(30) NURUL 'A'YUN

43 Karya Tulis/Lagu Nur Amin Bin Abdurrahman:
(1) Kitab Tawassulan Washolatan, (2) Kitab Fawaidurratib Alhaddad, (3) Kitab Wasilatul Fudlola', (4) Kitab Nurul Widad, (5) Kitab Ru'yah Ilal Habib Luthfi bin Yahya, (6) Kitab Manaqib Assayyid Thoyyib Thohir, (7) Kitab Manaqib Assyaikh KH.Syamsuri Menagon, (8) Kitab Sholawat Qur'aniyyah “Annurul Amin”, (9) Kitab al Adillatul Athhar wal Ahyar, (10) Kitab Allu'lu'ul Maknun, (11) Kitab Assirojul Amani, (12) Kitab Nurun Washul, (13) Kitab al Anwarullathifah, (14) Kitab Syajarotul Ashlin Nuroniyyah, (15) Kitab Atthoyyibun Nuroni, (16) Kitab al 'Umdatul Usaro majmu' kitab nikah wal warotsah, (17) Kitab Afdlolul Kholiqotil Insaniyyahala silsilatis sadatil alawiyyah, (18) Kitab al Anwarussathi'ahala silsilatin nasabiyyah, (19) Kitab Nurul Alam ala aqidatil awam (20) Kitab Nurul Muqtafafi washiyyatil musthofa.(21) KITAB QA'IDUL GHURRIL MUCHAJJALIN FI TASHAWWUFIS SHOLIHIN,(22) SHOLAWAT TARBIYAH,(23) TARJAMAH SHOLAWAT ASNAWIYYAH,(24) SYA'IR USTADZ J.ABDURRAHMAN,(25) KITAB NURUSSYAWA'IR(26) KITAB AL IDHOFIYYAH FI TAKALLUMIL ARABIYYAH(27) PENGOBATAN ALTERNATIF(28) KITAB TASHDIRUL MUROD ILAL MURID FI JAUHARUTITTAUHID (29) KITAB NURUL ALIM FI ADABIL ALIM WAL MUTAALLIM (30) NURUL 'A'YUN ALA QURRATIL UYUN (31) NURUL MUQODDAS FI RATIBIL ATTAS (32) INTISARI & HIKMAH RATIB ATTAS (33) NURUL MUMAJJAD fimanaqibi Al Habib Ahmad Al Kaff. (34) MAMLAKAH 1-25 (35) TOMBO TEKO LORO LUNGO. (36) GARAP SARI (37) ALAM GHAIB ( 38 ) PENAGON Menjaga Tradisi Nusantara Menulusuri Ragam Arsitektur Peninggalan Leluhur, Dukuh, Makam AS SAYYID THOYYIB THOHIR Cikal Bakal Dukuh Penagon Nalumsari Penagon (39 ) AS SYIHABUL ALY FI Manaqib Mbah KH. Ma'ruf Asnawi Al Qudusy (40) MACAM-MACAM LAGU SHOLAWAT ASNAWIYYAH (bahar Kamil Majzu' ) ( 41 ) MACAM-MACAM LAGU BAHAR BASITH ( 42 ) KHUTBAH JUM'AT 1998-2016 ( 43 ) Al Jawahirun Naqiyyah Fi Tarjamatil Faroidus Saniyyah Wadduroril Bahiyyah Lis Syaikh M. Sya'roni Ahmadi Al Qudusy.

Selasa, 25 April 2017

KHUTBAH JAWA SHOFAR

خطبة الجمعة لشهر صفر 1430 السلام عليكم ورحمة الله وبركاته الحمد لله الذى اذا اراد اعزاز قوم الهمهم العمل بالشريعة الاسلامية ، وارشدهم الى طريق الحق فنبذوا الباطل واتبعوا سنة خير البرية ، ووفقهم للخير فلم يتطيروا شؤما من الايام والاشهر القمرية ، وعلموا ان خير الايام ما اجتنبت الكبائر فيه وعبد رب العالمين ، احمده سبحانه وتعالى واشكره هدى من اراد وله السبيل يسر ، واستغفره واشهد ان لااله الا الله الباقى فلا يزول ولا يتغير ، واشهد ان سيدنا محمدا رسول الله سيد من انذر وبشر . اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد وعلى اله وصحبه الى يوم الدين . اما بعد ، فيا عباد الله – اوصيكم ونفسى بتقوى الله فى السر والعلن وفيما ظهر وما بطن ، واتقوا الله واطيعوه لعلكم تفلحون . Kaum muslimin rohimakumullah, Monggo kito tingkataken anggen kito taqwa dumateng Allah SWT, kanti netepi punopo ingkang dados perintah2 ipun Allah, soho nebihi punopo ingkang dados larangan2 ipun Allah, sami ugi wekdal samar utawi wekdal ngedeng. Monggo kito jagi iman kito, ampun ngantos kito pejah kejawi netepi agami Islam. Monggo kito isi sisa-sisa umur kito meniko kangge ngatah2 aken amal sholeh lan bertafakkur dating alam semesta soho wolak alikipun zaman serto kajadian2 ingkang wonten ing sekitar kito, supados mantep iman kito bilih sedoyo meniko saking kersanipun Allah SWT. Wulan Safar ingkang sebagian tiyang nganggap sebagai wulan pembawa bencana lan balak, banjir bandang, tanah longsor, angin lesus, soho bencana alam sanesipun, meniko anggapan ingkang mboten leres , wujudipun balak lan bencana meniko mboten sebab dumuginipun wulan Safar utawi wulan-wulan sanesipun. Perlu dipun mangertosi bilih sedoyo pekawis ingkang sampun tumibo lan ingkang bade kalampah meniko saking kersanipun Allah SWT. Wulan Safar kados wulan sanesipun mboten saget paring manfaat lan paring madlarrat, النافع والضار هو الله ingkang paring manfaat lan madlarrat meniko Allah SWT. Ingkang nukulaken tanduran meniko mboten musin laboh utawi musim rendeng, ingkang nutukalken tanduran meniko Allah SWT. Ingkang damel lan ngatur soho molak malikaken musim meniko Allah SWT. Allah SWT nitahaken punopo kemawon wonten ing alam ndonyo meniko mboten wonten ingkang sia-sia tanpo guno, samudayanipun tentu wonten makna lan faedahipun. Kito poro menuso ingkang apes lan bodo meniko ingkang mboten saget nangkep lan memahami makna2 meniko, kejawi namung sekedik. Allah SWT numibaaken balak lan bencana tentu wonten makna lan hikmah dibalik bencana meniko. Paling mboten supados poro menuso mangertos kados mekaten kekuasaanipun Allah SWT lan mangertos dateng kelemahanipun manuso. Bilih Allah SWT menawi sampun ngersaaken perkawis mesti bakal tumibo, sedoyo upaya menuso mboten mampu menolak perkawis ingkang sampun dipun garisaken utawi sampun dipun qodlo' deneng Allah SWT. Kematian ingkang sampun dipun tentuaken Allah SWT mesti tumibo. Usaha poro dokter lan obat2an mboten wonten atsaripun. Amargi sedoyo meniko minongko penyebab, المسبب والمؤئر هو الله - ingkang ndamel sebab lan labet meniko Allah SWT. Kito sedoyo poro menuso kedah tunduk lan nampi kanti legowo legawaning manah. Sebab Allah SWT Dzat ingkang Maha Bijaksana mboten bade salah anggenipun nentuaken sedoyo perkawis ingkang dipun titahaken. Lan Allah SWT mboten bade nganioyo dateng makhluqipun, tapi poro makhluq piyambaklah ingkang nganioyo pribadinipun piyambak2. قال الله تعالى : ان الله لا يظلم الناس شيئا ولكن الناس انفسهم يظلمون (Sak yektosipun Allah SWT mboten nganioyo dating poro menuso sekedik kemawon, anangin poro menusonipun piyambak ingkang saminganioyo dateng awakipun piyambak2) QS.Yunusw 10. Kaum muslimin rahimakumullah, Tiyang-tiyang Jahiliyyah rumiyin sami tathoyyur (percoyo dateng atsar mabure manuk, menawi bade tindakan ningali manuk rumiyin, menawi manuk meniko mabur arah kiwo, mboten siyos berangkat, sebab percoyo bilih meniko bakal mbekto bahaya (tasyaum). Menawi mabur dateng arah tengen nembe berangkat, amargi dipun percoyo bilih mangke bakal mbekto kabekjan (tafaul). Agami Islam melarang I'tiqod ingkang meyaqini dateng tumibane bencana lan balak serta timbule kabekjan lan keuntungan keranten mabure manuk. Ingkang paring bekjo lan ciloko meniko Allah SWT . قال الله تعالى: قل لن يصيبنا الا ما كتب الله لنا ( Becik ngucapo siro; Ora bakal menimpa maring kito kejobo perkoro kang wus ditetepaken Allah SWT maring kito) QS. Attaubah 9. Allah SWT menawi bade nitahaken perkawis kantun dawuh ; Kun Fayakun ( wujuda sira, mila lajeng wujud). قال الله تعالى : انما امره اذا اراد شيئا ان يقول له كن فيكون (Sak temene Allah SWT yen arep ngersakaken sawiji-wiji, Allah SWT dawuh; wujuda sira, mulo banjur wujud) QS. Yasin 29. Nanging sampun dados kebiasaan lan kersanipun Allah SWT bilih menawi bade nitahaken perkawis meniko mawi proses lan menawi bade numibaaken perkawis ugi mawi tanda-tanda sesuai kalayan qadla' lan taqdiripun. Proses lan alamat punika saget mawon dipun nafiaken sesuai kalayan kekuasaanipun Allah ingkang tanpa batas. Proses lahiripun jabang bayi biasanipun mawi hubungan priya lan manita, tapi Nabi Isa as lahir tanpa melalui proses hubungan priya lan wanita, malah Nabi Adam as wujud wonten alam dunia tanpa sentuhan manusia. Wujud ipun mendung tanda bilih bade jawah. Ingkang nurunaken jawah meniko mboten mendung, tapi Allah SWT. Allah SWT ingkang damel mendung ninongko dados tondo lan alamat bade jawah. Lajeng dipun titosi dening poro menuso bilih menawi wonten mendung biasanipun bade jawah. Menawi sekedar kangge titosan meniko mboten nopo-nopo, ingkan mboten pikantuk meniko memastikan bilih mengko/sesuk mesti jawah. Sebab saget ugi wonten mendung tapi boten siyos jawah, keranten sedoyo meniko kedah sesuai kalih kersanipun Dzat ingkang Maha Kuaos. Semanten ugi ngengingi masalah sakit. Dokter lan obat meniko boten ingkang marasaken penyakit. Dokter lan obat meniko namung lantaran lan sebab, ingkang marasaken meniko sejatosipun Allah SWT. Masalah rizqi inggih kados mekaten, ingkang paring rizqi meniko Allah SWT, ingkang damel sugih meniko inggih Allah SWT. Mboten kesregepane nyambut damel meniko sing dadosaken sugih. Katah sanget ingkang langkung sregep, tapi tetep mboten sugih-sugih. Sregep nyambut damel saget dados sugih, amargi kesarengan kalih qadlao' lan taqdiripun Allah SWT. Ananging tiyang meniko mboten kenging bluboh lan ngalelo, mboten purun ikhtiyar, kanti dalih pasrah dateng taqdir. Kito sumerep menawi perkawis meniko pancen sampun dados taqdiripun Allah arupi feqir/pejah, meniko menawi sak ba'danipun diikhtiyari taksih mboten wonten labet lan hasilipun. Sampun ikhtiyar nyambut damel kados layakipun tiyang katah, tapi taksih feqir. Berarti pancen taqdire dados tiyang feqir. Feqir meniko mboten awon. Tiyang faqir ingkang sabar meniko langkung sahe tinimbang sugih ingkang mboten syukur dateng peparinge Allah SWT. Wonten tiyang faqir ingkang ngotot nyuwun sugih, sareng sampung diparingi sugih malah lacut, lali kalih Allah SWT, Dzat ingkang maringi sugih. Harta kekayaanipun dipun ginaaken kangge foya-foya lan melakukan maksiyat. Sehinggo kesugihanipun mboten dados manfaat, tapi malah madlarrati. Allah meniko Dzat Ingkang Maha Bijaksana, Menawi ngersaaken tiyang meniko dados tiyang sahe, Allah maringi rizqi sesuai kalih kekiyatanipun nampi rizqi kala wahu. Menawi wadahipun rizqi meniko alit, mangke lajeng mutah menawi dipun iseni katah. Menawi balungipun alit, lajeng dipun bebani ingkang berat lan katah, mangke lajeng mboten kiyat nyonggo beban. Pramilo ingkang sahe kangge kito tiyang mu'min, supados ridlo dating pandumipun Allah. Kanti mekaten kito saget tentrem manah kito, mboten protes lan meratapi dating nasib kito. Kito gesang wonten ing alam ndonyo kedah ikhtiyar, mboten kenging bluboh. Sak bakdanipun ikhtiyar ingkang cekap, ibarat nanem pantun nggih sampun sesuai kalih ilmu pertanian, ibarat sakit nggih sampun berobat, nembe pasrah dateng Allah SWT. Rasulullah SAW tansah nganjuraken ikhtiyar dateng ummatipun ; تداووا يا عباد الله فان الله لاينزل داء الا وينزل دواء (Hai poro kawulane Allah SWT becik podo berobato siro kabeh, sebab Allah SWT ora nurunaken penyakit kejobo nerunaken obate). Hadlirin Jum'ah ingkang minulyo, Rasulullah SAW melarang tasyaum / pesimis / kuwatir tertimpa bahaya sebab lelungan weruh manuk mabur maring arah kiwo utawo ketemu wong mati, banjur diurungake olehe lelungan. Minongko tiyang awam, terkadang kita meniko dipun hantui perasaan tasyaum meniko. Agami Islam nganjuraken supados tetep nerusaken perjalananipun lan usahanipun kanti nilaraken perasaan tasyaum kalawau, lajeng tawakkal dateng Allah SWT. Tapi menawi tafa'ul meniko kenging mawon, mboten dipun larang dening agami, awit Rasullah SAW meniko inggih remen dateng Tafaul / nyadong kebagusan menawi kepanggih perkawis ingkang bungahaken. Kados menawi tindakan, lajeng wonten ing tengah perjalanan kepanggih tiyang ingkang naminupun Falah/ Pak Bejo. Kito kenging tafaul/nyadong harapan bilih uasahanipun bakal hasil lan mbekto kabekjan. Kaum muslimin ingkang minulyo Monggo kito pertebal iman kito, yakin bilih kedadosan punopo kemawon ingkang menimpa dateng sinten mawon, meniko sampun dipun garisaken dening Allah SWT . Mboten dinten, mboten wulan ingkang ndamel ciloko, tapi perbuatan maksiyat kito ingkang saget mencelakakan kito. Semanten ugi amal kesaenan lan ketaatan sarto tawakkal kito dateng Allah SWT ingkang saget membahagiakan kito. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : يدخل الجنة من امتى سبعون الفا بغير حساب هم الذين لايسترقون ولا يتطيرون وعلى ربهم يتوكلون. رواه البخارى ( Ono wong 70.000 songko ummatku bakal mlebu suwargo tanpo hisab, yo iku wongkang ora podo gawe ruqyah haram, ora tathoyyur lan tansah tawakkal maring Allah SWT ). Tawakkal meniko pasrah dating ngarsanipu Allah SWT . Tawakkal meniko panggenanipun wonten manah, ateges atinipun meniko mantep lan ridlo dating peparingun Allah, soho yakin bilih pribadinipun meniko apes, sarana lan usaha meniko minongko sebab ingkang mboten saget nglabeti. Percados bilih obat meniko minongko sebab ingkang diduga saget ngobati penyakit, ingkang ndamel waras meniko Allah. Tiyang berobat meniko ikhtiyar, lan mboten nafiaken tawakkal. Rasulullah SAW piyambak inggih berobat, malah panjenenganipun dawuh : :(( تداوا عباد الله فإن الله ما أنزل من داء إلا وأنزل له دواء)) (Hai poro kawulane Allah SWT becik podo berobato siro kabeh, sebab Allah SWT ora nurunaken penyakit kejobo nerunaken obate). Ngengingi dawuh meniko poro Ulama' ngendiko; Berobat meniko ngrupeaken salah setunggaling bentuk Tawakkal. Sebab tiyang meniko menawi berobat lajeng minum obat utawi jampi, saget tambah imanipun dating Allah, saget muji dating Allah, bilih Dzat Ingkang Maha Kuwaos lah ingkang paring khasiyat dating godong-godongan utawi oyot-oyotan saget manfaat kangge ngobati penyakit, soho paring ilham dating tiyang ingkang saget ngramu obat lan jampi sak hinggo saget nyebabaken sarasipun penyakit. Subhanallah - Moho suci Allah ingkang dadosaken obat saget marasaken panyakit. Meniko sejatinipun ngrupeaken bentuk Tawakkal dating Allah SWT. Tawakkal salah setunggaling perkawis ingkang saget gampangaken rizqi. قال الله تعالى ( ومن يتوكل على الله فهو حسبه ) Sinten ingkang Tawakkal dating Allah, Mila Allah bakal nyukupi samudayanipun. عن عمر بن الخطاب رضي الله تعالى عنه عن النبي صلى الله عليه وسلم قال : (( لو أنكم توكلون على الله حق توكله لرزقكم كما يرزق الطير تغدو خماصا وتروح بطانا )) رواه الإمام أحمد والترمذي والنسائي وابن ماجه وابن حبان والحاكم ، وقال الترمذي حسن صحيح . Lamun seliramu kabeh pado gelem tawakkal maring Allah kanti tawakkal kang temenan. Mesti Allah parng rizqi kaya rizqine manuk, berangkat isuk-isuk luru pangan wetenge luwe banjur muleh sore-sore wetenge warek. فاتقوا الله عباد الله وتوكلوا عليه , واعملوا صالحا واخلصوا العبادة لله وحده , فان الاخلاص شرط عى قبول الاعمال الصالحة. والله سبحانه وتعالى يقول وبقوله يهتدى المهتدون واذا قرىء القرأن قاستمعوا له وانصتوا لعلكم ترحمون أعوذ بالله من الشيطان الرجيم إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ إِذَا ذُكِرَ اللهُ وَجِلَتْ قُلُوبُهُمْ وَإِذَا تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ آيَاتُهُ زَادَتْهُمْ إِيمَاناً وَعَلَى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ بارك الله لى ولكم فى القرأن العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم . أقول قولى هذا واستغفر الله العظيم لى ولكم ولوالدى ووالديكم ولمشايخى ومشايخكم ولسائر المسلمين والمسلمات فاستغفروه انه هو الغفور الرحيم .

Tidak ada komentar: