Rabu, 03 Desember 2014

HABIB UMAR AL MUTHAHAR

Alhamdulillah kito memuji ing pengeran # kang mengerani sekabeh mahluqe ing alam Kang melasi mahluqe ing sak dawane zaman # kang maringi asih mahluqe podo kabejan Sholawat salam kaaturake ing jeng nabi # lan keluargane lan shohabat kang pinuji Kang biso dadi cagake lan pakune bumi # kang dadi gendolane ummate nganti mati Kanjenng nabi kito Muhammad lahir ing mekkah # dino isnain rolas maulud tahune gajah Romo sayyid Abdullah ibu siti aminah # kang akhire hijroh sedo ono ing madinah Nabi kito Muhammad nggarwo siti khadijah # siti aisyah siti hafsoh siti saudah Siti shofiyah siti maimunah lan romelah # hindun zaenab lan juwairiyyah siti mariyah Nabi kito Muhammad peputro siti fathimah # qosim thoyib thohir iku kang aran Abdullah Ibrahim ummu kulsum zaenab lan ruqoyyah # kabeh wafat kejobo putri siti fathimah Simbah abdul mutholib lan buyute mbah hasyim # canggahe abdi manaf nganti nabi Ibrahim Tsuwaibah halimah kang tansah nyusoni lazim # paman hamzah abbas shofiyah kang tetep mimpin Kanjeng nabi peputu habib umar muthohar # kang biso ngrumat ummat kabeh kelawan sabar Hubbur rosul yo kuwat berkahe ora udar # ing ndoyo nganti kumpul kabeh ing padang mahsyar Habib Abdullah habib ahmad hasan aljufri # rois AM hubbur rosul iku kang mandegani Konco konco ayoho atine dadi siji # cinta mahabbah ing ngersanepun kanjeng nabi Sopo kang cinta kasih marang nabi Muhammad # mesti gelem wiridan tetep moco sholawat Hubbur rosul kang dadi dalan lan dadi alat # kumpul kanjeng nabi kang besok paring syafaat Sopo kang wani ngaku cinta ing kanjeng nabi # mongko tandane wajib cinta dzurriyyah suci Habib umar muthohar iku kang dadi wali # Habib Abdullah lan habib ahmad kang nyekseni mugo mugo kito kumpul dzurriyyahe nabi # kanthi gelem mulyaake lan gelem ngormati Mongso iki nganti besok tumekaning pati # kabeh anakputu bisoho melu ngikuti Kanjeng nabi kito Muhammad naliko mlampah # watu watu lan wit witan kabeh podo obah Iki hikmahe wongkang tansah moco sholawah # kang diliwati kabeh podo ndongo salamah Mugi mugi berkahe nabi kito Muhammad # kiti pinaringan badan sehat wal afiyat Rizqi murah kathah kanti halal lan barokah # Damel ibadah allah lan urip kanthi thoat Mugi mugi berkahe putu nabi Muhammad # hasil maksud usaha lancar kanthi malipat Mekah medinah dadi tujuan karo syarat # angsal fadlole gusti allah kang moho rohmat Mugi mugi berkahe hurmat dateng jeng nabi # ummat islam kabeh busoho dadi lan mukti Poro pemimpin rakyat bisoho kang ngrakyati # lan kang dadi panutan kang biso ditaati Cekap semanten kang minongko atur kawulo # syi’ir hubburosul ingkang tansah dados tondo Panglembono marang mulya mulyane menuso # nabi Muhammad kasihe kang moho kuwoso Ya allah biha ya allah biha ya allah bihusnil khatimah # ya allah biha ya allah biha ya allah bihusnil

Tidak ada komentar:

Posting Komentar