(30) NURUL 'A'YUN

43 Karya Tulis/Lagu Nur Amin Bin Abdurrahman:
(1) Kitab Tawassulan Washolatan, (2) Kitab Fawaidurratib Alhaddad, (3) Kitab Wasilatul Fudlola', (4) Kitab Nurul Widad, (5) Kitab Ru'yah Ilal Habib Luthfi bin Yahya, (6) Kitab Manaqib Assayyid Thoyyib Thohir, (7) Kitab Manaqib Assyaikh KH.Syamsuri Menagon, (8) Kitab Sholawat Qur'aniyyah “Annurul Amin”, (9) Kitab al Adillatul Athhar wal Ahyar, (10) Kitab Allu'lu'ul Maknun, (11) Kitab Assirojul Amani, (12) Kitab Nurun Washul, (13) Kitab al Anwarullathifah, (14) Kitab Syajarotul Ashlin Nuroniyyah, (15) Kitab Atthoyyibun Nuroni, (16) Kitab al 'Umdatul Usaro majmu' kitab nikah wal warotsah, (17) Kitab Afdlolul Kholiqotil Insaniyyahala silsilatis sadatil alawiyyah, (18) Kitab al Anwarussathi'ahala silsilatin nasabiyyah, (19) Kitab Nurul Alam ala aqidatil awam (20) Kitab Nurul Muqtafafi washiyyatil musthofa.(21) KITAB QA'IDUL GHURRIL MUCHAJJALIN FI TASHAWWUFIS SHOLIHIN,(22) SHOLAWAT TARBIYAH,(23) TARJAMAH SHOLAWAT ASNAWIYYAH,(24) SYA'IR USTADZ J.ABDURRAHMAN,(25) KITAB NURUSSYAWA'IR(26) KITAB AL IDHOFIYYAH FI TAKALLUMIL ARABIYYAH(27) PENGOBATAN ALTERNATIF(28) KITAB TASHDIRUL MUROD ILAL MURID FI JAUHARUTITTAUHID (29) KITAB NURUL ALIM FI ADABIL ALIM WAL MUTAALLIM (30) NURUL 'A'YUN ALA QURRATIL UYUN (31) NURUL MUQODDAS FI RATIBIL ATTAS (32) INTISARI & HIKMAH RATIB ATTAS (33) NURUL MUMAJJAD fimanaqibi Al Habib Ahmad Al Kaff. (34) MAMLAKAH 1-25 (35) TOMBO TEKO LORO LUNGO. (36) GARAP SARI (37) ALAM GHAIB ( 38 ) PENAGON Menjaga Tradisi Nusantara Menulusuri Ragam Arsitektur Peninggalan Leluhur, Dukuh, Makam AS SAYYID THOYYIB THOHIR Cikal Bakal Dukuh Penagon Nalumsari Penagon (39 ) AS SYIHABUL ALY FI Manaqib Mbah KH. Ma'ruf Asnawi Al Qudusy (40) MACAM-MACAM LAGU SHOLAWAT ASNAWIYYAH (bahar Kamil Majzu' ) ( 41 ) MACAM-MACAM LAGU BAHAR BASITH ( 42 ) KHUTBAH JUM'AT 1998-2016 ( 43 ) Al Jawahirun Naqiyyah Fi Tarjamatil Faroidus Saniyyah Wadduroril Bahiyyah Lis Syaikh M. Sya'roni Ahmadi Al Qudusy.

Selasa, 25 April 2017

KHUTBAH AMAR MA'RUF NAHI MUNKAR

خطبة الجمعة عن الامر بالمعروف والنهى عن المنكر السلام عليكم ورحمة الله وبركاته الحمد لله الهادى الى سبيل الرشاد ، يهدى من يشاء بفضله ، ويضل من يشاء بعدله ، لا معقب لحكمه ، وهو الحكيم العليم احمده سبحانه وتعالى واشكره على سوابغ فضله و ترادف نعمه ، واشهد ان لااله الا الله وحده لا شريك له , له الملك وله الحمد يحيى ويميت وهو على كل شيىء قدير . وأشهد أن سيدنا محمدا عبده ورسوله دعى الى صراط ربه المستقيم ، وامر بالمعروف ونهى عن المنكر وجاهد فى الله حق جهاده حتى أتاه اليقين ، اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى اله الطيبين الطاهرين ، وصحابته الاكرمين ومن سار على هديهم واقتفى اثرهم الى يوم الدين . أما بعد , فيا عباد الله , أوصيكم ونفسى بتقوى الله فى السر والعلن وفيما ظهر وما بطن , واتقوا الله واطيعوه لعلكم تفلحون Kaum muslimin rohimakumullah, Monggo kito ngatah-ngatahaken anggen kito taqwa dumateng Allah SWT, kanti netepi punopo ingkang dados perintah2 ipun Allah, soho nebihi punopo ingkang dados larangan2 ipun Allah, sami ugi wekdal samar utawi wekdal ngedeng. Monggo kito jagi iman kito, ampun ngantos kito pejah kejawi netepi agami Islam. ايها المسلمون ، اتقوا الله تعالى حق تقاته ، فان تقواه سبحانه سبيل الفلاح وطريق الخير والنجاة ، فمن اتقى ربه حصلت له السعادة والعز والتمكين فى الدنيا ، واكرمه المولى بالفوز العظيم والنعيم المقيم فى الاخرى ، ذلك فضل الله يؤتيه من يشاء والله ذو الفضل العظيم . Kaum muslimin ingkang minulyo, Monggo kito tingkataken taqwa kito dating Allah SWT, sebab taqwallah meniko jalan kabekjan , jalan kesahenan lan jalan keselametan ingkang sejati. Sinten ingkang bertaqwa dating Allah mesti bakal bahagia lan mulyo wonten ing ndonyo, lan bakal dipun paringi kenikmatan ingkang agung wonten ing akhirat. Tiyang purun taqwa dating Allah SWT meniko ngrupeaken anugrah lan fadlal saking Allah SWT ingkang dipun paringake dating tiyang-tiyang ingkang bejo wonten ing ndonyo lan akhirat. عباد الله ، ان صلاح الامة و سعادة المجتمع منوطان باستقامة كل فرد من افراج المسلمين على شرع الله القويم ، والتزامه بالمنهج الرشيد الذى بعث الله به رسوله الامين ، وانزل به كتابه المبين يهدى الى حق والى طريق مستقسم . Hadlirin ingkang minulyo, Sahe lan sejahteranipun masyarakat meniko tergantung kalih pribadi kito masing2 sami ndereaken tuntunan lan petunjuk agami Islam, soho anggen kito nglampahi syariat lan ibadah dating Allah SWT lan ndereaken sunnah lan tindak lampahipun junjungan kito Nabi Muhammad SAW soho dereaken dawuh2 Al Quran, kitab suci ingkang dados tuntunan kaum muslimin sedoyo. Perlu kito mangertosi bilih kunci utama tentremipun masyarakat inggih meniko tegakipun nilai2 agama . Nilai soho norma agama seget tegak menawi fungsi amar ma'ruf lan nahi mungkar meniko saget berfungsi kanti maksimal. Sebab amar ma'ruf lan nahi mungkar meniko ngrupeaken benteng ingkang kokoh lan tameng ingkang kuat kangge menangkal pengaruh jahat, fitnah lan pinten2 kemaksiyatan ingkang ngrusak dating generasi masyarakat. Menawi fungsi amar ma'ruf lan nahi mungkar meniko saget dipun galakaken lan saget sumebar wonten ing pundi2 panggenan, pendidikan, pengaosan lan da'wah sumrambah ngantos dumugi ing plosok2 daerah, masyarakat mesti bakal tanbah ilmu agamanipun, tambah terang manahipun, saget mbedaaken pundi ingkang haq lan pundit ingkang batil, pundi ingkang salah lan pundit ingkang leres. Wontenipun keresahan masyarakat, meniko akibat saking pengaruh perbuatan jahat ingkang mlebet lan mempengaruhi anak2 kito. Pengaruh meniko saget mlebet amargi lemahipun fungsi amar ma'ruf lan nahi mungkar. Sebagai ummat Islam kito kedah nggadahi roso cemburu dating hal2 lan pengaruh ingkang seget ngrusak dating mentalipun anak2 lan generasi kita. Kito mboten kenging bersikap masa bodoh dating perkawis mungkar ingkang wonten ing lingkungan kito. Kito kedah berusaha menghilangkan kemungkaran sesuai kalih kemampuan kito piyambak2. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : من رأى منكم منكرا فليغيره بيده ، فلن لم يستطع فبلسانه وان لم يستطع فبقلبه . وذلك اضعف الايمان . Sinten ingkang ningali kemungkaran supados merubah melalui tangan lan kekuasaan ipun, menawi mboten saget ingkar mawi tanganipun, milo ingkar mawi lisanipun. Menawi mboten seget ingkar mawi lisanipun, milo supados ingkar mawi manahipun. Lan meniko ngrupeaken iman ingkang lemah. Kaum muslimin ingkang minulyo, Kito gesang bebrayan wonten ing masyarakat meniko diumpameaken kados numpak perahu ageng, wonten ingkang numpak wonten ngandapipun permukaan air lan wonten ingkang wonten nginggil. Ingkang wonten ngandap menawi bade mundut toyo kedah minggah rumiyin. Sekinten mboten usah munggah mudun., lajeng piyambake nglubangi perahu saking ngandap saaperlu mundut toyo. Aperbuatan meniko sanget mbahayani. Perbuatan bodoh meniko menawi mboten kito cegah, prahunipun mangke bocor, klebetan toyo, akhiripun kerem. Lan ingkang kerem mboten pelakunipun mawon, tapi sedoyo penumpang kapal nderek kerem sedoyo. Mekatenlah pentingipun fungsi amar ma'ruf nahi mungkar. Kanti tegak ipun amar ma;ruf lan nahi mungkar masyarakat bakal selamet lan saget dumugi tujuan. Inggih meniko bejo lan tentrem ndonyo akhiratipun. Hadlirin Jum'ah rahimakumullah, Melakukan amar ma'ruf lan nahi mungkar meniko kedah sesuai kalih kadar kemungkaran lan kekuatan kito. Soho kedah sesuai kalih kaidah2 lan tuntunan agama. Inggih meniko: Jalbul masholih Wa dar-ul mafasid ( Narik kemaslahatan lan menolak kerusakan). Ampun ngantos anggen kito nahi mungkar meniko ngicalaken maslahat ingkang langkung sahe utawi nimbulaken kemungkaran ingkang langkun ageng. Menawi nahi mungkar meniko mboten ngginaaken kaidah2 syar'I ingkang baku, mesti bakal nimbulaken kemungkaran lan kerusakan soho bahaya ingkang langkung ageng. Sak hinggo madlarratipun langkung katah tinimbang manfaatipun. Keranten meniko wonten setunggaling Ulama' ingkang ngendiko; ليكن أمرك بالمعروف ونهيك عن المنكر غير منكر. Usahaake supayo amar ma'ruf lan nahi mungkarmu ora dadi mungkar. Kejawi puniko melakukan amar ma'ruf lan nahi mungkar, meniko kedah mawi akhlaq lan sopan santun ingkang sahe, mboten anarkis, menghujat lan mboten ngolok-olok lan menghina wonten ngajengipun tiyang katah, sak hinggo rumongso bilih awake luwih apik tinimbang pelaku. Menawi melakukan nahi mungkar meniko kedah kanti manah ingkang jembar lan sabar, ampun kanti sombong lan penghinaan. Kito supados tansah emut dating ni'matipun Allah SWT dene punopo mboten nderek terjerumus dating perbuatan mungkar niku. Soho supados emut bilih agami Islam meniko nganjuraken dating kito supados nutupi dating aib ipun tiyang ingkang kepleset dating perbuatan ma'siyat. Kados dawuhipun Rasulullah SAW : من ستر مسلما ستره الله يوم القيامة Sinten ingkang nutupi aib ipun tiyang muslim, Allah SWT bakal nutupi aib ipun mbenjing dinten qiyamat. Nanging menawi pelaku ma'siyat meniko sampun terang2an, sampun dipun emutaken kanti sahe mboten mempan, berarti sampun mbikak satir Allah SWT ingkang nutupi aib ipun tiyang kolo wau. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : كل امتى معافى الا المجاهر . Kabeh ummatku iku dima'fu kejobo ingkang terang2an melakukan ma'siyat. قال الامام احمد رحمه الله: الرجل المعلن بالفسق لا حرمة له Imam Ahmad ngendiko ; Wongkang melakukan perbuatan fasiq kanti ngedeng, iku ora berhak dihormati. Sebab peyambake sampun ngrusak tabir kehormatan pribadinipun piyambak. Milo kemungkaranipun kedah kita cegah supados mboten mremen lan ngrusak tiyang sanesipun. ان الله لا يحب الفساد Allah SWT mboten remen dating kerusakan. Menawi mboten kita cegah kerusakan meniko, kito kuwatir menawi adzab ipun Allah SWT dipun turunaken lan kito kenging dampak ipun.. قال الله تعالى فى كتابه العزيز : فليحذر الذين يخالفون عن امره ان تصيبهم فتنة او يصيبهم عذاب اليم . النور : 63 Wongkang pado nulayani perintahe Allah SWT supoyo podo wedi, maring fitnah utowo sikso gede kang tumibo Kaum muslimin rohimakumullah, Monggo kito isi sisa-sisa umur kito meniko kangge ngatah2 aken amal sholeh lan shodaqoh jariyah kangge sangu benjing menawi kito sowan wonten ngarsanipun Allah SWT. اذا مات ابن أدم انقطع عمله الا من ثلاث صدقة جارية او علم ينتفع به او ولد صالح يدعو له . ( Naliko Bani Adam sampun sedo, milo bakal pedot amale, kejawi tigang perkawis; shodaqoh jariyah, waqaf kangge masjid lan sarana ibadah, ilmu ingkang dipun manfaataken deneng tiyang sanes, utawi anak sholih ingkang tansah ndo'aaken dating piyambakipun). Mumpung kito taksih dipun paringi kesempatan dening Allah SWT arupi kajembaran lan kabagaswaran, monggo proyek akherat, sarana amal jariyah inggih meniko rehab lan pembangunan Masjid kito sedoyo meniko, kita sengkuyung sesarengan, supados inggal rampung lan saget manfaat kengge kaum muslimin sedoyo. Masjid adalah rumah Allah. Maksudipun panggenan kangge ngibadah dateng Allah, kangge sholat, dzikir lan taqorrub dateng Allah SWT. Masjid merupakan panggenan termulya wonten ngarsanipun Allah, karenten meniko sinten ingkang nderek ma'muraken masjid, punopo malih nderek mbangun masjid, tentu termasuk golonganipun tiyang2 ingkang dipun mulyaaken Allah lan termasuk golonganipun tiyang ingkang bekjo benjing wonten ing akhirat. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : من بنى لله مسجدا بنى الله تعالى له بيتا فى الجنة. ( Sinten ingkang mbangun masjid keranten Allah, milo Allah Ta'la bakal mbangunake intana wonten suwargo.) قال ابن عباس رضى الله عنهما : أفضل الجهاد من بنى مسجدا يعلم فيه القرأن والفقه والسنة. رواه شريك عن ليث بن سليم عن يحيى بن كثير عن على الازدى ( Jihad ingkang paling utami inggih meniko membangun masjid ingkang dipun damel mucal Al Qur'an, Fiqh lan Sunnah Nabi Muhammada SAW) عن أنس رضى الله عنه قال قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : من أسرج فى مسجد سراجا لم تزل الملائكة وحملة العرش يستغفرون له ما دام فى ذلك المسجد ضوؤه . أخرجه سليم الرازى فى الترغيب . ( Sinten ingkang maringi lampu kangge menerangi masjid, milo poro malaikat lan malaikat kang nyonggo Arasy sami nyuwunake ngapuro dumateng tiyang kolo wahu, salami sinare lampu kolo wahu wonten ing masjid meniko.) وفال الله تعالى فى كتابه الكريم : •                          ( Perumpamaane wong kang podo menginfaqake bandane fi sabilillah, koyo padane nandur gabah siji kang nukulake sak uli, saben sak uline tukul pitung cabang, saben sak cabang metu satus wiji gabah. Lan Allah nekelake ganjaran maring wong kang dikersaake. Lan Allah Dzat Kang Moho Jembar peparinge soho Moho Mirsani maring opo wae ). Keranten meniko monggo poro sederek, mumpung wonten kesempatan ingkang sahe meniko, lan kita taksih pinaringan kesehatan, kekiyatan lan rizqi, kito manfaataken sisa-sisa umur kito meniko kangge nyelengi lan ngatah2aken amal sholeh, kangge sangu mbenjeng menawi wangsul wonten ngarsanipun Allah. فاتقوا الله عباد الله , واعملوا صالحا واخلصوا العبادة لله وحده , فان الاخلاص شرط فى قبول الاعمال الصالحة. والله سبحانه وتعالى يقول وبقوله يهتدى المهتدون . واذا قرىء القرأن فاستمعوا له وانصتوا لعلكم ترحمون أعوذ بالله من الشيطان الرجيم انما يعمر مساجد الله من أمن بالله واليوم الاخر واقام الصلاة واتى الزكاة ولم يخش الا الله , فعسى اولئك ان يكونوا من المهتدين . بارك الله لى ولكم فى القرأن العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم . أقول قولى هذا واستغفر الله العظيم لى ولكم ولوالدى ووالديكم ولمشايخى ومشايخكم ولسائر المسلمين والمسلمات فاستغفروه انه هو الغفور الرحيم .

Tidak ada komentar: