(30) NURUL 'A'YUN

43 Karya Tulis/Lagu Nur Amin Bin Abdurrahman:
(1) Kitab Tawassulan Washolatan, (2) Kitab Fawaidurratib Alhaddad, (3) Kitab Wasilatul Fudlola', (4) Kitab Nurul Widad, (5) Kitab Ru'yah Ilal Habib Luthfi bin Yahya, (6) Kitab Manaqib Assayyid Thoyyib Thohir, (7) Kitab Manaqib Assyaikh KH.Syamsuri Menagon, (8) Kitab Sholawat Qur'aniyyah “Annurul Amin”, (9) Kitab al Adillatul Athhar wal Ahyar, (10) Kitab Allu'lu'ul Maknun, (11) Kitab Assirojul Amani, (12) Kitab Nurun Washul, (13) Kitab al Anwarullathifah, (14) Kitab Syajarotul Ashlin Nuroniyyah, (15) Kitab Atthoyyibun Nuroni, (16) Kitab al 'Umdatul Usaro majmu' kitab nikah wal warotsah, (17) Kitab Afdlolul Kholiqotil Insaniyyahala silsilatis sadatil alawiyyah, (18) Kitab al Anwarussathi'ahala silsilatin nasabiyyah, (19) Kitab Nurul Alam ala aqidatil awam (20) Kitab Nurul Muqtafafi washiyyatil musthofa.(21) KITAB QA'IDUL GHURRIL MUCHAJJALIN FI TASHAWWUFIS SHOLIHIN,(22) SHOLAWAT TARBIYAH,(23) TARJAMAH SHOLAWAT ASNAWIYYAH,(24) SYA'IR USTADZ J.ABDURRAHMAN,(25) KITAB NURUSSYAWA'IR(26) KITAB AL IDHOFIYYAH FI TAKALLUMIL ARABIYYAH(27) PENGOBATAN ALTERNATIF(28) KITAB TASHDIRUL MUROD ILAL MURID FI JAUHARUTITTAUHID (29) KITAB NURUL ALIM FI ADABIL ALIM WAL MUTAALLIM (30) NURUL 'A'YUN ALA QURRATIL UYUN (31) NURUL MUQODDAS FI RATIBIL ATTAS (32) INTISARI & HIKMAH RATIB ATTAS (33) NURUL MUMAJJAD fimanaqibi Al Habib Ahmad Al Kaff. (34) MAMLAKAH 1-25 (35) TOMBO TEKO LORO LUNGO. (36) GARAP SARI (37) ALAM GHAIB ( 38 ) PENAGON Menjaga Tradisi Nusantara Menulusuri Ragam Arsitektur Peninggalan Leluhur, Dukuh, Makam AS SAYYID THOYYIB THOHIR Cikal Bakal Dukuh Penagon Nalumsari Penagon (39 ) AS SYIHABUL ALY FI Manaqib Mbah KH. Ma'ruf Asnawi Al Qudusy (40) MACAM-MACAM LAGU SHOLAWAT ASNAWIYYAH (bahar Kamil Majzu' ) ( 41 ) MACAM-MACAM LAGU BAHAR BASITH ( 42 ) KHUTBAH JUM'AT 1998-2016 ( 43 ) Al Jawahirun Naqiyyah Fi Tarjamatil Faroidus Saniyyah Wadduroril Bahiyyah Lis Syaikh M. Sya'roni Ahmadi Al Qudusy.

Selasa, 25 April 2017

KHUTBAH JUMUAH ROMADLON JAWA

خطبة جمعة 29 رمضان 1428 هـ الحمد لله الذى كتب على هذه الخليقة فناء وزوالا ، وجعل لكل شيىء منها ادبارا واقبالا ، ليدلنا على ان لكل شيىء نازل رحيلا وانتقالا ، كل شيىء هالك الا وجهه له الحكم واليه ترجعون . احمده سبحانه وتعالى واشكره على ما اعاننا على الصيام والقيام ، واستغفره واتوب اليه واشهد ان لااله الا الله الملك القدوس السلام ، واشهد ان سيدنا محمدا رسول الله سيد الانام . اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعاى اله وصحبه والتابعين لهم باحسان الى يوم يبعثون . اما بعـد ، فيا ايها الناس اوصيكم ونفسى بتقوى الله فى السر والعلن وفيما ظهر وما بطن ، واتقوا الله واطيعوه لعلكم تفلحون . ايها المسلمون ، انقضى شهر رمضان المبارك وعزم على الرحيل ، وصمم على المسير ولم يبقى منه الا القليل ، وسيشهد عليكم بما فعلتم بين يدى الرب الجليل ، يوم توفى كل نفس بما كسبت وهم لايظلمون . فطوبى لمن صام ايامه وقام لياليه بالاحسان والايمان ، وبشرى لمن صان نفسه عن الشهوات والفسوق والعصيان ، وينال الرحمة والمغفرة والعتق من النار فيدخل الجنة عند المللك الديان. Kaum muslimin ingkang minulyo, Kito sampun wonten ing penghujng wulan Roadlan ingkang mubarok, tamu agung sampun bade wangsul nilaraken kito sedoyo, bade paring kesaksian dating kito punopo kito saget netepi hak-hak ipun wulan Ramadlan inggih meniko arupi siyam lan qiyamullail sak lebete wulan Ramadalan meniko punopo mboten. Ramadlan benjing bade dados seksi wonten ing ngarnanipu Allah SWT wonten ing dinten sedoyo amal perbuatan menuso meniko dipun hisab dining Allah kanti adil lan tapis mboten wonten kedzaliman dan mboten wonten ingkang kliwatan. Bejo sanget tiyang-tiyang ingkang netes siyamipun mboten gotang lan mboten dipun kotori kalih ucapan-ucapan ingkang kasar lan kotor soho guneman ingkang mboten berfaedah ingkang terkadang saget ngrisak ganjaranipun siyam kados goroh, ngrasani lan nyatur tiyang sanes, adu-adu lan sumpah palsu. Pramilo rugi sanget kangge tiyang ingkang mboten saget ngrekso anggenipun siyam, mboten saget ninggalaken larangan-laranganipun Allah, punopo malih malah mboten purun siyang wonten ing wulan Ramadlan padahal mboten wonten udzur syar'I, kuat lan sehat wal afiat, tiyang meniko mesti bakal rugi lan menyesal wonten ing dinten qiyamat benjing. Mugi-mugi siyam kito sedoyo dipun tampi dening Allah SWT lan pikantuk syafatipun wulan Ramadlan. Sebab Al Qur'an lan Ramadlan meniko bakal paring syafaat wonten ing ngarsanipu Allah. Al Qur'an matur dating Allah; Ya Allah tiyang meniko naliko gesang wonten ing alam donyo kulo kangelaken, melek lan kesel keranten maos lan nderes kulo (Al Qur'an ). Ramadlan inggih matur dating Allah; Ya Allah, tiyang meniko gesang naliko ing alam donyo ngeleh lan ngorong soho ngekang hawa nafsunipun salami setunggal wulan keranten nglampahi siyam wonten ing wulan Ramadlan, ingkang tujuanipun keranten taat lan ngudi ridlanipun Panjenengan. Kulo nyuwun supados tiyang meniko panjenengan ngapunten dosa-dosanipun lan panjenengan paringi rahmatipun panjenengan Ya Allah. Laporan soho syafaatipun Al Qur'an lan Ramadlan kolo wahu dipun tampi dening Allah SWT. Kanjeng Nabi dawuh : القرأن ورمضان يشفعان يوم القيامة ( Al Qur'an lan Ramadlan bakal paring syafaat besuk ing dino qiyamat.) القرأن شافع مشفع وماحل مصدق . (Al Qur'an meniko nyuwunaken syafaat lan syafaatipun dipun tampi, soho nglapuraken ingkang laporanipun dipun tampi dening Allah). Semanten ugi Ramadlan. ايها المسلمون ، الا فما بقى من رمضان الا ساعات قليلة ، فابكوا على فراقه ولا تفرحوا بزواله ، فان ذلك من دأب الغافلين . ولو تعلمون ما خصه الله تعالى به من وافر جوده وافضاله للصائمين ، لتمنيتم ان تكون السنة كلها رمضان معشر المسلمين . ان الله لذو فضل على الناس ولكن اكثرهم لا يشكرون . Kaum muslimin rahimakumullah, Wonten ing dinten terakhir wulan Ramadlan meniko sampun sak mestinipun kita meniko sedih sebab bade berpisah kalih Ramadlan, wulan pembawa rahmah lan maghfirah. Sebab punopo tahun ngajeng kito saget meningi wulan Ramdlan malih punopo mboten. Saking agenge fadlilah wulan Ramadlan, menawi kito saget mirsani rahmat lan maghfirahipun Allah, soho anugrah ingkang dipun gelar wonten sak lebete wulan Ramadlan, sak yektos kito mesti kepingin setahun meniko Ramadlan sedoyo. Pramilo kelintu menawi pisah kalayan wulan Ramadlan meniko kito malah bungah, keranten Ramadlan sampun telas, sampun mboten siyam malih, mboten ngelih lan ngorong malih. Meniko prilakunipun lare alit-alit lan tiyang-tiyang ghofil ingkang dereng mangertos makna ingkang hakiki lan agenge rahmat lan unugrah ingkang dipun soaken wonten sak lebetipun wulan Ramadlan. Menawi lare-lare alit menika pantes menawi mekaten, sebab ingkang dados penganen-angenipun meniko mburu seneng ngangge pakaian inggal lan menikmati hidangan makanan ingkang enak-enak wonten ing dinten idil fitri. Padahal sak yektosipun ma'na idil fitri meniko seneng-seneng amargi saget hasil memenangkan perlawanan hawa nafsu saget taat dating Allah SWT, mboten keranten ngangge baju inggal. ليس العيد لمن لبس الجديد ولكن العيد لمن طاعته تزيد ومن المعاصى بعيد . Bodo utawi id meniko mboten ingkang sandenganipun anyar-anyar, tapi id ingkang sejati meniko kangge tiyang ingkang taatipun soyo tambah lan soyo tebih saking perbuatan ma'shiyat. Kaum muslimin ingkang dipun rahmati Allah, Kangge nyempurnaaken ibadah siyan kito, mbok bilih wonten siyan kito ingkang tercemari kalih guneman-guneman kotor lan perbuatan-perbutan tercela ingkang ngotori siyan kito, monggo kito bersihi kalih pembersih puasa inggih meniko zakat fitrah. عن ابن عباس رضى الله عنهما قال : فرض رسول الله صلى الله عليه وسلم زكاة الفطر طهرة للصائم من اللغو والرفث وطعمة للمساكين ، فمن اداها قبل الصلاة فهى زكاة مقبولة ومن اداها بعد الصلاة فهى صدقة من الصدقات – رواه ابو داود وابن ماجه . ( Ibnu Abbas ra ngendiko ; Rasulullah SAW majibake zakat fitrah keranten kangge ngresiki dating tiyang ingkang siyam Ramadlan saking perbuatan ingkang muspro tanpo guno lan perbuatan tercela soho kangge maringi makanan dating poro fuqoro' lan masakin. Sinten ingkang nyerahaken zakat fitrahipun sak derange sholat Id, zakatipun dipun tampi dening Allah sebagai zakat ingkang maqbulah. Sinten ingkang nyearahaken zakat fitrah sak ba'danipun sholat Id, milo nilai zakatipun kados sedekah biasa. HR. Abu Dawud lan Ibnu Majah) Wonten ing dinten idil fitri, dinten kemenaganipun ummat Islam melawan hawa nefsu, supados dipun sambut kanti bersuka riya deneng sedoyo kaum muslimin. Ampun ngantos wonten tiyang Islam ingkang saat niku njaluk-njaluk kerenten mboten wonten makanan ingkang dipun dahar. Kangge nedahaken kebersamaan kito ummat Islam wonten ing dinten idil fitri meniko, ngantos sedoyo tiyang Islam dipun haramaken siyam. Lajeng, sak sampunipun kito jungkung ibadah lan menjalin hubungan soho taqorrub dating Allah SWT, kito ugi menjalin hubungan kalih sesami ummat manusia sak hinggo terwujud shilatun bainal Abdi wa rabbihi wa shilatun bainal abdi waghairihi minannaas, hablum minallah wa hablum minannaas, merajut hubungan secara fertikal dating Allah lan hubungan secara horizontal dating sesame bani Adam. Pramilo sak bibaripun siyam Ramadlan lajeng dipun wajibakaen zakat fitrah. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : صوم شهر رمضان معلق بين السماء والارض ولا يرفع الا بزكاة الفطر. ( Ganjaranipun Siyam Ramadlan meniko dipun gantungaken wonten ing antaranipun langit lan bumi, dereng dipun unggahaken lan dereng dipun tampi kanti sempurno kejawi menawi sampun ngedalaken zakat fitrah). ايها المسلمون ، صلوا ارحامكم وزوروا والديكم ومشايخكم واقربائكم خصوصا فى يوم العيد ، فان رسول الله صلى الله عليه وسلم قال : من احب ان يبسط له فى رزقه وان ينسأ له فى اثره فليصل رحمه . Kaum muslimin rahimakumullah, Monggo wonten ing kesempatan dinten Idil Fitri meniko, kito ginaaken kangge silaturrahim, sowan dating ngarsanipun tiyang sepuh kito, guru-guru kito, sesepuh kito lan sanak sedulur soho poro tanggi kito saperlu saling halal-halalan lan saling maaf memaafkan. Sebab Rasulullah SAW dawuh ; Sing sopo wonge kepingin pinaringan jembar rizqine lan panjang umure supoyo podo merluake silaturrahim. Dinten Idil Fitri saat ingkang pas kangge mulai gesang bebrayan kanti suasana ingkang inggal rukun damai, bersalam-salaman saperlu saling memaafkan kekhilafan-kekhilafan masa lalu. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : ما من مسلمين يلتقيان فيتصافحان الا غفر لهما قبل ان يتفرقا . رواه احمد وابو داود وغيرهما عن البراء ابن عازب. ( Menawi wonten tiyang muslim kalih pepanggihan lajeng sami bersalaman, milo dosanipun tiyang kekalih kalo wahu dipun ngapunten sak derengipun berpisah. HR. Ahmad, Abu Dawud lan sanesipun saking Al Bara' ibnu 'Azib ra). Poro Hadlirin ingkang minulyo, Sedoyo tiyang Islam meniko sedulur kados dawuhipun Allah SWT : انما المؤمنون اخوة فاصلحوا بين اخويكم ( Sak yekti kabeh wong mu'min iku sedulur, mulo podo rukuno antrane sedulur siji lan sijine) Keranten sesame tiyang Islam meniko sedulur kados sedulur kandung, pramilo kedah kito jalin tali persaudaraan kito kanti erat, supados kito ummat Islam meniko utuh, mboten bercerai-berai, saling benci menbenci lan saling bermusuhan. Menawi wonten permasalahan monggo kita rembak sesarengan demi keutuhan ummat Islam meniko. Kapan kita bade membangun masyarakat lan kapan kito saget ajak-ajak dating jalan Allah, amar ma'ruf lan nahi mungkar menawi persatuan kito meniko rapuh. Perselisihan lan otot-ototan pendapat mboten bade menyelesaikan masalah, tapi persatuan, perdamaian lan musyawarah ingkang saget menyelesaikan masalah. قال الله تعالى : وان تنازعتم فى شىء فردوه الى الله ( Yen seliramu berselisih maring siji perkoro, supoyo podo bali maring aturane Allah) قال تعالى : ان اكرمكم عند الله اتقاكم ( Sak temene wongkang paling taqwa sangka seliramu kabih, yaiku wongkang paling bertaqwa maring allah SWT ) فاتقوا الله عباد الله ، واعلموا ان الله ليس بغافل عما تعملون . واصلحوا اعمالكم وتداركوا امركم قبل ضياع فرص الزمان واخلصوا العبادة لله الواحد القهار ، فان الاخلاص شرط فى قبول الاعمال الصالحة . Monggo kito tingkataken anggen kito taqwa dating Allah SWT. Mangertoso bilih Allah mboten bakal kesupen dating punopo kemawon ingkang kito lampahi. Monggo kito perbaiki amal perbuatan kito, kito susuli kekurangan lan kekhilafan kito sak derengipun ical kesempatan kangge nambal lan ndandosi kehkilafan kito. Monggo kito ibadah dating Allah kanti ikhlas semata-mata keranten Allah Dzat ingkang moho mirasani, sebab ikhlas meniko ngrupeaken syarat amal sholeh kito dipun tampi deneng Allah SWT. والله سبحانه وتعالى يقول وبقوله يهتدى المهتدون . واذا قرىء القرأن فاستمعوا له وانصتوا لعلكم ترحمون . اعوذ بالله من الشيطان الرجيم وسارعوا الى مغفرة من ربكم وجنة عرضها السموات والارض اعدت للمتقين . الذين ينفقون فى السراء والضراء والكاظمين الغيظ والعافين عن الناس والله يحب المحسنين . بارك الله لى ولكم فى القرأن العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم . اقول قولى هذا واستغفر الله العظيم لى ولكم ولوالدى ووالديكم ولمشايخى ومشايخكم ولسائر المسلمين والمسلمات فاستغفروه انه هو الغفور الرحيم . اهـ

Tidak ada komentar: