(30) NURUL 'A'YUN

43 Karya Tulis/Lagu Nur Amin Bin Abdurrahman:
(1) Kitab Tawassulan Washolatan, (2) Kitab Fawaidurratib Alhaddad, (3) Kitab Wasilatul Fudlola', (4) Kitab Nurul Widad, (5) Kitab Ru'yah Ilal Habib Luthfi bin Yahya, (6) Kitab Manaqib Assayyid Thoyyib Thohir, (7) Kitab Manaqib Assyaikh KH.Syamsuri Menagon, (8) Kitab Sholawat Qur'aniyyah “Annurul Amin”, (9) Kitab al Adillatul Athhar wal Ahyar, (10) Kitab Allu'lu'ul Maknun, (11) Kitab Assirojul Amani, (12) Kitab Nurun Washul, (13) Kitab al Anwarullathifah, (14) Kitab Syajarotul Ashlin Nuroniyyah, (15) Kitab Atthoyyibun Nuroni, (16) Kitab al 'Umdatul Usaro majmu' kitab nikah wal warotsah, (17) Kitab Afdlolul Kholiqotil Insaniyyahala silsilatis sadatil alawiyyah, (18) Kitab al Anwarussathi'ahala silsilatin nasabiyyah, (19) Kitab Nurul Alam ala aqidatil awam (20) Kitab Nurul Muqtafafi washiyyatil musthofa.(21) KITAB QA'IDUL GHURRIL MUCHAJJALIN FI TASHAWWUFIS SHOLIHIN,(22) SHOLAWAT TARBIYAH,(23) TARJAMAH SHOLAWAT ASNAWIYYAH,(24) SYA'IR USTADZ J.ABDURRAHMAN,(25) KITAB NURUSSYAWA'IR(26) KITAB AL IDHOFIYYAH FI TAKALLUMIL ARABIYYAH(27) PENGOBATAN ALTERNATIF(28) KITAB TASHDIRUL MUROD ILAL MURID FI JAUHARUTITTAUHID (29) KITAB NURUL ALIM FI ADABIL ALIM WAL MUTAALLIM (30) NURUL 'A'YUN ALA QURRATIL UYUN (31) NURUL MUQODDAS FI RATIBIL ATTAS (32) INTISARI & HIKMAH RATIB ATTAS (33) NURUL MUMAJJAD fimanaqibi Al Habib Ahmad Al Kaff. (34) MAMLAKAH 1-25 (35) TOMBO TEKO LORO LUNGO. (36) GARAP SARI (37) ALAM GHAIB ( 38 ) PENAGON Menjaga Tradisi Nusantara Menulusuri Ragam Arsitektur Peninggalan Leluhur, Dukuh, Makam AS SAYYID THOYYIB THOHIR Cikal Bakal Dukuh Penagon Nalumsari Penagon (39 ) AS SYIHABUL ALY FI Manaqib Mbah KH. Ma'ruf Asnawi Al Qudusy (40) MACAM-MACAM LAGU SHOLAWAT ASNAWIYYAH (bahar Kamil Majzu' ) ( 41 ) MACAM-MACAM LAGU BAHAR BASITH ( 42 ) KHUTBAH JUM'AT 1998-2016 ( 43 ) Al Jawahirun Naqiyyah Fi Tarjamatil Faroidus Saniyyah Wadduroril Bahiyyah Lis Syaikh M. Sya'roni Ahmadi Al Qudusy.

Selasa, 25 April 2017

KHUTBAH FADLILAH RAJAB

خطبة الجمعة عن فضل رجب السلام عليكم ورحمة الله وبركاته الحمد لله الذى ينتهى اليه حمد الحامدين ، ولذيه يزداد شكر الشاكرين ، أحمده حمد خاضع لجلاله وكرمه ، مستزيدٍ لفواضله ونعمه ، واشكره لا خافض لما رفع ولا معلى لما وضع ، واستغفره واتوب اليه من كل ذنب وقع أو اثم سيقع ، اشهد ات لااله الا الله وحده لاشريك له ، فضل بعض الشهور على بعض وجعل فيها مواقيت السنن والفرض ، زيادة فى القلايل من اعمالنا ، ونماء للصالح من افعالنا ، وان تعدوا نعمة الله لا تحصوها ان الله لغفور رحيم . واشهد ان سيدنا وحبيبنا زمرشدنا ومخرجنا من الظلمات الى النور سيدنا ومولانا محمد صلى الله عليه وسلم ارسله الله الى امة شديدٍ ضلالها، كثير جهالها فأنقذها من الضلالة ، وانتسلها من الجهالة ودلها على السنن وحذرها من الفتنْ وكشف عنها كل غُمَّة وكان لها هدى ورحمة.ٍ اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى اله الطيبين الطاهرين ، وصحابته الاكرمين ومن سار على هديهم واقتفى اثرهم الى يوم الدين . أما بعد ، فيا عباد الله - أوصيكم ونفسى بتقوى الله فى السر والعلن وفيما ظهر وما بطن ، واتقوا الله واطيعوه لعلكم تفلحون Kaum muslimin rohimakumullah, Monggo kito ngatah-ngatahaken anggen kito taqwa dumateng Allah SWT, kanti netepi punopo ingkang dados perintah2 ipun Allah, soho nebihi punopo ingkang dados larangan2 ipun Allah, sami ugi wekdal samar utawi wekdal ngedeng. Monggo kito jagi iman kito, ampun ngantos kito pejah kejawi netepi agami Islam. ايها المسلمون ، اعلموا ان رجب شهر فصيل ، والعبادة فيه لها اجر جليل ، خصوصا الصوم فيه والاستغفار ، والتوبة من الاوزار ، وفى اول ليلة منه يستجاب الدعاء فيستحب . Kaum muslimin ingkang minulyo, Kawuningono bilih wulan Rajab meniko setunggaling wulan ingkang mulyo, nglampahi ibadah wonten ing sak lebetipun wulan Rajab bakal pikantuk ganjaran ingkang agung, khususipun nglampahi siyam lan maos istighfar, taubat dating dosa2 ingkang nate dipun lampahi. Nalika awal Rajab do'a2 meniko dipun ijabahi, keranten meniko dipun sunnahaken ngatah2aken do'a. قال صلى الله عليه وسلم : خمس ليال لا ترد فيهن الدعوة : أول ليلة من رجب وليلة النصف من شعبان وليلة الجمعة وليلة الفطر وليلة النحر " اخرجه السيوطى رحمه الله فى الجامع عن ابن عساكر عن ابى امامة رصى الله عته. Wonten 5 dalu do'a-do'a mboten dipun tulak; ingghih meniko; malam pertama wulan Rajab, malam Nisfu Sya'ban, malam Jun'ah, malam Idl Fitri lan malam Idil Adlha. Saking mulyane wulan Rajab ngantos dopun sandaraken lan dipun idlofahaken kalih asmanipun Allah. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : رجب شهر الله وشعبان شهري ورمضان شهر أمتي " اخرجه السيوطى رحمه الله فى الجامع Wulan Rajab iku wulane Allah, wulan Sya'ban iku wulan ingsun lan wulan Ramadlan iku wulane ummat ingsun. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : فضل رجب على سائر الشهور كفضل القرأن على سائر الكلام . اكرموا رجب يكرمكم الله الف كرامة يوم القيامة . Keutamananipun wulan Rajab disbanding kaliyan wulan2 sanesipun kados kautamnipun Al Qur'an ingkang merupakan Kalam Ilahi disbanding kalayan kalam sanesipun. Keranten meniko Kanjeng Nabi nganjuraken dumateng ummatipun : Becik podo mulyaknoho siri kabeh marang wulan Rajab, mengko allah bakal mbales sewu kamulyan besuk ono ing dino qiyamat. Caranipun mulyaaken wulan Rajab meniko, inggih mawi ngatah-ngatahaken amal sholih, kados siyam, shodaqoh, istighfar, sholawat lan menjalin silaturrahim soho damel kerukunan antar warga masyarakat. Kaum muslimin rahimakumullah, Wulan Rajab meniko minongko wulan persiapan kangge mapak dumuginipun wulan Ramadlan. Pramilo menawi dumugi wulan Rajab, Rasulullah do'a ; اللهم كما بلغتنا رجب بلغنا شعبان ورمضان Ya Allah, panjenengan sampun maringi umur panjang ngantos meningi wulan Rajab, mugi –mugi panjengan kerso paring panjang umur ngantos meningi wulan Sya'ban lan Romadlon. رجب شهر القاء البذر وشعبان شهر السقى ورمضان شهر الحصاد Wulan Rajab wulan kanggo nebar lan nandur amal-amal sholeh, wulan Sya'ban wulan kanggo nyirami tanduran amale kanti ndepe-ndepe maring Allah lan wulan Ramadlan wulan panen ganjaran. Sebab wonten ing wulan Ramadlan Allah SWT ngesokaken pinten-pinten ganjaran lan rahmat. Ngantos saking welase Allah dating kito, amal sunnah ingkang dipun lampahi wonten ing wulan Ramadlan dipun ganjar kados amal wajib, lan amal wajib dipun tikelaken ganjaranipun ngantos pitung puluh tikelan. Rehning mekaten, monggo kito mujahadah lan nemen-nemeni anggen kito ibadah terutama wonten ing wulan Rajab meniko. Wulan Rajab wulan dagang, sinten ingkang saget manfaataken wekdal lan kesempatan ingkang sahe meniko, kanti sregep usaha lan nglampahi amal-amal kesahenan, mesti bakal pikantuk keuntungan ganjaran ingkang tikel matikel. Ampun dipun siyak-siyakaken kesempatan ingkang sahe meniko. Mangertoso bilih umur kito meniko terbates. Kito mboten sumerep, punopo tahun ngajeng kito taksih saget meningi wulan Rajab malih punopo boten. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : اغتنم حمسا قبل خمس : شبابك قبل هرمك ، وفراغك قبل شغلك ، وغناك قبل فقرك ، وصحتك قبل سقمك ، وحباتك قبل موتك Becik manfaatnoo limang perkoro sak durunge ketekan limang perkoro : wektu enommu sak durunge tuwo, wektu senggangmu sak durungi sibuk, wktu sugihmu sak durunge fegir, wektu sehatmu sak durunge sakit, lan waktu uripmu sak durune mati. ايها المسلمون ، واذا كانت الازمنة تمتاز بعضها على بعض بما يقع فيها من الحوادث فلرجب حوادث حسيمة وذكريات عظيمة . ففيه ظهرت معجزة الاسراء والمعراج تأييدا للنبى صلى الله عليه وسلم وتصديقل لدعوته . Kaum muslimin rahimakumullah' Menawi waktu setunggal lan setunggalipun meniko anggadahi keistimewaan, wulan Rajab meniko wulan ingkang anggadahi peristiwa ingkang agung. Inggih meniko peristiwa Israo' lan Mi'rojipun junjungan kito Nabi Muhammad SAW, ingkang terjadi tanggal 27 Rajab sak derengipun Kanjeng Hijrah wonten ing Madinah Al Munawwarah. Isro' ateges Kanjeng Nabi dipun lampaheken saking Masjidil Haram ngantos dumugi Masjidil aqsho wekdal dalu. Mi'roj ateges Kanjeng Nabi dipun unggahaken woten langit nagntos dumugi langit sap pitu lan minggah malih ngantos dumugi Mustawa. Wonten ing peristiwa Isro' lan Mi'roj meniko Allah SWT ngetingalaken dating Kanjeng Nabi pinten keajaiban ingkang mboten dipun ketingalaken dating sinten kemawon. Lan ingkang paling utami Kanjeng Nabi arikolo Mi'roj saget sowan langsung dating Hadratillah lan pikantuk dawuh nglampahi sholat 50 wekdal. Arokolo mandap saking ngarsanipun allah kepanggih Nabi Musa, lajeng kapurih nyuwun keringanan. Kanjeng Nabi lajeng wangsul minggah malih nyuwun keringan wungsal wangsul ngantos kantun 5 wekdal ingdalem sedinten sedalu. Meniko nedahaken bilih sholat meniko sanget pentingipun, ngantos perintah sholat meniko kedah dipun tampi secara langsung tanpa perantara malaikat Jibril kadus perintah ibadah sanesipun. الصلاة بمنزلة الرأس فى الجسد Sholat meniko ibaratipun kados sirah tumprapipun jasad. Jasad tanpo sirah mati. الفارق بين المؤمن والكافر الصلاة Ingkang bedaaken antaranipun tiyang mu'min lan tiyang kafir meniko sholat. الصلاة معراج المؤمن Sholat meniko ibaratipun kados tiyang mu'min mi'roj lan sowan soho dialog dating ngarsanipun Allah. Monggo kito jagi sholat kito kanti netepi syarat, rukune lan adabe lahir batin kanti khusyu' lan khudlu', supados dados tiyang ingkang bejo donyo lan akhirat. فاتقوا الله عباد الله , واعملوا صالحا واخلصوا العبادة لله وحده , فان الاخلاص شرط فى قبول الاعمال الصالحة. والله سبحانه وتعالى يقول وبقوله يهتدى المهتدون . واذا قرىء القرأن فاستمعوا له وانصتوا لعلكم ترحمون أعوذ بالله من الشيطان الرجيم سبحان الذى اسرى بعبده ليلا من المسجد الحرام الى المسجك الاقصى الذى باركنا جوله لنريه من اياتنا انه هو السميع البصير بارك الله لى ولكم فى القرأن العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم . أقول قولى هذا واستغفر الله العظيم لى ولكم ولوالدى ووالديكم ولمشايخى ومشايخكم ولسائر المسلمين والمسلمات فاستغفروه انه هو الغفور الرحيم .

Tidak ada komentar: