(30) NURUL 'A'YUN

43 Karya Tulis/Lagu Nur Amin Bin Abdurrahman:
(1) Kitab Tawassulan Washolatan, (2) Kitab Fawaidurratib Alhaddad, (3) Kitab Wasilatul Fudlola', (4) Kitab Nurul Widad, (5) Kitab Ru'yah Ilal Habib Luthfi bin Yahya, (6) Kitab Manaqib Assayyid Thoyyib Thohir, (7) Kitab Manaqib Assyaikh KH.Syamsuri Menagon, (8) Kitab Sholawat Qur'aniyyah “Annurul Amin”, (9) Kitab al Adillatul Athhar wal Ahyar, (10) Kitab Allu'lu'ul Maknun, (11) Kitab Assirojul Amani, (12) Kitab Nurun Washul, (13) Kitab al Anwarullathifah, (14) Kitab Syajarotul Ashlin Nuroniyyah, (15) Kitab Atthoyyibun Nuroni, (16) Kitab al 'Umdatul Usaro majmu' kitab nikah wal warotsah, (17) Kitab Afdlolul Kholiqotil Insaniyyahala silsilatis sadatil alawiyyah, (18) Kitab al Anwarussathi'ahala silsilatin nasabiyyah, (19) Kitab Nurul Alam ala aqidatil awam (20) Kitab Nurul Muqtafafi washiyyatil musthofa.(21) KITAB QA'IDUL GHURRIL MUCHAJJALIN FI TASHAWWUFIS SHOLIHIN,(22) SHOLAWAT TARBIYAH,(23) TARJAMAH SHOLAWAT ASNAWIYYAH,(24) SYA'IR USTADZ J.ABDURRAHMAN,(25) KITAB NURUSSYAWA'IR(26) KITAB AL IDHOFIYYAH FI TAKALLUMIL ARABIYYAH(27) PENGOBATAN ALTERNATIF(28) KITAB TASHDIRUL MUROD ILAL MURID FI JAUHARUTITTAUHID (29) KITAB NURUL ALIM FI ADABIL ALIM WAL MUTAALLIM (30) NURUL 'A'YUN ALA QURRATIL UYUN (31) NURUL MUQODDAS FI RATIBIL ATTAS (32) INTISARI & HIKMAH RATIB ATTAS (33) NURUL MUMAJJAD fimanaqibi Al Habib Ahmad Al Kaff. (34) MAMLAKAH 1-25 (35) TOMBO TEKO LORO LUNGO. (36) GARAP SARI (37) ALAM GHAIB ( 38 ) PENAGON Menjaga Tradisi Nusantara Menulusuri Ragam Arsitektur Peninggalan Leluhur, Dukuh, Makam AS SAYYID THOYYIB THOHIR Cikal Bakal Dukuh Penagon Nalumsari Penagon (39 ) AS SYIHABUL ALY FI Manaqib Mbah KH. Ma'ruf Asnawi Al Qudusy (40) MACAM-MACAM LAGU SHOLAWAT ASNAWIYYAH (bahar Kamil Majzu' ) ( 41 ) MACAM-MACAM LAGU BAHAR BASITH ( 42 ) KHUTBAH JUM'AT 1998-2016 ( 43 ) Al Jawahirun Naqiyyah Fi Tarjamatil Faroidus Saniyyah Wadduroril Bahiyyah Lis Syaikh M. Sya'roni Ahmadi Al Qudusy.

Selasa, 25 April 2017

KHUTBAH FADLILAH HAJI

خطبة الجمعة عن فضيلة الحج اخر شوال 1430 الحمد لله ذى الجلال والاكرام والفضل والطول والمنن العظام ، واسبغ علينا جزيل نعمه والطافه الجسام ، واكرم الادميين وفضلهم على غيرهم من الانام ، ودعاهم برأفته ورحمته الى دالر السلام ، واكرمهم بما شرع لهم من حج بيته الحرام ، ويسر ذلك على تكرار الدهور والاعوام ، وفرض حجه على من استطاع اليه سبيلا من امة أفضل الرسل الكرام . أحمده سبحانه وتعالى أن هدانا للاسلام وأشكره على ما تفضل وأنعم وأشهد ان لااله الا الله وحده لاشريك له الذى علم بالقلم علم الانسان ما لم يعلم ، وأشهد أن محمدا عبده ورسوله سيد الانام. اللهم صل وسلم على سيدنا محمد صلاة تبلغنا حج بيتك الحرام وزيارة قبر نبيهك عليه افضل الصلاة والسلام فى لطف وعافية وسلامة وبلوغ المرام، وعلى اله وصحبه وبارك وسلم . اما بعد ، فيا عباد الله – اوصيكم ونفسى بتقوى الله وطاعته فى السر والعلن وفيما ظهر وما بظن ، واتقوا الله واطيعوه لعلكم تفلحون . Kaum muslimin rahimakumullah, Monggo kito tingkataken anggen kita taqwa dating Allah SWT, kanti nglampahi punapo ingkang dados perintah-perintahipun Allah, soho nebihi punopo ingkang dados larangan2 ipun Allah. Monggo kito jagi iman kita ampun ngantos kito pejah kejawi netepi agami Islam. ايها المسلمون ، فقد فرض الله سبحانه وتعالى حج بيته الحرام لمن استطاع اليه سبيلا شكرا لنعمائه الظاهرة والباطنة ، وتكفيرا للذنوب والخطايا الجسيمة، ونيلا للمغفرة والاجور العظيمة ، وطلبا لرضا الرحمن والدخول فى الجنة Hadirin Jum'ah ingkang minulyo, Allah SWT majibaken ibadah haji wonten ing Baitullahil Haram dateng ummat Islam ingkang sampun mampu lan sampun memenuhi syarat arupi harta kekayaan ingkang cekap kangge mbayar Biaya Perjalanan Ibadah haji (BPIH) lan sehat jasmani lan rohani. Ibadah haji ngrupeaken bentuk syukur dateng Allah SWT dateng ni'mat ingkang sampun dipun paringaken Allah arupi bondo donyo lan kesehatan. Ibadah haji berfungsi kangge melebur dosa-dosa ingkang sampun menumpuk selami gesang. Kanti tindak ibadah haji, dosa-dosa kita bakal diampuni Allah SWT. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : من حج فلم يرفث ولم يفسق خرج من ذنوبه كيوم ولدته امه . Sinten ingkang nglampahi ibadah haji, kanti mboten kalih nglampahi perbuatan rafats lan perbuiatan ma'siyat, mila dosa-dosanipun diampuni Allah, resik tanpa dosa kados bayi ingkang nembe lahir saking rahimipun ibu Ageng sanget ganjaranipun ibadah Haji Mabrur hingga nyameni ganjaranipun Jihad Fi Sabilillah. عن عائشة رضى الله عنها قالت : يا رسول الله نرى الجهاد افضل العمل افلا نجاهد فقال لكن افضل الجهاد حج مبرور . رواه البخارى Ibu Aisyah ra tangklet dateng Nabi Muhammad SAW : Wahai Rasulullah kita kaum wanito ningali bilih Jihad meniko ngrupeaken amal perbuatan ingkang paling utam i- menawi pejah, pejahipun dados pejah syahid, menawi menang pikantuk ganjaran lan rampasan perang. Punopo kito kaum wanito angsal derek jihad - perang melawan musuh wonten ing medan peperangan? Rasulullah lajeng njawab :Ono jihad kang luwih utomo tumrape seliramu kabih, yoiku nglakoni ibadah haji hingga pikantuk haji mabrur.. HR.Bukhari. Ibadah haji meniko kados jihad fisabilillah, keranten meniko biaya ingkang dipun ginaaken kangge tindak ibadah haji, meniko kados biaya ingakang dipun infaqaken kangge perang negakaken agaminpun Allah SWT. قال النبى صلى الله عليه وسلم : النفقة فى الحج كالنفقة فى سبيل الله الدرهم بسبعمائة ضعف . Nafaqah ingkang dipun ginaaken kangge keperluan ibadah haji, meniko kados nafaqah kangge perang fi sabilillah, setunggal dirham dilipat gandakan hingga pitung atus tikelan. Kanti dawuh meniko, saget kito fahami bilih biaya ingkang dipun tasarufaken kangge ibadah haji meniko mboten bakal ical sia-sia lan mboten bakal ndadosaken tiyang kolo wau dados fakir . Malah Allah SWT bakal nggantos biaya-biaya ingkang dipun ginaakaen kangge keperluan ibadah haji kanti berlipat ganda.. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : ما امعر حاج . رواه الفاكهى يعنى ما افتقر حاج . وقيل : ما فنى زاده . Ora bakal dadi feqir sopo mongkang lungo ibadah haji lan ora sia-sia biaya kang ditasarufake kanggo ibadah haji. وقال تعالى فى كتابه الكريم : {وَمَا أَنْفَقْتُمْ مِنْ شَيْءٍ فَهُوَ يُخْلِفُهُ وَهُوَ خَيْرُ الرَّازِقِينَ} [34/39] Bondo opo wahe kang siro kabeh infaqno, Allah mesti bakal ganti. Lan Allah Bagus-baguse Dzat Kang paring rizki. ايها المؤمنون ، فقد فرض الله سبحانه وتعالى على الناس الى الحج بالبيت الحرام بقوله " ولله على الناس حج البيت من استطاع اليه سبيلا ومن كفر فان الله غنى عن العالمين" . قال البيضاوى : وضع من كفر موضع من لم يحج تأكيدا لوجوبه وتغليظا عن تاركه ، ولذا قال النبى صلى الله عليه وسلم : من مات ولم يحج فليمت ان شاء يهوديا او نصرانيا . Kaum muslimin rahimakumullah, Allah SWT majibaken ibadah haji dateng kaum muslimin ingkang sampun mampu sesuai kaliyan dawuhipun Allah SWT : " ولله على الناس حج البيت من استطاع اليه سبيلا ومن كفر فان الله غنى عن العالمين" Imam Baidlawi menafsiri kalimat: : ومن كفر فان الله غنى عن العالمين"ngendiko : Tiyang ingkang sampun mampu, tapi mboten purun tindak haji dipun samiaken kalih tiyang kufur, meniko nandaaken bilih perintah Allah ngengingi babakan ibadah haji meniko sanget kiat lan sanget pentingipun, soho nedahaken agengengipun sangsi tumrap tiyang ingkang sampun mampu, tapi mboten tindak haji. Keranten meniko Rasulullah SAW maringi peringatan keras dateng tiyang-tiyang ingkang sampun mampu (ateges sampun gadah arto cekap kangge mbayar BPIH Rp 35 juta lan sehat jasmani lan rohani) tapi mboten tindak haji, dipun ancam kanti dawuhipun : من مات ولم يحج فليمت ان شاء يهوديا او نصرانيا . Sing sopo wonge mati during nglakoni ibadah haji, padahal deweke mampu lungo haji, mula becik matiho kanti koyo mati Yahudi utawa Nasrani. Menurut Madzhab Imam Syafi'I kuwajiban ibadah haji meniko pancen boten kedah sak naliko sampun mampu lan berangkat wonten ing tahun kemampuan niku , tapi kengeng dipun tunda asal saget ngiro-iro bilih tahun2 ingkang sak bakdane meniko saget nglampahi ibadah haji. Sinten ingkang saget ngiro-ngiro bilih awakipun meniko sehat terus lan mampu terus ngantos tahun ingkang dipun perkiraaken?! Katah sanget wonten ing zaman sak meniko, penyakit berat kados struk ingkang menimpa dating kito secara mendadak, soho katah sanget hal-hal ingkang saget menguras harta kekayaan ingkang sampun kito klempaaken secata tiba-tiba. Pramilo menawi sampun mampu lan dereng wonten niat tinadak haji, lajeng kedisikan pejah, milo pejahipun demunung pejah maksiyat. Lan kedah dipun hajiaken amanat, dipun biayai kalayan arto peninggalanipun, sak derengipun dipun bagi deneng ahli waris. Amargi minongko semunung utang dateng Allah igkang kedah dipun sahuri. Keranten meniko, dumateng kaum muslimin ingkang sampun dipun paringi kajembaran dening Allah arupi bondo donyo lan kesehatan, supados inggal dipun ginaaken tindak haji, minongko syukur dateng Allah SWT. عن ابى سعيد الخذرى رضى الله عنه أن رسول الله صلى الله عليه وسلم قال : ان الله تعالى يقول ان عبدا اصححت له جسمه ووسعت عليه فى المعيشة تمضى عليه خمسة اعوام لا يفد الى لمحروم . رواه ابن ابى شيبة وابن حبان فى صحيحه . ومعنى هذا الحديث انه محر وم من الخير الجزيل . Wonten ing Hadits Qudsy Allah SWT dawuh: Endi-endi kawula Ku kang wus tak paringi sehat jasmanine lan tak paringi kejembaran rizqine sampai limang tahun lawase, banjur ora gelem sowan ono ing ngarso Ingsun (kanti nindai ibadah haji), wong kuwi bakal kelangan pirang-pirang kebagusan. Ing antawisipun kaling-kalingan ganjaranipun ibadah haji mabrur arupi suwarga soho pinten-pinten kesahenan sanesipun. قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : الحج المبرور ليس له جزاء الا الجنة . معناه : الهام صاحبه التوبة من كل ذنب وتوفيقه لذلك وحفظه من المخالفة باقى عمره فيدخل الجنة مع الفائزين . Ora ono piwales keduwe Haji Mabrur, kejobo suwargo. Artosipun; Allah bakal paring ma'unah dating tiyang ingkang pikantuk haji mabrur, purun inggal-inggal taubat dating dosa ingkang dipun lampahi, lan dipun rekso saking mbangkang dating perintahipun Allah sak lebetipun gesang ing ngalam ndonyo, sak hingga menwi pejah pinaringan husnul khatimah hingga mlebet dating suwargo. Pramilo monggo ingkang rumaos sampun mampu, monggo enggal-enggal persiapan tindak wonten ing tanah suci Makkah lan Madinah, sak perlu tindaki ibadah haji lan ziarah dating ngarsanipun Rasulullah SAW. عن ابن عباس رضى الله عنه انه فال قال رسول الله صلى الله عليه وسلم : من اراد الحج فليتعجل . رواه احمد وابو داود زاد اجمد والطحاوى والبيهقى : فانه قد يمرض المريض وتضل الضالة وتكون الحاجة . Rasulullah SAW dawuh : Sing sopo wonge arep tindak haji, supoyo cepet-cepet, sebab menuso kuwi biso ketekanan penyakit lan lara sak wektu-wektu, lan biso wahe bondo donyo kang disimpen kuwi ilang utowo entek kanggo brobat utowo kanggo nutupi kebutuhan kang mendesak. Kaum muslimin ingkang minulyo, Kados mekaten pentingipun ibadah haji lan agengipun ganjaran ibadah haji mabrur. Langsung pikantuk ganjaran mlebet suwargo, mboten sekedar pikantuk kelipatan ganjaran kados ganjaranipun sedekah, shalat lan ibadah sanesipun. Keranten nglampahi ibadah haji meniko ngrupeaken ibadah ingkang komplit, meliputi sedoyo unsur ibadah. Menawi jenis ibadah meniko wonten ingkang arupi ibadah qalbiyyah kados niat, lan wonten ibadah maliyah kados zakat, infaq lan sodaqah, soho wonten ibadah badaniyah kados jihat memanggul senjata perang melawan musuh. Ibadah haji meniko meliputi sedoyo jenis ibadah kalo wahu. Wonten ibadah qolbiyah ipun kados niat, wonten ibadah maliyah ipun kados mbayar BPIH (Biaya Perjalanan Ibadah Haji) lan biaya sanesipun, soho merluaken fisik ingkang kuat lan sehat, kangge nempuh perjalanan tebih lan pindah saking setunggal panggenan dating panggenan sanesipun. Keranten meniko imbang menawi ganjaranipun meniko langsung suwargo. Nanging kangge merkoleh haji mabrur meniko kedah melalui pinten-pinten persyaratan, diantaranipun biaya ingkang dipun ginaaken kangge mbayar ONH kedah saking harta ingkang halal lan anggenipun nglampahi ibadah kedah sesuai kalih syariat ingkang dipun ajaraken Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang dipun terusaken lan dipun warisi soho dipun ajaraken deneng poro Ulama' lan poro Kiyai. Ibadah ingkang dipun lampahi tanpo dipun sertai ilmu pengetahuan, meniko mboten ketampi, sebab salahe langkung katah tinimbang benere. Lamun bener meniko kebeneran amargi dasare ngawur, mboten kanti pamulang saking guru. قال ابن رسلان : وكل من بغير علم يعمل * اعماله مردودة لا تقبل Tiyang ingkang nglampahi amal ibadah tanpo dipun ilmuni, meniko amal ibadahipun dipun tolak mboten dipun katampi. Kaum muslimin rahimakumullah, Ciri-ciri haji mabrur meniko, amal-amal perbuatanipun langkung sahe tinimbang sak derengipun haji, langkung mentingaken dating perkawis akhirat tinimbang perkawis dunia soho mboten mbaleni perbuatan maksiyatipun. Piyantunipun seneng melakukan perbuatan social dating masyarakat lan pengendikanipun santun. Arikolo Rasulullah dipun tangkleti salah setunggaling sahabat, وما بر الحج يا رسول الله ؟ قال : اطعام الطعام وطيب الكلام وافشاء السلام . Haji Mabrur meniko ingkang kados punopo wahai Rasul,?. Kanjeng Nabi lajeng dawuh; Haji Mabrur iku tandane bakdo haj,i wonge seneng maringi santunan makanan, gunemane santun lan seneng nebarake salam lan perdamaian. ايها المسلمون رحمكم الله روى عن النبى صلى الله عليه وسلم انه قال : يستجاب للحاج من حينَ يدخل مكة الى ان يرجع الى اهله وفضل اربعين يوما . Do'anipun jamaah haji meniko mustajab l terkabul wiwit saking arikolo mlebet kota Makkah, ngantos kondur dumugi dalemipun piyambak-piyambak lan tambah 40 dinten. Keranten meniko, biyasanipun kaum muslimin ingkang sami tuwi jamaah haji ingkang nembe rawuh saking ibadah haji, sami nyuwun do'a supados saget inggal pikantuk fadlal saget tindak wonten ing tanah suci Makkah lan Madinah. . فاتقوا الله عباد الله ، واعملوا صالحا واخلصوا العبادة لله وحده وداموا عليه فان الاخلاص شرط فى قبول الاعمال الصالحة . والله سبحانه وتعالى يقول وبقوله يهتدى المهتدون . واذا قرىء الفرأن فاستمعوا له وانصتوا لعلكم ترحمون . أعوذ بالله من الشيطان الرجيم . ان اول بيت وضع للناس للذى ببكة مباركا وهدى للعالمين . فيه ايات بينات مقام ابراهيم . ومن دخله كان امنا . ولله على الناس حج البيت من استطاع اليه سبيلا ومن كفر فان الله غنى عن العالمين . بارك الله لى ولكم فى القرأن العظيم ، ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم . اقول قولى هذا واستغفر الله العظيم لى ولكم ولوالدى ووالديكم ولمشايخى ومشايخكم ولسائر المسلمين والمسلمات فاستغفروه انه هو الغفور الرحيم . أهـ الحمد لله حمدا كثيرا طيبا مباركا فيه كما أمر ، أحمجه سبحانه وتعالى واشكره ، واشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له ارغاما لمن جحد به وكفر ، وأشهد ان سيدتا ونبينا محمدا عبده ورسوله سيد البشر ، أللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى اله وصحبه ما اتصلت عين بنظر وأذن بخبر وسلم تسليما كثيرا. أما بعد ، فيا ايها الناس أوصيكم ونفسى بتقوى الله عز وجل فانها نعم الزاد الى الاخرة ، وتزودوا فان خير الزاد التقوى ، واتقون يا اولى الالباب ، فمن يعمل مثقال ذرة خيرا يره ومن يعمل مثقال ذرة شرا يره . واعلموا أن الدنيا دار فناء ومألها الى الزوال وكل من عليها فان ولايبقى الا وجه ربك ذو الجلال ، فما اسعد عبدا طلقها واقبل على رب العالمين وما أحسن من عامل الناس بالمعروف والاحسان واللين . فاتقوا الله عباد الله ، وصلوا وسلموا على من امرتم بالصلاة والسلام عليه عموما بقوله ولم يزل قائلا عليما : ان الله وملائكته يصلون على النبى يا ايها الذين امنوا صلوا عليه وسلموا تسليما . اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى اله واصحابه عدد ما كان وما يكون ، فعليكم بالصلاة والسلام على صاحب السنة ، فقد قال صلى الله عليه وسلم : اكثركم علىَّ صلاة اكثركم ازواجا فى الجنة ، وبالصلاة عليه تنال الاجر والفوز والقبول والمنة ، وبالصلاة عليه تنحل العقد وتنفر الكرب وتقضى الديون . اللهم صل وسلم عليه وارض اللهم عن الائمة الاربعة الخلفاء الراشدين المهديين ابى بكر وعمر وعثمان وعلى وعن بقية العشرة الكرام وعن سائر الصحابة اجمعين والتابعين لهم باحسان الى يوم الدين وارحمنا معهم برحمتك يا ارحم الراحمين . الله أعز الاسلام والمسلمين ، واحم حوزة الدين ، وانصر جيوشك المسلمين الموحدين ، والف بين قلوي عبادك امؤمنين ، واجمع كلمتهم على الحق يا رب العالمين . اللهم وفقنا لطاعتك وخدمتك وما تحبه وترضاه . اللهم نق قلوبنا من الحقد والحسد والطمع والبغضاء والمعاداة. اللهم حسن ختامنا بالتوفيق ، وتوفنا على كلمة لا اله الا الله محمدا رسول الله صلى الله عليه وسلم . اللهم اغفر للمؤمنين والمؤمنات والمسلمين والمسلمات الاحياء منهم والاموات ، انك يا الله سميع قريب مجيب الدعوات برحمتك يا ارحم الراحمين . اللهم اغفر لنا ولاخواننا الذين سبقوا بالايمان ولا تجعل فى قلوبنا غلا للذين امنوا ربنا انك رؤوف رحيم . عباد الله ، ان الله يأمر بالعدل والاحسان ، وايتاء ذى القربى وينهى عن الفحشاء والمنكر والبغى ، يعظكم لعلكم تذكرون ، فاذكروا الله العظيم يذكركم واشكروه على نعمه يزدكم ولذكر الله اكبر والله يعلم ما تصنعون . أهـ

Tidak ada komentar: