Rabu, 17 Juni 2015

PIDATO NISHFU SYA'BAN

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته الْحَمْدُ لله وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلىَ رَسُوْلِ الله سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَاَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهْ اَمَّا بَعْد Wonten ngarsanipun poro alim ulama ingkang satuhu kinabekten…Nadhir lan sedoyo keluarga soho sedoyo pengurus Musholla Nurul Hidayah ingkang tansah kawulo hormati…., Bapak ibu lan sedoyo rencang enkang sami rawuh Rohimakumulloh…. sepisan monggo kito sami Muji Syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah Swt, kanti Maos Tahmid, Alhamduliilahirobbil‘alamiin, atas limpahan Rohmat taufiq soho Hidayahipun ing wekdal dalu meniko kulo lan panjenengan taseh saget makempal maguyup manunggal wonten ing majlis ingkang mubarok meniko, mugi-mugi pakempalan meniko kacatet dening Allah minongko amal Soleh, amiin Allohumma Amiin……. Solawat serto salam mugio tansah kunjuk wonten ngayunan dalem Nabi Agung Muhammad SAW, mugi-mugi kito sedoyo pikantuk syafa’atipun mbenjang wonten ing yaumil qiyamah, Allohumma Amin…….Hadirin-Hadirot ingkang tansah kulo mulyaaken…… Malam Nisfu Sya'ban Nisfu artine separo dados separo wulan ingdalem wulan arab… biasanipun tanggal 15 Kaum Muslimin yakin bileh malam niki, kaleh malaikat pencatat amal, sinten poro rawuh….? Roqib lan Atid, nyerahaken catatan amalan manuso dateng Allah SWT, ingdalem malam niki ugi buku catatan-catatan amal kang digunaaken setiap tahun digantos ingkang enggal.bpPPPPPulan nifsu sya'ban Poro rawuh ingkang kawulo Mulya aken……. Imam Ghazali mengistilahkan malam Nisfu Sya'ban dados malam ingkang penuh syafaat (pertolongan). Menurut al-Ghazali, ing malam ke-13 bulan Sya'ban Allah SWT maringaken sepertiga syafaat dateng hambanipun. lan malam ke-14,sedoyo syafaat diparingaken secara penuh. Saking meniko, ing malam ke-15, umat Islam saget miliki katah sanget kesahenan dados penutup catatan amal selama satu tahun. sebab pada malam ke-15 bulan Sya’ban niki, catatan perbuatan manuso bade diunggahaken ing ngersanipun Allah SWT. nisfu syaban Poro ulama dawuh bilih Nisfu Sya'ban ugi kawastanan malam pengampunan utawi malam maghfirah, sebab wonten malam niku Allah SWT nurunaken pengampunan dateng sedoyo hamba Allah sak Alam Dunyo.nisfu sya'ban Malam Nishfu Sya’ban malam kang utami lan penuh berkah, milo monggo kito katahaken amal kesahenan. Doa meniko pembuka kelapangan lan kuncikeberhasilan, monggo kito dongo supados pikantuk berkahe MALAM NISFU SYA’BAN LAN SAGET MENANGI POSO ROMADLON Rencang-rencang poso nopo mboten….? Adik Hayyin Rumiyen naliko nembe TK Kecil sampun poso….menawi adik kecil mboten poso berarti kalah kaleh Dik Hayyin satu kosong……lan kakak-kakak koq mboten poso berarti kalah dua kosong …..lan umpami bapak ibu wonten kang mboten poso berarti kawon kalih Dik Hayyin Tiga Kosong…..tepuk tangan,,,,,,,tapi insya Allah kito poso sedoyo Amin Allahimma Amiinn…. صل وسلم دائما على احمدا # والال والاصحاب من قد وحدا sopo wonge dungo bakal di ijabahi # malem nishfu sya’ban duso di ilangi. Kebak rohmat ni’mat kang mudun ing bumi # buku amal anyar ayo di iseni. Sopo wonge bungah tekani romadhon # selamet neroko laku ingkan awon. Sopo gelem poso ing wulan romadhon # mlebu ing suwargo kabeh lanang wadon BILLAHI TAUFIQ WAL HIDAYAH ASSALAMUALAIKUM WAROHMATULLAHI WABAROKATUH TTD HAYYIN NAJAH JANIYYA N.I )Jumu’ah legi 4 Rajab/22 mei 2015)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar