(30) NURUL 'A'YUN

43 Karya Tulis/Lagu Nur Amin Bin Abdurrahman:
(1) Kitab Tawassulan Washolatan, (2) Kitab Fawaidurratib Alhaddad, (3) Kitab Wasilatul Fudlola', (4) Kitab Nurul Widad, (5) Kitab Ru'yah Ilal Habib Luthfi bin Yahya, (6) Kitab Manaqib Assayyid Thoyyib Thohir, (7) Kitab Manaqib Assyaikh KH.Syamsuri Menagon, (8) Kitab Sholawat Qur'aniyyah “Annurul Amin”, (9) Kitab al Adillatul Athhar wal Ahyar, (10) Kitab Allu'lu'ul Maknun, (11) Kitab Assirojul Amani, (12) Kitab Nurun Washul, (13) Kitab al Anwarullathifah, (14) Kitab Syajarotul Ashlin Nuroniyyah, (15) Kitab Atthoyyibun Nuroni, (16) Kitab al 'Umdatul Usaro majmu' kitab nikah wal warotsah, (17) Kitab Afdlolul Kholiqotil Insaniyyahala silsilatis sadatil alawiyyah, (18) Kitab al Anwarussathi'ahala silsilatin nasabiyyah, (19) Kitab Nurul Alam ala aqidatil awam (20) Kitab Nurul Muqtafafi washiyyatil musthofa.(21) KITAB QA'IDUL GHURRIL MUCHAJJALIN FI TASHAWWUFIS SHOLIHIN,(22) SHOLAWAT TARBIYAH,(23) TARJAMAH SHOLAWAT ASNAWIYYAH,(24) SYA'IR USTADZ J.ABDURRAHMAN,(25) KITAB NURUSSYAWA'IR(26) KITAB AL IDHOFIYYAH FI TAKALLUMIL ARABIYYAH(27) PENGOBATAN ALTERNATIF(28) KITAB TASHDIRUL MUROD ILAL MURID FI JAUHARUTITTAUHID (29) KITAB NURUL ALIM FI ADABIL ALIM WAL MUTAALLIM (30) NURUL 'A'YUN ALA QURRATIL UYUN (31) NURUL MUQODDAS FI RATIBIL ATTAS (32) INTISARI & HIKMAH RATIB ATTAS (33) NURUL MUMAJJAD fimanaqibi Al Habib Ahmad Al Kaff. (34) MAMLAKAH 1-25 (35) TOMBO TEKO LORO LUNGO. (36) GARAP SARI (37) ALAM GHAIB ( 38 ) PENAGON Menjaga Tradisi Nusantara Menulusuri Ragam Arsitektur Peninggalan Leluhur, Dukuh, Makam AS SAYYID THOYYIB THOHIR Cikal Bakal Dukuh Penagon Nalumsari Penagon (39 ) AS SYIHABUL ALY FI Manaqib Mbah KH. Ma'ruf Asnawi Al Qudusy (40) MACAM-MACAM LAGU SHOLAWAT ASNAWIYYAH (bahar Kamil Majzu' ) ( 41 ) MACAM-MACAM LAGU BAHAR BASITH ( 42 ) KHUTBAH JUM'AT 1998-2016 ( 43 ) Al Jawahirun Naqiyyah Fi Tarjamatil Faroidus Saniyyah Wadduroril Bahiyyah Lis Syaikh M. Sya'roni Ahmadi Al Qudusy.

Selasa, 25 April 2017

KHUTBAH JAWA RAJAB

خطبة الجمعة 19 رجب 1428 هـ السلام عليكم ورحمة الله وبركاته الحمد لله الذى ينتهى اليه حمد الحامدين ولديه يزداد شكر الشاكرين , احمده حمد خاضع لجلاله وكرمه مستزيد لفواضله ونعمه ، واشكره لاخافض لما رفع ولا معلى لما وضع ، واسنغفره واتوب اليه من كل ذنب وقع او اثم سيقع ، فيا رب الارباب ويا مسحر السحاب عافنا فيمن عافيت وتولنا فيمن توليت ، واصرف عنا شر ما قضيت والطف بنا فيما جرت به المقادير . اشهد ان لااله الا الله وحده لاشريك له فضل بعض الشهور على بعض وجعل فيها مواقيت السنن والفرض زيادة فى القليل من اعمالنا ونماء للصالح من افعالنا وان تعدوا نعمة الله لاتحصوها ان الله لغفور رحيم . واشهد ان سيدنا وحبيبنا ومرشدنا زمخرجنا من الظلمات الى النور سيدنا محمدا صلى الله عليه وسلم ارسله الله الى امة شديد ضلالها كثير جهالها فأنقذها من الضلالة وانتسلها من الجهالة ودلها على السنن وحذرها من الفتن وكشف عنها كل غمة زكان لها هدى ورحمة . اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى اله واصحابه صلاة نبلغ بها رضا الرحمن وننال بها يون الفزع الاكبر الامان. أما بعد ـ فيا ايها المسلمون ـ اوصيكم ونفسى بتقوى الله فى السر والعلن وفيما ظهر وما بطن ، واتقوا الله واطيعوه لعلكم تفلحون . Kaum muslimin rahimakumullah, Monggo kito tingkataken anggen kito taqwa dating Allah SWT, kanti nglampahi dating printah2ipun Allah soho nebihi dateang larangan2ipun Allah. Monggo kito jagi iman kito ampun ngantos pejah kejawi netepi agami Islam. أيها المؤمنون ـ تدور الايام وتنتهى الشهور وتتغير الاحوال ، فسبحان الذى لاتغيره الازمان ولا تبدله الاحوال سيحان الله رب العالمين . فوجدنا انفسنا فى اواخر شهر رجب المكرم وبعد قليل يأتى شعبان. Hadlirin Jum'ah ingkang minulyo, Sampun dados kersnipun Allah SWT bilih mongso meniko tansah gilir gumanti, wanci dalu telas gantos rinten, rinten telas gantos dalu malih, dinten terus lumampah gantos seminggu, seminggu dados sewulan, sewulan dados setahun. Mekaten sak lajengipun sedoyo perkawis meniko tansah berobah ingkang dipun sertani robahing mongso lan kawontenan. Moho suci Allah dzat ingkang moho langgeng ingkang damel perobahanipun mongso lan kawontenan wonten ing alam semesta meniko. Cepet sanget mongso meniko bergulir, boten kraos bilih sak meniko kito sampun wonten ing akhir wulan Rajab, sekedap malih bade mlebet wulan Sya'ban. والله قد فضل بعض الشهور على بعض ، فرجب من الشهور المفضلة كما اخبر به رسول الله صلى الله عليه وسلم : رجب شهر الله وشعبان شهرى ورمضان شهر امتى . ففضل رجب فى الثلث الاول لان فيها اول رجب وفضل شعبان فى الثلث الثانى لان فيها نصف شعبان وفضل رمضان فى الثلث الاخر لان فيها ليلة القدر. Allah SWT ngutamaken sebagian wulan dateng wulan sanesipun . Wulan Rajab salah setunggaling wulan ingkang dipun istimewaaken denemg Allah SWT, kados Hadits ingkang dipen dawuhaken Rasulullah SAW; Wulan Rajab kuwi wulane Allah, wulan Sya'ban wulan ingsun lan wulan Romadlon wulane ummatku. Kautamananipun wulan Rajab wonten sepertelon wulan kang awal, sebab wonten tanggal setunggal Rajab, sinten ingkang ndongo dateng Allah wonten ing tanggal setunggal Rajab, donganipun mboten bakal dipun tolak, lan sinten ingkang siam sedinten wonten ing wulan Rajab mesti bakal minum telogo Rajab kang toyane langkung manis tinimbang madu lan langkung putih tinimbang susu. Sinten ingkang minum toyo saking telogo Rajab, mesti mboten bakal ngorong selawase. Kautamananipun wulan Sya'ban wonten ing sepertelon wulan kang tengah, sebab wonten malam Nisfu Sya'ban lan kautamananipun wulan Ramadlan wonten ing sepertelon wulah kang akhir, sebab wonten malam Lailatul Qodar. أيها المؤمنون ـ واذا كانت الازمنة تمتاز بعضها على بعض بما يقع فيها من الحوادث فلرجب حوادث جسيمه وذكريات عظيمة . ففيه ظهرت معجزة الاسراء والمعراج تأييدا للنبى صلى الله عليه وسلم وتصديقا لدعوته . فقد اسرى بروحه الطاهرة وجسده الشريفة من المسجد الحرام الى المسجد الاقصى ثم عرج به الى السموات العلى حتى دخل الى المستوى الذى سمع فيه صريف الاقلام واراه الله تعالى من الايات والكائنات ما لم يطلع عليه غيره . Kaum muslimin rahimakumullah, Menawi wulan meniko wonten ingkang istemewa, wulan Rajab merupakan salah setunggaling wulan ingkang sanget istemewa, sebab wonten ing wulan Rajab terjadi peristiwa agung inggih meniko mu'jizat Isro' Mi'roj ipun Junjungan kito Nabi Muhammad SAW kangge bukteake bilih ajaran lan da'wahipun Kanjeng Nabi Muhammad meniko hak, leres2 saking ngarsanipun Allah. Isro' inggih meniko perjalananipun Kanjeng Nabi wiwit saking Masjidil Haram Makkah Al Mukarromah dumugi wonten ing Masjidil Aqsho Palestina wonten ing sebagian wekdal dalu. Wonten ing peristiwa Isro' meniko Kanjeng Nabi mboten tindak saking kersanipun piyambak, tapi dipun lampahake dening Allah SWT ruh lan jasadipun. Dados peristiwa Isro' meniko ingkang bertindak Allah, mawi kekuasaanipun Allah, sanes tindakanipun lan kekiatanipun Kanjeng Nabi selaku makhluqipun Allah. Kanjeng Nabi namung nglampahi punopo ingkang dipun kersaaken Allah. Milo dawuhipun Allah meniko : سبحان الذى اسرى بعبده ليلا من المسجد الحرام الى المسجد الاقصى Moho suci Allah ingkang nglampahake kawulane wonten ing wekdal dalu saking Masjidil Haram dateng Masjidil Aqsho. Allah miwiti dawuhipun mawi kalimat "Subhaana" artosipun "Moho suci" saking sifat naqois, moho suci saking sifat apes lan ketidak mampuan. Allah dzat ingkang moho kuaos. Kuoso mempersingkat waktu, ingkang mestinipun perjalanan saking Masjidil Haram dumugi Masjidil aqsho meniko dipun tempuh sebulan saget dipun tempuh dalam waktu sebagian malam. Lan mboten dalam keadaan mimpi. Milo katah tiyang kafir ingkan sami ingkar wakdal mireng cerito Isro' meniko. Menawi mimpi, tentu mboten wonten ingkang ingkar. Milo dawuhipun Allah mawi kalimat"Bi'abdihi" artosipun " Kawulonipun". Abdun meniko kawulo ingkang arupi jasad lan ruh. Menawi kito ningali peristiwa Isro' meniko, kito kedah ningali kekuasaanipun Allah, bilih ingkang bertindak meniko Allah soho ngginaake aturanipun Allah, mboten mawi aturanipun makhluq ingkang kekiatanipun sanget terbates. Pramilo peristiwa Isro' meniko mu'jizat keranten pancen nulayani dateng adat lan kekiatanipun makhluq, mu'jizat kangge nguwataken da'wahipun Kanjeng Nabi lan kangge nedahaken kekuasaanipun Allah. Kanggenipun tiyang mu'min peristiwa Isro' malah dadosaken tambah kandel imanipun dateng Allah lan tambah ta'dzimipun dateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Tapi kangge tiyang kafir malah soyo tambah ingkaripun dateng Allah lan Rasulullah SAW. Kaum muslimin rohimakumullah, Sak sampunipun Kanjeng Nabi dipun Isro'aken, lajeng dipun mi'rojaken utawi dipun inggahaken wonten ing langit sap pitu lan minggah malih ngantos dumugi Mustawa mireng suaranipun Qolam ingkang nyerat dateng sedoyo prilakunipun ummat manusia lan sedoyo perkawis ingkang wonten ing alam semesta, soho dipun tingalaken keanehan2 ingkang dereng nate dipun tingali sak derengipun. ففى ليلة المعراج رأى رسول الله صلى الله عليه وسلم ربه بعينيى رأسه كما رجحه اكثر العلماء ومنهم الامام النواوى فى شرح صحيح مسلم Arikolo Mi'roj Kanjeng Nabi Muhammad dipun ketingalaken dating Dzatipun Allah SWT, kados keteranganipun poro Ulama'. Ing antawisipun Imam Nawawi wonten ing kitab Syarah Shohih Muslim. اتفق العلماء على ان المؤمنين يرون الله عز وجل فى الجنة من غير كيف ولا تمثيل . وهذه الرؤية من اكبر النعم التى ليست بعدها نعمة. Poro Ulama' sepakat bilih tiyang2 Mu'min wonten ing suargo benjing bakal saget mirsani Allah SWT kanti mboten kados nopo2. Lan meniko merupakan ni'mat ingkang agung, ingkang mboten wonten bandinganipun. الذ شيىء فى الجنة النظر الى وجه الله تعالى ، والذ شيىء فى الدنيا النظر الى وجه النبى صلى الله عليه وسلم ثم النظر الى وجه العلماء. Paling onjo keni'matan wonten ing suargo inggih meniko ningali dzatipun Allah SWT, paling onjo keni'matan wonten ing ndonyo meniko ningali wajahipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW lajeng ningali wajahipun poro Ulama'. حكى ان الله سبحانه وتعالى بعد ان انعم على اهل الجنة بانواع من النعم قال لهم : هل رضيتم ؟ قالوا : وما لنا لانرضى يا ربنا وقد اعطيتنا هذه النعم الكثيرة . قال : هل من مزيد ؟ فتحيروا ولم يعرفوا ماذا يسألون . فيأتون الى رجل عالم فى الجنة فأرشدهم الى طلب رؤية وجه الله عز وجل ففعلوا ذلك فيرون الله تعالى من غير كيف ولا تمثيل – ليس كمثله شيىء وهو السميع البصير Dipun ceritaake; Bilih Allah SWT sak ba'danipun paring pinten2 keni'matan dateng ahli suargo, Allah dawuh; Opo seliramu kabeh wis ridlo maring keni'matan iki? Ahli suargo jawab; Kados pundi kok kito mboten ridlo, Panjenengan rak sampun paring keni'matan sak menten katahe. Allah dawuh; Opo ora pingin njaluk tambah maneh? Poro ahli suargo podo bingung, kiro2 njaluk opo maneh kang perlu. Banjur podo sowan maring wong alim kang ono ing suargo. Wong alim kuwi banjur maringi pengarahan supoyo nyuwun maring Allah saget mersani Dzatipun Allah Azza wa Jalla. Lajeng sak estu panyuwunane dipun kabulaken, lajeng sami saget mersani Allah SWT kanti pertelo lan mboten kados nopo2. Dzatipun Allah mboten kados jumlegeripun makhluq. Allah nulayani dateng sedoyo makhluq lan mboten kados punopo ingkang kito bayangaken. Kisah meniko maringi pelajaran dateng kito bilih tiyang meniko butuh dateng Ulama', mboten namung wonten ing alam ndonyo kemawon, tapi ngantos benjing wonten suargo. العلماء ورثة الانبياء - Ulama' meniko pewaris para Nabi. Ilmunipun poro Ulama' meniko merupakan salah setunggaling pilar tegakipun dunyo, menawi mboten wonten Ulama' mesti bakal kacau balau tata kehidupan masyarakat. العلماء فى الامة كالملح فى الطعام - Ibarat masakan Ulama' meniko lirkadyanipun uyah, masakan tanpo uyah mesti mboten karu2an raosipun. ايها المسلمون – وفى المعراج وفى هذا الشهر المبارك فرض الله سبحانه وتعالى الصلوات الخمس التى هى عماد الدين واعظم قواعد الاسلام , فمن تركها فقد ترك الدين ومن هدمها فقد هدم الدين . Kaum muslimin rahimakunullah, Wonten ing peristiwa Mi'roj lan wonten ing wulan Rajab, Kanjeng Nabi pikantuk dawuh saking Allah supados nglampahi sholat gangsal wekdal, ingkang minongko dados cagakipun agami lan minongko dados pondasupun Islam. Sinten ingkang ninggal sholat persasat ninggal agami lan sinten ingkang ngrobohake sholat persasat ngrobohake agami. روى عن النبى صلى الله عليه وسلم انه قال : اول ما يحاسب عليه المرء يوم القيامة الصلاة فان صلحت صلح سائر عمله وان فسدت فسد سائر عمله. Pertama kali tiyang dipun hisab benjing wonten ing dino qiyamat meniko sholatipun. Menawi sholatipun sahe, sedoyo amalipun dipun etang sahe sedoyo. الصلاة بمنزلة الرأس فى الجسد Ibarat organ tubuh manusia, sholat meniko kados dene sirah. Jasad tanpo sirah mesti mati, mboten kangge lan mboten wonten regane. Senajan tangane utuh lan sikile utuh. Kados mekaten pentingipun sholat, ngantos Kanjeng Nabi katimbalan langsung sowan wonten ngarsanipun Allah saperlu nampi dawuh sholat, mboten melalui Malaikat Jibril kados menawi nampi wahyu lan dawuh ngengingi zakat lan siyam. Sholat ugi dados tondo perbedaan antaranipun tiyang mu'min lan tiyang kafir. الفارق بين المؤمن والكافر الصلاة Perkawis kang mbedaake antaranipun tiyang mu'min lan tiyang kafir meniko sholat. Pramilo monggo kito tingkataken kwalitas sholat kito kanti khusyu' lan khudlu' supadus saget nyegah dateng fakhsya' lan mungkar. قال الله تعالى فى كتابه العزيز : ان الصلاة تنهى عن الفحشاء والمنكر Sak estu sholat meniko nyegah perbuatan keji lan mungkar. Terkadang kita tingali katah ingkang sholat, tapi taksih nglampahi perbuatan fakhsya' lan mungkar. Meniko sebab anggenipun sholat dereng saget sesuai kalih syarat, rukun lan adab-adabipun sholat kados khusyu' lan khudlu'. Pramilo kito perlu ngatah-ngtahaken sholat sunnat kangge nambeli dateng kekirangan-kekirangan anggen kito sholat fardlu. Kados sholat sunnat qobliyyah lan ba'diyyah, sholat dluha, sholat tahajjud, sholat witir lan sanesipun. فاتقوا الله عباد الله واعملوا صالحا لاسيما فى هذا الشهر المبارك ، واخلصوا العبادة لله وحده وداموا عليه ، فان الاخلاص شرط فى قبول الاعمال الصالحة. والله سبحانه وتعالى يقول وبقوله يهتدى المهتدون . واذا قرىء القرأن فاستمعوا له وانصتوا لعلكم ترحمون. أعوذ بالله من الشيطان الرجيم . سبحان الذى اسرى بعبده ليلا من المسجد الحرام الى المسجد الاقصى الذى باركنا حوله لنريه من اياتنا انه هو السميع البصير. بارك الله لى ولكم فى القرأن العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم . اقول قولى هذا واستغفر الله العظيم لى ولكم ولوالدى ووالديكم ولسائر المسلمين والمسلمات فاستغفروه انه هو الغفور الرحيم. KHUTBAH RAJA

Tidak ada komentar: