(30) NURUL 'A'YUN

43 Karya Tulis/Lagu Nur Amin Bin Abdurrahman:
(1) Kitab Tawassulan Washolatan, (2) Kitab Fawaidurratib Alhaddad, (3) Kitab Wasilatul Fudlola', (4) Kitab Nurul Widad, (5) Kitab Ru'yah Ilal Habib Luthfi bin Yahya, (6) Kitab Manaqib Assayyid Thoyyib Thohir, (7) Kitab Manaqib Assyaikh KH.Syamsuri Menagon, (8) Kitab Sholawat Qur'aniyyah “Annurul Amin”, (9) Kitab al Adillatul Athhar wal Ahyar, (10) Kitab Allu'lu'ul Maknun, (11) Kitab Assirojul Amani, (12) Kitab Nurun Washul, (13) Kitab al Anwarullathifah, (14) Kitab Syajarotul Ashlin Nuroniyyah, (15) Kitab Atthoyyibun Nuroni, (16) Kitab al 'Umdatul Usaro majmu' kitab nikah wal warotsah, (17) Kitab Afdlolul Kholiqotil Insaniyyahala silsilatis sadatil alawiyyah, (18) Kitab al Anwarussathi'ahala silsilatin nasabiyyah, (19) Kitab Nurul Alam ala aqidatil awam (20) Kitab Nurul Muqtafafi washiyyatil musthofa.(21) KITAB QA'IDUL GHURRIL MUCHAJJALIN FI TASHAWWUFIS SHOLIHIN,(22) SHOLAWAT TARBIYAH,(23) TARJAMAH SHOLAWAT ASNAWIYYAH,(24) SYA'IR USTADZ J.ABDURRAHMAN,(25) KITAB NURUSSYAWA'IR(26) KITAB AL IDHOFIYYAH FI TAKALLUMIL ARABIYYAH(27) PENGOBATAN ALTERNATIF(28) KITAB TASHDIRUL MUROD ILAL MURID FI JAUHARUTITTAUHID (29) KITAB NURUL ALIM FI ADABIL ALIM WAL MUTAALLIM (30) NURUL 'A'YUN ALA QURRATIL UYUN (31) NURUL MUQODDAS FI RATIBIL ATTAS (32) INTISARI & HIKMAH RATIB ATTAS (33) NURUL MUMAJJAD fimanaqibi Al Habib Ahmad Al Kaff. (34) MAMLAKAH 1-25 (35) TOMBO TEKO LORO LUNGO. (36) GARAP SARI (37) ALAM GHAIB ( 38 ) PENAGON Menjaga Tradisi Nusantara Menulusuri Ragam Arsitektur Peninggalan Leluhur, Dukuh, Makam AS SAYYID THOYYIB THOHIR Cikal Bakal Dukuh Penagon Nalumsari Penagon (39 ) AS SYIHABUL ALY FI Manaqib Mbah KH. Ma'ruf Asnawi Al Qudusy (40) MACAM-MACAM LAGU SHOLAWAT ASNAWIYYAH (bahar Kamil Majzu' ) ( 41 ) MACAM-MACAM LAGU BAHAR BASITH ( 42 ) KHUTBAH JUM'AT 1998-2016 ( 43 ) Al Jawahirun Naqiyyah Fi Tarjamatil Faroidus Saniyyah Wadduroril Bahiyyah Lis Syaikh M. Sya'roni Ahmadi Al Qudusy.

Selasa, 25 April 2017

KHUTBAH AMAR MA'RUF

خطبة الجمعة عن اصطناع المعروف ( جمادى الاخيرة 1430) السلام عليكم ورحمة الله وبركاته الحمد لله الذى أمر عباده باتباع الشرع الشريف والعمل بالدين ، وبين الحلال والحرام على لسان رسوله الامين ، وكتب السعادة لمن عمل بكتابه المبين ، وقضى بالذلة والشقاء على من خالف أمره فلا يسأل عما يفعل وهم يسألون . أحمده سبحانه وتعالى وأشكره على ما وهب من الخيرات الحسان ، وأستغفره وأشهد أن لااله الا الله الكريم المنان ، وأشهد ان سيدنا محمدا رسول الله عظيم الحجة والبرهان . اللهم صل وسلم على سيدنا ومولانا محمد وعلى اله وصحبه عدد ما كان وما يكون . أما بعد ، فيا عباد الله – أوصيكم ونفسى بتقوى الله فى السر والعلن وفيما ظهر وما بطن ، واتقوا الله وأطيعوه لعلكم تفلحون . Kaum muslimin rohimakumullah, Monggo kito ngatah-ngatahaken anggen kito taqwa dumateng Allah SWT, kanti netepi punopo ingkang dados perintah2 ipun Allah, soho nebihi punopo ingkang dados larangan2 ipun Allah, sami ugi wekdal samar utawi wekdal ngedeng. Monggo kito jagi iman kito, ampun ngantos kito pejah kejawi netepi agami Islam. ايها الناس ، اعلموا أن زماننا هذا هو الموصوف بأحر الزمان ، لقد ضعف الدين وكثر الفتن فى كل قطر ومكان ، ورفعت رايات الكفار بين المسلمين وعزّ لهم الشأن ، وذلك لتركنا الامر بالمعروف والنهى عن المنكر ، فانا لله وانا اليه راجعون . Kaum muslimin ingkang minulyo, Perlu kita mangertoso bilih zaman ingkang lewati meniko zaman akhir, zaman ingkang semangat ngamalaken agami sampun mulai melemah, fitnah menfitnah sampaun dados perkawis ingkang limprah, memfitnah tiyang sanes mboten rumaos dosa – padahal fitnah meniko langkung kejam tinimbang pembunuhan – lan meniko terjadi wonten pundit-pundi daerah soho wonten ing berbagai kalangan masyarakat elit utawi masyarakat awam. Kito kaum muslimin terlalu senang niru gaya hidupipun tiyang-tiyang Kafir ingkang mboten gadah pegangan agama norma-norma agama. Terkadang menganggap bilih gaya hidup tiyang barat meniko modern, maju lan bermartabat. Padahal tebih saking norma ajaran ingkang dipun ajaraken deneng panutan kita Nabi Muhammad SAW. Meniko sedoyo keranten anggen kito tebih dating tuntuna ajaran agami Islam, kito meninggalkan amar ma'ruf lan nahi mungkar. Inna lillah wa Inna ilaihi raji'un. لقد امركم الله ان تتعلموا امور الدين وان تعملوا بكتاب الله وسنة رسوله الامين ، وحذركم عن الميل الى الشهوات ونهاكم عن اتباع النفس والشيطان اللعين ، وما الله بغافل عما تعملون . Hadlirin ingkang minulyo, Allah SWT, sampun perintah dating kito sedoyo supados mempelajari agami, soho ngamalaken tuntunan agami ingkang sampun dipun ajaraken wonten ing kitab suci al Qur'an soho wonten ing hadits rosul. Monggo kita pelajari babakan agami meniko melalui pengajian-pengajian ingkang sampun wonten ing masjid-masjid utawi mushollah-musholla utawi wonten ing madrasah2,. Monggo kita ajak anak-anak kita memanfaataken masa kanak-kanak lan masa remajanipun kangge ngudi kaweruh babakan agami ingkang bakal manfaati wonten ing donya lan akhiratipun. Anak meniko amanah saking Allah ingkang kedah kito gulowantah lan kita didik mawi didikan agami lan akhlaqul karimah. Ampun ngantos kita meniko salah didik, sebab kita bakal dipun suwuni pertanggungan jawab wonten ing ngarsanipun Allah. Menawi anak meniko kita didik ingkang sahe lan dados putra putri ingkang sholeh, ngantos kita sampun pejah lan manggen wonten ing alam barzah, kita tansah pikantuk ganjaran lan rahmat saking Allah, sebab putra kalawahu tansah kirim do'a lan amal-amal kesahenanipun ingkang dipun lampahi anak shalih kasebat, kita nderek pikantuk ganjaranipun. Sebab ngnatos anak kala wahu dados anak shalaih, mboten sanes inggih sebab jerih payah tiyang sepuhipun ingkang sampun paring gulowentah. Wonten ing akhirat benjing, wonten salah setunggaling tiyang dumadaan pikantuk hadiyah sakingb Allah SWT arupi mahkota kados layakipun mahkota raja. Tiyang kolo wahu lajeng tangklet, meniko hadiyah punopo ? Kulo meniko mboten raja, lan mboten alim, mboten apal Al Qur'an tur mboten gadah amal ingkang istemewa kok pikantuk anugerah ingkang kados mekaten agenge. Lajeng dipun jawab; Hiyo, hadiyah iki pancen layak kanggo seliramu, sebab anggunmu ndidik anakmu sehingga anakmu apal Al Qur'an. Kados mekaten pentingipun ndidik anak-anak kita lan masyarakat kita, sakhingga pikantuk anugrah ingkang agung saking Allah SWT. Sak wangsulipun, menawi pendidikan agami meniko kita klerwaaken, amar ma'ruf mboten kita perdulialen, sak hinggo perbuatan ma'shiyat lan kemungkaran merajalela wonten ing pundit-pundi panggenan, milo kita kuatir menawi adzab Allah meniko dipun turunaken. Menawi adzab meniko turun, ingkang terkena adzab meniko mboten ingkang melakukan kejahatan kemawon, tapi bakal sumrambah dumateng sedoyo tiyang ingkang wonten sekitaripun. Kita gesang bebrayan wonten ing masyarakat meniko ibarat numpak kapal induk, wonten ingkang manggen ing bagian ngandap, wonten ingkang numpak ing bagian nginggil. Tiyang ingkang numpak ing ngandap arikolo bade mundut toyo kangge kebetahanipun piyambak mboten purun minggah mundut toyo saking nginggil, lajeng mbolongi dinding kapal ingkang wonten ngandap supados cepet, milo tindakan tiyang meniko tindakan ingkang salah lan berbahaya. Menawi penumpang kapal meniko mboten purun mencegah tindakan ingkang salah lan mengancap keselamatan seluruh penumpang kapal kasebat, milo saget dipun pastiaken bilih kapal bakal bocor lan akhiripen saget kerem, lan ingkang kerem mboten naming pelkunipun mawon, tapi sedoyo penumpang kapal bakal nderek kerem sedoyo. Menikolah pentingipun amar ma'ruf lan nahi mungkar wonten ing tengah- tengah masyarakat. Kaum muslimin rahimakumullah, Sahe lan sejahteranipun masyarakat meniko tergantung kalih pribadi kito masing2 sami ndereaken tuntunan lan petunjuk agami Islam, soho anggen kito nglampahi syariat lan ibadah dating Allah SWT lan ndereaken sunnah lan tindak lampahipun junjungan kito Nabi Muhammad SAW soho dereaken dawuh2 Al Quran, kitab suci ingkang dados tuntunan kaum muslimin sedoyo. Perlu kito mangertosi bilih kunci utama tentremipun masyarakat inggih meniko tegakipun nilai2 agama . Nilai soho norma agama seget tegak menawi fungsi amar ma'ruf lan nahi mungkar meniko saget berfungsi kanti maksimal. Sebab amar ma'ruf lan nahi mungkar meniko ngrupeaken benteng ingkang kokoh lan tameng ingkang kuat kangge menangkal pengaruh jahat, fitnah lan pinten2 kemaksiyatan ingkang ngrusak dating generasi masyarakat. Menawi fungsi amar ma'ruf lan nahi mungkar meniko saget dipun galakaken lan saget sumebar wonten ing pundi2 panggenan, pendidikan, pengaosan lan da'wah sumrambah ngantos dumugi ing plosok2 daerah, masyarakat mesti bakal tanbah ilmu agamanipun, tambah terang manahipun, saget mbedaaken pundi ingkang haq lan pundit ingkang batil, pundi ingkang salah lan pundit ingkang leres. Wontenipun keresahan masyarakat, meniko akibat saking pengaruh perbuatan jahat ingkang mlebet lan mempengaruhi anak2 kito. Pengaruh meniko saget mlebet amargi lemahipun fungsi amar ma'ruf lan nahi mungkar. Sebagai ummat Islam kito kedah nggadahi roso cemburu dating hal2 lan pengaruh ingkang seget ngrusak dating mentalipun anak2 lan generasi kita. Kito mboten kenging bersikap masa bodoh dating perkawis mungkar ingkang wonten ing lingkungan kito. Kito kedah berusaha menghilangkan kemungkaran sesuai kalih kemampuan kito piyambak2. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : من رأى منكم منكرا فليغيره بيده ، فان لم يستطع فبلسانه وان لم يستطع فبقلبه . وذلك اضعف الايمان . Sinten ingkang ningali kemungkaran supados merubah melalui tangan lan kekuasaan ipun, menawi mboten saget ingkar mawi tanganipun, milo ingkar mawi lisanipun. Menawi mboten seget ingkar mawi lisanipun, milo supados ingkar mawi manahipun. Lan meniko ngrupeaken iman ingkang lemah. Hadlirin Jum'ah rahimakumullah, Melakukan amar ma'ruf lan nahi mungkar meniko kedah sesuai kalih kadar kemungkaran lan kekuatan kito. Soho kedah sesuai kalih kaidah2 lan tuntunan agama. Inggih meniko: Jalbul masholih Wa dar-ul mafasid ( Narik kemaslahatan lan menolak kerusakan). Ampun ngantos anggen kito nahi mungkar meniko ngicalaken maslahat ingkang langkung sahe utawi nimbulaken kemungkaran ingkang langkun ageng. Menawi nahi mungkar meniko mboten ngginaaken kaidah2 syar'I ingkang baku, mesti bakal nimbulaken kemungkaran lan kerusakan soho bahaya ingkang langkung ageng. Sak hinggo madlarratipun langkung katah tinimbang manfaatipun. Keranten meniko wonten setunggaling Ulama' ingkang ngendiko; ليكن أمرك بالمعروف ونهيك عن المنكر غير منكر. Usahaake supayo amar ma'ruf lan nahi mungkarmu ora dadi mungkar. Kejawi puniko melakukan amar ma'ruf lan nahi mungkar, meniko kedah mawi akhlaq lan sopan santun ingkang sahe, mboten anarkis, menghujat lan mboten ngolok-olok lan menghina wonten ngajengipun tiyang katah, sak hinggo rumongso bilih awake luwih apik tinimbang pelaku. Menawi melakukan nahi mungkar meniko kedah kanti manah ingkang jembar lan sabar, ampun kanti sombong lan penghinaan. Kito supados tansah emut dating ni'matipun Allah SWT dene punopo mboten nderek terjerumus dating perbuatan mungkar niku. Soho supados emut bilih agami Islam meniko nganjuraken dating kito supados nutupi dating aib ipun tiyang ingkang kepleset dating perbuatan ma'siyat. Kados dawuhipun Rasulullah SAW : من ستر مسلما ستره الله يوم القيامة Sinten ingkang nutupi aib ipun tiyang muslim, Allah SWT bakal nutupi aib ipun mbenjing dinten qiyamat. Nanging menawi pelaku ma'siyat meniko sampun terang2an, sampun dipun emutaken kanti sahe mboten mempan, berarti sampun mbikak satir Allah SWT ingkang nutupi aib ipun tiyang kolo wau. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : كل امتى معافى الا المجاهر . Kabeh ummatku iku dima'fu kejobo ingkang terang2an melakukan ma'siyat. قال الامام احمد رحمه الله: الرجل المعلن بالفسق لا حرمة له Imam Ahmad ngendiko ; Wongkang melakukan perbuatan fasiq kanti ngedeng, iku ora berhak dihormati. Sebab peyambake sampun ngrusak tabir kehormatan pribadinipun piyambak. Milo kemungkaranipun kedah kita cegah supados mboten mremen lan ngrusak tiyang sanesipun. ان الله لا يحب الفساد Allah SWT mboten remen dating kerusakan. Menawi mboten kita cegah kerusakan meniko, kito kuwatir menawi adzab ipun Allah SWT dipun turunaken lan kito kenging dampak ipun.. قال الله تعالى فى كتابه العزيز : فليحذر الذين يخالفون عن امره ان تصيبهم فتنة او يصيبهم عذاب اليم . النور : 63 Wongkang pado nulayani perintahe Allah SWT supoyo podo wedi, maring fitnah utowo sikso gede kang tumibo Kaum muslimin rohimakumullah, Monggo kito isi sisa-sisa umur kito meniko kangge ngatah2 aken amal sholeh lan berbuat kesahenan. Jenis lan ragam amal shaleh meniko kataha sanget. Diantaranipun meniko menjalain seduluran lan menumbuhkan kasih saying diantara sesame kaum muslimin tanpa pandang bulu, ras dan golongan. Uger piyambakipun meniko muslim, berarti sedulur kita. Keranten Rasulullah sampun dawuh : المسلم اخو المسلم لا يخذله ولا يظلمه Kabeh wong Islam iku sedulur, mula ora keno saling merendahkan lan saling mendzalimi. Menjalin persaudaraan saget nimbulaken raoh mahabbah lan cinta kasih. Sedangkan cinta lan kasih saying merupakan jalan menuju surga. Kados pundit caranipun, supados saget timbul rasa mahabbah lan kasih saying ? Rasulullah SAW dawuh : قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : لا تدخلوا الجنة حتى تؤمنوا ولا تؤمنوا حتى تحابوا اولا أدلكم على شىء اذا فعلتموه تحاببتم ؟ أفشوا السلام بينكم . رواه مسلم Ora biso mlebu swarga, sak hingga seliramu kabeh pada Iman maring Allah, lan ora dadi mu'min kang sempurna sak hingga pada saling asih-asihan. Opo seliramu kabeh purun tak paringi weruh maring perkara ingkang bisa ndadeaken seliramu pada asih-asihan ? Tebarkan salam perdamaian ono ing antarane selimamu kabeh. Tiyang dipun sayangi masyarakat, meniko mboten kerenten mbagi-mbagi arta, tapi keranten sikap, lan tindak-tanduk ingkang sopan , soho akhlaq lan tutur kata ingkang lemah lembut.. Sayyidina Ali ra sampun dawuh ; إنكم لن تسعوا الناس بأموالكم، فسعوهم بأخلاقكم Seliramu kabeh ora bakal biso murakabi para menusa mawi banda dunyamu, tapi nganggo akhlaqmu kanti wajah kang ajer lan sikap kang ramah. Rasulullah piyambak inggih dipun dawuhi Allah; لو كنت فظا غليظ القلب لانفضوا من حولك . Umpama seliramu Muhammad iku kasar lan keras hati, pasti wong-wong ingkang ono ing sekitarmu podo menghindar. فاتقوا الله عباد الله , واعملوا صالحا واخلصوا العبادة لله وحده , فان الاخلاص شرط فى قبول الاعمال الصالحة. والله سبحانه وتعالى يقول وبقوله يهتدى المهتدون . واذا قرىء القرأن فاستمعوا له وانصتوا لعلكم ترحمون أعوذ بالله من الشيطان الرجيم ولتمن منكم امة يدعون الى الخير ويأمرون بالمعروف وينهون عن النكر وأولئك هم المفلحون . ولا تكونوا كالذين تفرقوا واختلفوا من بعد ما جاءهم البينات واولئك لهم عذاب عظيم . بارك الله لى ولكم فى القرأن العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم . أقول قولى هذا واستغفر الله العظيم لى ولكم ولوالدى ووالديكم ولمشايخى ومشايخكم ولسائر المسلمين والمسلمات فاستغفروه انه هو الغفور الرحيم .

Tidak ada komentar: