gesang wonten ing alam ndonyo. Nyeritaaken kisahipun ummat ingkang rumiyin, meringi keterangan dateng hukum dateng ummat sak menika lan gambaraken peristiwa-peristiwa ingkang bade dateng ngantos peristiwa benjing dinten qiyamat. Sinten ingkang maos Al Qur’an bade pikantuk ganjaran saking Allah saben-saben setunggal huruf dipun ganjar tikel sedoso. Alif Lam Mim boten dipun itung setunggal huruf, nanging Alif setunggal, Lam setunggal lan Mim setunggal huruf. Rehning Al Qur’an menika temurun wonten ing wulan Ramdlan, mila wulan Ramadlan dipun westani wulan Al Qur’an. عن عبد الله بن عمرو قال : قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : ان القران والصيام يشفعان يوم القيامة لصاحبهما ، فيقول الصيام : يا رب انى منعته الطعام والشراب فشفعنى فيه ، ويقول القران : يا رب انى منعته النوم بالليل فشفعنى فيه فيشفعان فيه . Rasulullah SAW dawuh : Al Qur’an lan siyam menika maringi syafaat benjing wonten ing dinten qiyamat dateng tiyang ingkang sami maos Al Qur’an lan tiyang ingkang sami nglampahi siyam. Siyam njelmo dados makhluq ingkang gagah lan bagus lajeng matur dateng Allah; Ya Allah, kula menika sampun ngalang-ngalangi dateng tiyang menika anggenipun dahar lan minum. Kula nyuwun kawelasan Panjenengan Ya Allah, supados tiyang menika Panjenengan syafa’ati. Lajeng Al Qur’an inggih matur dateng Allah; Ya Rabbi, kula ingkang nglang-ngalangi tiyang menika saking tilem wekdal dalu, ngantos kesel lan karipan keranten maos dateng kula. Kula nyuwun kawelasan Panjenengan Ya Rabbi mugi kerso paring syafaat dateng tiyang menika . Allah lajeng nampi panyuwunanipun Siyam lan Al Qur’an saperlu nyelametaken ahli siyam lan ahli Qur’an. فاتقوا الله عباد الله , واخلصوا العبادة لله وحده وداموا عليه فان الاخلاص شرط فى قبول الاعمال الصالحة. والله سبحانه وتعالى يقول وبقوله يهتدى المهتدون . واذا قرىء القران فاستمعوا له وانصتوا لعلكم ترحمون . أعوذ بالله من الشيطان الرجيم . ياايهــــا الذيـــــــن أمنـــــــــــــوا كتب عليكم الصيام كما كتب على الذين من قبلكم لعلكم تتقون بارك الله لى ولكم فى القران العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم . أقول قولى هذا واستغفر الله العظيم لى ولكم ولوالدى ووالديكم ولمشايخى ومشايخكم ولسائر المسلمين والمسلمات , فاستغفروه انه هو الغفور الرحيم

Tidak ada komentar: