(30) NURUL 'A'YUN

43 Karya Tulis/Lagu Nur Amin Bin Abdurrahman:
(1) Kitab Tawassulan Washolatan, (2) Kitab Fawaidurratib Alhaddad, (3) Kitab Wasilatul Fudlola', (4) Kitab Nurul Widad, (5) Kitab Ru'yah Ilal Habib Luthfi bin Yahya, (6) Kitab Manaqib Assayyid Thoyyib Thohir, (7) Kitab Manaqib Assyaikh KH.Syamsuri Menagon, (8) Kitab Sholawat Qur'aniyyah “Annurul Amin”, (9) Kitab al Adillatul Athhar wal Ahyar, (10) Kitab Allu'lu'ul Maknun, (11) Kitab Assirojul Amani, (12) Kitab Nurun Washul, (13) Kitab al Anwarullathifah, (14) Kitab Syajarotul Ashlin Nuroniyyah, (15) Kitab Atthoyyibun Nuroni, (16) Kitab al 'Umdatul Usaro majmu' kitab nikah wal warotsah, (17) Kitab Afdlolul Kholiqotil Insaniyyahala silsilatis sadatil alawiyyah, (18) Kitab al Anwarussathi'ahala silsilatin nasabiyyah, (19) Kitab Nurul Alam ala aqidatil awam (20) Kitab Nurul Muqtafafi washiyyatil musthofa.(21) KITAB QA'IDUL GHURRIL MUCHAJJALIN FI TASHAWWUFIS SHOLIHIN,(22) SHOLAWAT TARBIYAH,(23) TARJAMAH SHOLAWAT ASNAWIYYAH,(24) SYA'IR USTADZ J.ABDURRAHMAN,(25) KITAB NURUSSYAWA'IR(26) KITAB AL IDHOFIYYAH FI TAKALLUMIL ARABIYYAH(27) PENGOBATAN ALTERNATIF(28) KITAB TASHDIRUL MUROD ILAL MURID FI JAUHARUTITTAUHID (29) KITAB NURUL ALIM FI ADABIL ALIM WAL MUTAALLIM (30) NURUL 'A'YUN ALA QURRATIL UYUN (31) NURUL MUQODDAS FI RATIBIL ATTAS (32) INTISARI & HIKMAH RATIB ATTAS (33) NURUL MUMAJJAD fimanaqibi Al Habib Ahmad Al Kaff. (34) MAMLAKAH 1-25 (35) TOMBO TEKO LORO LUNGO. (36) GARAP SARI (37) ALAM GHAIB ( 38 ) PENAGON Menjaga Tradisi Nusantara Menulusuri Ragam Arsitektur Peninggalan Leluhur, Dukuh, Makam AS SAYYID THOYYIB THOHIR Cikal Bakal Dukuh Penagon Nalumsari Penagon (39 ) AS SYIHABUL ALY FI Manaqib Mbah KH. Ma'ruf Asnawi Al Qudusy (40) MACAM-MACAM LAGU SHOLAWAT ASNAWIYYAH (bahar Kamil Majzu' ) ( 41 ) MACAM-MACAM LAGU BAHAR BASITH ( 42 ) KHUTBAH JUM'AT 1998-2016 ( 43 ) Al Jawahirun Naqiyyah Fi Tarjamatil Faroidus Saniyyah Wadduroril Bahiyyah Lis Syaikh M. Sya'roni Ahmadi Al Qudusy.

Selasa, 25 April 2017

KHUTBAH MUHARRAM TAHUN BARU

خطبة الجمعة عن فضل يوم عاشراء / المحرم / العام الجديد السلام عليكم ورحمة الله وبركاته الحمد لله الذى لا تخلو افعاله عن الحكم ، فجمّل شهره المحرم بعاشراء واسبغ فيه النعم ، وضيق على من عصاه وامدّ من اطاعه بانواع البر والكرم ، ألا له الخلق والامر تبارك الله رب العالمين . احمده سبحانه وتعالى واشكره على جزيل عطائه ، واستغفره وأشهد ان لااله الا الله معز أوليائه وأشهد أن سيدنا محمدا رسول الله سيد اصفيائه ، اللهم صل وسلم على سيدنا محمد واله وصحبه الى يوم الدين أما بعد , فيا عباد الله , أوصيكم ونفسى بتقوى الله فى السر والعلن وفيما ظهر وما بطن , واتقوا الله واطيعوه لعلكم تفلحون . Kaum muslimin rohimakumullah, Monggo kito tingkataken anggen kito taqwa dumateng Allah SWT, kanti netepi punopo ingkang dados perintah2 ipun Allah, soho nebihi punopo ingkang dados larangan2 ipun Allah, sami ugi wekdal samar utawi wekdal ngedeng. Monggo kito jagi iman kito, ampun ngantos kito pejah kejawi netepi agami Islam. Monggo kito isi sisa-sisa umur kito meniko kangge ngatah2 aken amal sholeh lan shodaqoh jariyah kangge sangu benjing menawi kito sowan wonten ngarsanipun Allah SWT. ايها المسامون – ان شهركم هذا منهل البر والاحسان فهل بسطتم أكف الضراعة ، وموسم الربح والغفران فهل جعلتم التقوى خير بضاعة ، ومورد الفضل والرضوان فهل بذلتم فضل الاموال بقدر الاستطاعة ، والله تعالى يقول : وما انفقتم من شىء فهو يخلفه وهو خير الرازقين . Kaum muslimin rahimakukmullah, Kito sedoyo sak memiko wonten ing sak lebetipun tahun inggal inggih meniko tahun 1430 H, wonten ing sak lebetipun wulam Muharrom ingkang dipun mulyaaken Allah SWT , wulang kesahenan, wulan ingkang Allah SWT nurunaken penten anugrah lan kajembaran, prailo kita kedah ngatah2aken tadlarru' lan ibadah dating Allah SWT. Muharram wulan ingkang kebak maghfirah lan karidlananipun Allah SWT, milo kita kedah ngtah2aken anggen kita taubat lan nyuwun ngapunten dating Allah SWT saking dosa2 ingkang sampun numpuk2 sepanjang tahun. Kanti menyesali perbuatan2 ingkang awon, lajeng kito susuli mawi perbuatan2 ingkang sahe soho ngatah2aken sedekah lan infaq fi sabilillah. Punopo maleh Allah SWT sampun dawuh wonten ing kitab suci Al Qur'an : وما انفقتم من شىء فهو يخلفه وهو خير الرازقين . Opo wahe sawiji wiji kang seliramu kabeh infaqno, mesti Allah SWT bakal ngganti, lan Allah SWT Sak Bagus-baguse Dzat Kang paring rizqi. Kaum muslimin rahimakukmullah, Allah SWT maes-maesi wulan Muharram mawi dinten Asyro', inggih meniko tanggal 10 Muharrom. Dinten Asyuro' meniko dimulyaake dening ummat manusia, mulai zaman Jahiliyyah ngantos zaman Islam, ngantos sami siyam wonten ing dinten asyuro' meniko. Rasulullah peiyambak inggih siyam lan nganjuraken ummatipun supados siyam wonten ing dinten Tasu'a' lan dinten Asyuro' keranten syukur dating Allah SWT . Dinten Asyura' meniko istemewa keranten Allah SWT nurunaken pinten2 anugrah wonten dinten asyuro' meniko. Diantaranipun ; Allah nitahaken Nabi Adam As, Allah nyelametaken Nabi Ibrahim saking genine raja Namrud lan Allah dawuh dateng geni ; كونى بردا وسلاما على ابراهيم . Hei Geni, dadio siri geni kang adem lan kang nyelametake maring Ibrahim. Akhiripun Nabi Ibrahim AS ngraosaken adem lan sekeco wonten ing sal lebetipun geni ingkang mulat2. Nabi Yunus AS dipun untal iwak Hiu lajeng tansah maos kalimat : لااله الا انت سبحانك انى كنت من الظالمين Sak hingga Allah SWT ngedalaken Nabi Yunus AS saking nglebetipun weteng iwak Hiu, meniko inggih wonten dinten Asyuro'. Allah SWT nylametaken Nabi Musa lan Harun AS soho nyigar banyu segoro sak hinggo dados dalan ingkang saget damel liwat Nabi Musa lan kaum ipun sak hinggo selamet saking ancamanipun Fir'aun lan Haman. Lan saat niku ugi raja Fir'aun lan tentaranipun ngejar Nabi Musa lan kaumipun, sareng dumugi tengah, dalanipun wangsul dados segoro malih, sak hinggo Fir'aun lan tentaranipun sami klelep lan pejah sedoyo. Nabi Musa AS lajeng siyam wonten dinten Asyuro' keranten syukur dating Allah ingkang sampun nylametaken saking mara bahaya. Wonten ing dinten asyro' ugi kapalipun Nabi Nuh AS mendarat wonten gunung Al Judiy sak sampunipun terapung-apung pinten2 wulan dibekto banjir Taupan ingkang dahsyat. Allah SWT menobatkan kerajaan dating Nabi Sulaiman AS, marasaken penyakitipun Nabi Ayyub AS, Nabi Yusuf AS nate dipun bucal deneng ederek2ipun dating nglebetipun sumur, lajeng Allah ngedalaken saking sumur niku, meniko inggih wonten ing dinten Asyuro'. Allah ngangkat Nabi Isa AS dating langit lan Nabi Idris AS wonten ing panggenan ingkang inggil meniko inggih wonten ing dinten asyuro'. Al hasil katah sanget anugrah allah ingkang dipun sokaken wonten ing dinten Asyurao'. Sarehning kados mekaten, monggo wonten ing wulan Muharrom meniko kito ngtah2aken amal sholeh soho meringi kejembaran lan damel seneng dating keluarga, sederek lan poro tanggi kito. Kita jalin tali silaturrahim lan maringi santunan dating para anak yatim. Punopo malih Rasulullah SAW sampun dawuh : أنا وكافل اليتيم كهاتين فى الجنة _ وأشار الى السبابة والوسطى Aku lan wongkang nanggung anak yatim bakal jejer ono ing suwargo, Kanjeng Nabi Muhammad SAW paring isyarat kanti nedahake driji penuduh lan driji tengah meniko gandeng lan jejer. Kaum muslimim rahimakumullah, Rasulullah SAW arikolo rawuh wonten ing Madinah Al Munawwarah ningali tiyang Yahudi sami siyam wonten ing dinten Asyuro', milo Rasulullah lajeng tangklet, poso opo seliramu kabeh iki? Wong Yahudi banjur jawab; Kito meniko siyam dinten Asyuro', dinten ingkang agung, dinten Allah SWT nyelametaken Nabi Musa AS soho kaumipun lan Allah SWT ngeremaken raja Firaun soho tentaranipun. Nabi Musa AS lejeng siyam keranten syukur dateng Allah SWT . Milo kita tiyang Yahudi lajeng sami derek siyam. Rasulullah lajeng dawuh; Kito kabeh luweh berhak lan luweh utama terhadap Nabi Musa AS tinimbang seliramu kabih. Rasululullah lajeng siyam dinten Asyuro' soho nganjuraken siyam dateng ummatipun.(HR.Bukhari lan Muslim) Arikolo Rasulullah SAW siyam dinten Asyuro' soho perintah siyam dateng ummatipun, poro sohabat lajeng matur; Dinten Asyuro' meniko dinten ingkang dipun mulyaaken dening tiyang Yahudi lan tiyang Nasrani, panjenengan kok nderek siyam, meniko kados pundi Kanjeng Rasul?!. Rasulullah lajeng jawab; Yen Aku isih urip menangi tahun ngarep/tahun kang bakal teko, Aku bakal poso ono ing dino tanggal songo Muharram.(HR.Muslim) عن ابن عباس رضى الله عنهما قال : ما رايت النبى صلى الله عليه وسلم يتحرى صيام يوم فضّله على غيره الا هذا اليومَ يومَ عاشراء وهذا الشهرَ يعنى شهرَ رمضان . متفق عليه . Ibnu Abbas RA dawuh ; Kulo boten nate sumerep Rasulullah SAW merhateaken siyam dating dinten ingkang dipun utamiaken tinimbang dinten sanesipun, kejawi dinten Asyuro' lan wulan Ramadlan. (HR. Bukhari lan Muslim). وقال رسول الله صلى الله عليه وسلم : من وسع على عياله فى يوم عاشراء وسّع الله عليه فى سنته كلِها. رواه الطبرانى فى الاوسط. Sing sopo wonge maringi kajembaran lan keleluasaan ateges maringi bebungah keleluasaan rizqi maring keluargane dewe, Allah SWT bakal paring kejembaran rizqi setahun.(HR.Tabrani). Kados mekaten agungipun dinten Asyuro' lan wulan Muharram. Pramilo bejo sanget tiyang ingkang meningi wulan Muharram lan saget memenuhi hak-hakipun wulan Muharram kanti ngtah-ngatahaken amal sholih, infaq lan shodaqah soho nyantuni dumateng anak-anak yatim. Sak wangsulipun rugi sanget tiyang ingkang meningi wulan Muharram, tapi taksih dlurung lan boten leren-leren anggenipun berbuat maksiyat, ninggal shalat mboten purun taubat dateng Allah SWT. Mangertoso bilih umur kito meniko terbatas, tambah tahunipun berarti umur kito semakin caket dateng ajal ingkang sampun dipun tetepaken dening Allah. قال الله تعالى فى كتابه العزيز : فاذا جاء أجلهم لا يستأخرون ساعة ولا يستقدمون . Arikolo ajal kuwi wus teko, mulo ora bakal biso diunduraken lan ora biso diajuaken sedelok wahe. Mumpung kito taksih dipun paringi kesehatan, kejembaran soho kesempatan, pramilo monggo kita manfaataken ingkang sak katah-katahipun kangge nandur kesahenan sak wekdal kito taksih gesang wonten ing ngalan donyo meniko. الدنيا مزرعة الاخرة Alam donyo meniko minongko ladang akhirat, ateges panggenan kangge nandur amal perbuatan ingkang bade kito unduh benjing menawi kita sampun mangsul wonten alam akhirat. ان خيرا فخير وان شرا فشر Menawi kito nandur kesaenan ateges ngtah-ngatahaken amal sholih, milo benjeng mesti bakal ngunduh ganjaranipun amal sholih kalawahu. Lan sak wangsulipun mwnawi kita nandur keawonan soho perbuatan jahat, milo kita ugi bakal pikantuk siksaan hasil kejahatan ingkang kito perbuat. لان الجزاء على جنس العمل Sebab pinwales meniko sesuai kalih jinis amal perbuatanipun. فاتقوا الله عباد الله , واعملوا صالحا واخلصوا العبادة لله وحده , فان الاخلاص شرط فى قبول الاعمال الصالحة. والله سبحانه وتعالى يقول وبقوله يهتدى المهتدون . واذا قرىء القرأن قاستمعوا له وانصتوا لعلكم ترحمون أعوذ بالله من الشيطان الرجيم وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا وَاذْكُرُوا نِعْمَةَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ إِذْ كُنْتُمْ أَعْدَاءً فَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوبِكُمْ فَأَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهِ إِخْوَانًا وَكُنْتُمْ عَلَى شَفَا حُفْرَةٍ مِنَ النَّارِ فَأَنْقَذَكُمْ مِنْهَا كَذَلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمْ آَيَاتِهِ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُونَ (103) وَلْتَكُنْ مِنْكُمْ أُمَّةٌ يَدْعُونَ إِلَى الْخَيْرِ وَيَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَأُولَئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ (104) وَلَا تَكُونُوا كَالَّذِينَ تَفَرَّقُوا وَاخْتَلَفُوا مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَهُمُ الْبَيِّنَاتُ وَأُولَئِكَ لَهُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ (105) [آل عمران/103-105] بارك الله لى ولكم فى القرأن العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم . أقول قولى هذا واستغفر الله العظيم لى ولكم ولوالدى ووالديكم ولمشايخى ومشايخكم ولسائر المسلمين والمسلمات فاستغفروه انه هو الغفور الرحيم .

Tidak ada komentar: