(30) NURUL 'A'YUN

43 Karya Tulis/Lagu Nur Amin Bin Abdurrahman:
(1) Kitab Tawassulan Washolatan, (2) Kitab Fawaidurratib Alhaddad, (3) Kitab Wasilatul Fudlola', (4) Kitab Nurul Widad, (5) Kitab Ru'yah Ilal Habib Luthfi bin Yahya, (6) Kitab Manaqib Assayyid Thoyyib Thohir, (7) Kitab Manaqib Assyaikh KH.Syamsuri Menagon, (8) Kitab Sholawat Qur'aniyyah “Annurul Amin”, (9) Kitab al Adillatul Athhar wal Ahyar, (10) Kitab Allu'lu'ul Maknun, (11) Kitab Assirojul Amani, (12) Kitab Nurun Washul, (13) Kitab al Anwarullathifah, (14) Kitab Syajarotul Ashlin Nuroniyyah, (15) Kitab Atthoyyibun Nuroni, (16) Kitab al 'Umdatul Usaro majmu' kitab nikah wal warotsah, (17) Kitab Afdlolul Kholiqotil Insaniyyahala silsilatis sadatil alawiyyah, (18) Kitab al Anwarussathi'ahala silsilatin nasabiyyah, (19) Kitab Nurul Alam ala aqidatil awam (20) Kitab Nurul Muqtafafi washiyyatil musthofa.(21) KITAB QA'IDUL GHURRIL MUCHAJJALIN FI TASHAWWUFIS SHOLIHIN,(22) SHOLAWAT TARBIYAH,(23) TARJAMAH SHOLAWAT ASNAWIYYAH,(24) SYA'IR USTADZ J.ABDURRAHMAN,(25) KITAB NURUSSYAWA'IR(26) KITAB AL IDHOFIYYAH FI TAKALLUMIL ARABIYYAH(27) PENGOBATAN ALTERNATIF(28) KITAB TASHDIRUL MUROD ILAL MURID FI JAUHARUTITTAUHID (29) KITAB NURUL ALIM FI ADABIL ALIM WAL MUTAALLIM (30) NURUL 'A'YUN ALA QURRATIL UYUN (31) NURUL MUQODDAS FI RATIBIL ATTAS (32) INTISARI & HIKMAH RATIB ATTAS (33) NURUL MUMAJJAD fimanaqibi Al Habib Ahmad Al Kaff. (34) MAMLAKAH 1-25 (35) TOMBO TEKO LORO LUNGO. (36) GARAP SARI (37) ALAM GHAIB ( 38 ) PENAGON Menjaga Tradisi Nusantara Menulusuri Ragam Arsitektur Peninggalan Leluhur, Dukuh, Makam AS SAYYID THOYYIB THOHIR Cikal Bakal Dukuh Penagon Nalumsari Penagon (39 ) AS SYIHABUL ALY FI Manaqib Mbah KH. Ma'ruf Asnawi Al Qudusy (40) MACAM-MACAM LAGU SHOLAWAT ASNAWIYYAH (bahar Kamil Majzu' ) ( 41 ) MACAM-MACAM LAGU BAHAR BASITH ( 42 ) KHUTBAH JUM'AT 1998-2016 ( 43 ) Al Jawahirun Naqiyyah Fi Tarjamatil Faroidus Saniyyah Wadduroril Bahiyyah Lis Syaikh M. Sya'roni Ahmadi Al Qudusy.

Selasa, 25 April 2017

KHUTBAH BANGUN MASJID

خطبة الجمعة عن بناء المسجد السلام عليكم ورحمة الله وبركاته الحمد لله الملك المعبود, المعروف بكمال الكرم والجود , أحمده سبحانه وتعالى على فضله الممدود , وأشكره على نعمه التى تعطى بلا حدود . أشهد أن لااله الا الله وحده لاشريك له , له الملك وله الحمد يحيى ويميت وهو على كل شيىء قدير . وأشهد أن سيدنا محمدا عبده ورسوله الذى أمرنا ببناء المساجد وأحثنا بتعميرها وتنظيفها حتى يخشع الراكع والساجد . اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى اله وأصحابه , والتابعين لهم باحسان الى يوم الدين , يوم لا ينفع مال ولا بنون الا من اتى الله بقلب سليم . أما بعد , فيا عباد الله , أوصيكم ونفسى بتقوى الله فى السر والعلن وفيما ظهر وما بطن , واتقوا الله واطيعوه لعلكم تفلحون . Kaum muslimin rohimakumullah, Monggo kito tingkataken anggen kito taqwa dumateng Allah SWT, kanti netepi punopo ingkang dados perintah2 ipun Allah, soho nebihi punopo ingkang dados larangan2 ipun Allah, sami ugi wekdal samar utawi wekdal ngedeng. Monggo kito jagi iman kito, ampun ngantos kito pejah kejawi netepi agami Islam. Monggo kito isi sisa-sisa umur kito meniko kangge ngatah2 aken amal sholeh lan shodaqoh jariyah kangge sangu benjing menawi kito sowan wonten ngarsanipun Allah SWT. اذا مات ابن أدم انقطع عمله الا من ثلاث صدقة جارية او علم ينتفع به او ولد صالح يدعو له . ( Naliko Bani Adam sampun sedo, milo bakal pedot amale, kejawi tigang perkawis; shodaqoh jariyah, waqaf kangge masjid lan sarana ibadah, ilmu ingkang dipun manfaataken deneng tiyang sanes, utawi anak sholih ingkang tansah ndo'aaken dating piyambakipun). Mumpung kito taksih dipun paringi kesempatan dening Allah SWT arupi kajembaran lan kabagaswaran, monggo proyek akherat, sarana amal jariyah inggih meniko rehab lan pembangunan Masjid kito sedoyo meniko, kita sengkuyung sesarengan, supados inggal rampung lan saget manfaat kengge kaum muslimin sedoyo. فقد قال الله تعالى فى كتابه العزيز :             •  •           ( Namung tiyang ingkang memakmurkan masjid2 Allah lah tiyang2 ingkang iman dateng Allah lan dinten qiyamat, lajeng tetep ngelampahi sholat, ngedalaken zakat lan mboten ajrih kejawi dateng Allah SWT. Menikolah tiyang2 ingkang bakal pikantuk pitedah saking Allah ). Hadlirin Jum'ah ingkang minulyo, Allah SWT sampun paring paseksen bilih tiyang2 ingkang remen ma'muraken masjid, membangun, merawat, soho mengisi masjid mawi kegiatan2 agami kados majlis ta'lim, tadarus Al Qur'an, mudzakaroh soho musyawaroh masail diniyyah lan kepentingan ummat Islam, meniko pertondo bilih tiyang kolo wahu masuk golonganipun tiyang mu'min sejati. Punopo malih Rosulullah SAW sampun dawuh ; اذا رايتم الرجل يعتاد المسجد فاشهدوا له بالايمان . (Yen seliramu kabeh podo weruh ono wongkang senengane menyang masjid, seksenono yen wong kuwi pancen wong mu'min temenan). Ba'dlussalaf inggih ngendiko; اذا رايتم الرجل يعمر المسجد فحسنوا به الظن . ( Yen seliramu weruh ono wongkang seneng ma'murake masjid, mulo podo nyonoho yen wong kuwi pancen wong apik / bagus.) Kaum muslimim rahimakumullah, Masjid adalah rumah Allah. Maksudipun panggenan kangge ngibadah dateng Allah, kangge sholat, dzikir lan taqorrub dateng Allah SWT. Masjid merupakan panggenan termulya wonten ngarsanipun Allah, karenten meniko sinten ingkang nderek ma'muraken masjid, punopo malih nderek mbangun masjid, tentu termasuk golonganipun tiyang2 ingkang dipun mulyaaken Allah lan termasuk golonganipun tiyang ingkang bekjo benjing wonten ing akhirat. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : من بنى لله مسجدا بنى الله تعالى له بيتا فى الجنة. ( Sinten ingkang mbangun masjid keranten Allah, milo Allah Ta'la bakal mbangunake intana wonten suwargo.) Wonten ing riwayat sanes dipun ngendikaaken; من بنى مسجدا لله ولو كمفحص قطاة بنى الله له بيتا فى الجنة ( Sing sopo wonge mbangun masjid kerono Allah senajan seluwas panggonan ngendoke manuk, mongko Allah bakal mbangunake omah istana ing suwargo.) Kito mboten sisah owel, senajan sekedik, sewu rupiyah asal ikhlas lan terus, meniko langkung sahe tinimbang mboten nderek cawe-cawe lan partisipasi. Poro hadlirin ingkang minulyo, Wonten ing ngajeng kito, wonten ganjaran ingkang ageng, ing ngajeng kito wonten dalan ingkang menuju wonten suwargo, ing ngajeng kito wonten jihad ing paling utami, inggih meniko pembangunan masjid ingkang dados pemersatu masyarakat lan lambang syiar Agama Islam wonten wilayah kito sedoyo. قال ابن عباس رضى الله عنهما : أفضل الجهاد من بنى مسجدا يعلم فيه القرأن والفقه والسنة. رواه شريك عن ليث بن سليم عن يحيى بن كثير عن على الازدى ( Jihad ingkang paling utami inggih meniko membangun masjid ingkang dipun damel mucal Al Qur'an, Fiqh lan Sunnah Nabi Muhammada SAW). Menawi mbangun masjid, inggih kedah sak perlengkapane pindah. Wonten panggena wudlu, wonten panggenan qodlil hajat lan peneranganipun inggih kedah cekap lan memadahi. عن أنس رضى الله عنه قال قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : من أسرج فى مسجد سراجا لم تزل الملائكة وحملة العرش يستغفرون له ما دام فى ذلك المسجد ضوؤه . أخرجه سليم الرازى فى الترغيب . ( Sinten ingkang maringi lampu kangge menerangi masjid, milo poro malaikat lan malaikat kang nyonggo Arasy sami nyuwunake ngapuro dumateng tiyang kolo wahu, salami sinare lampu kolo wahu wonten ing masjid meniko.) Hadlirin Jum'at ingkang minulyo, Allah SWT maringi rizqi lan kekuatan meniko benten2. Wonten ingkang katah wonten ingkang sekedik, wonten ingkang ruso wonten ingkang apes. Allah SWT mboten mbebani dateng makhluqipun kejawi sesuai kemampuannipun piyambak2. قال الله تعالى : لا يكلف الله نفسا الا وسعها ( Allah mboten mbebani dateng sinten ke mawon kejawi sesuai kalih kemampuanipun piyambak2). Ananging kita ugi dipun perintah supados mendermakan lan sedekah terhadap ni'mat lan peparinge Allah minongko mensyukuri ni'mat peparinge Allah, supados ni'mat kolo wahu saget langgeng, mboten dipun cabut deneng Allah. وبالشكر تدوم النعم ( Kanti syukut dating Allah, ni'mat meniko saget langgeng ). من كان عنده علم فليتصدق بعلمه , ومن كان عنده جاه فليتصدف بجاهه , ومن كان عنده مال فليتصدق بماله , ومن كان عنده قوة فليتصدق بقوته . ( Sinten ingkang nggadahi ilmu, supados sedekah melalui ilmunipun. Sinten ingkang nggadahi pangkat lan jabatan, supados sedekah melalui pangkat lan jabatannipun. Sinten ingkang nggadahi bondo donyo, supados sedekah melalui bondo donyonipun. Lan sinten ingkang nggadahi kekuatan, supados sedekah melalui kekuatanipun.) فال الله تعالى فى كتابه الكريم : •                          ( Perumpamaane wong kang podo menginfaqake bandane fi sabilillah, koyo padane nandur gabah siji kang nukulake pitung uli, saben sak uline metu satus wiji gabah. Lan Allah nekelake ganjaran maring wong kang dikersaake. Lan Allah Dzat Kang Moho Jembar peparinge soho Moho Mirsani maring opo wae ). Keranten meniko monggo poro sederek, mumpung wonten kesempatan ingkang sahe meniko, lan kita taksih pinaringan kesehatan, kekiyatan lan rizqi, kito manfaataken sisa-sisa umur kito meniko kangge nyelengi lan ngatah2aken amal sholeh, kangge sangu mbenjeng menawi wangsul wonten ngarsanipun Allah. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : الكيس من دان نفسه وعمل لما بعد الوت , والعاجز من اتبع نفسه هواها وتمنى على الله الامانى . Rasulullah SAW dawuh : Wong pinter yo iku wongkang biso nunduake howo nefsune, lan ngelakono amal sholeh kanggo sangu sak ba'dane mati. Wong bodo yo iku wong kang nuruti howo nefsune lan kepingin entuk sesoleh saking Allah SWT). Monggo kito pekak nefsu kito. Ampun nurutu bujuk rayunipun syaithan ingkang tansah nasaraken dateng poro menuso. Punopo maleh Kanjeng Nabi sampun dawuh : سبعه يظلهم الله فى ظله يوم لا ظل الا ظله ... فقال : ورجل قلبه معلق بالمساجد . رواه مسلم ( Ono wong pitu kang bakal pikantuk aup-aupane Allah besuk dino qiyamat, dino kang ora ono aup-aupan kejaba aup-aupane Allah, salah sijine hiyo iku wong kang atine kumantil maring masjid). Imam Nawawi dawuh; Ingkang dipun maksudake kumantil maring masjid meniko ateges banget senenge maring masjid, mulazamah sholat berjamaah ing masjid, merhatiaken pembangunan masjin lan perkawis ingkang bersangkut paut kalih masjid. عن ابى الدرداء رضى الله عنه قال : لتكن المساجد مجلسك فانى سمعت رسول الله صلى الله عليه وسلم يقول : ان الله عز وجل ضمن لمن كانت المساجد بيته الامن والجواز على الصراط يوم القيامة . رواه البزار فى مسنده وقال هذا حسن الاسناد . ( Abu Darda' ra ngendiko ; Masjid2 kuwi supoyo kok dadiake majlismu. Sebab aku krungu Rasulullah SAW dawuh ; Allah SWT bakal menjamin maring wong kang dadeake masjid minongko dadi omahe. Ateges seneng I'tikaf, mulazamah berjamaah lan ngrumati masjid koyo ngrumati omahe dewe. Yen bisi koyo mengkono Allah bakal menjamin aman songko sikso lan biso liwat ono ing wot shirothol mustaqim besuk ing dino qiyamat). Kaum muslimin ingkang minulyo, Mugi-mugi kito sedoyo tansah pikantuk rahmat, taufiq lan hidayahipun Allah, sak hinggo manah kito dipun paringi seneng nderek-nderek ngurusi dateng masjid, seneng nderek urun dateng pembangunan masjid senaoso namung sekedik, syukur saget infaq kanti kathah. Soho mugi2 saget ikhlas keranten Allah SWT. ان الله سبحانه وتعالى اذا احب عبدا جعله قيم مسجد ( Allah SWT menawi seneng dateng kawulanipun meniko dipun dadosake pengurus masjid). فاتقوا الله عباد الله , واعملوا صالحا واخلصوا العبادة لله وحده , فان الاخلاص شرط عى قبول الاعمال الصالحة. والله سبحانه وتعالى يقول وبقوله يهتدى المهتدون . واذا قرىء القرأن قاستمعوا له وانصتوا لعلكم ترحمون أعوذ بالله من الشيطان الرجيم انما يعمر مساجد الله من أمن بالله واليوم الاخر واقام الصلاة واتى الزكاة ولم يخش الا الله , فعسى اولئك ان يكونوا من المهتدين . بارك الله لى ولكم فى القرأن العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم . أقول قولى هذا واستغفر الله العظيم لى ولكم ولوالدى ووالديكم ولمشايخى ومشايخكم ولسائر المسلمين والمسلمات فاستغفروه انه هو الغفور الرحيم .

Tidak ada komentar: