Kamis, 28 Maret 2013

SYAIR AYO SEDULUR

Sya’ir Ayo sedulur Ngawiti ingsun klawan bismillah * ingsun memuji al hamdulillah Tambahe rahmat sertane salam * kelawan akeh tetep lan dawam Marang gustine poro utusan * asmo Muhammad nabi pungkasan Lan mugo tetep ing punokawan * poro shohabat lan keturunan Ayo sedulur nglakoni tho’at * Kanthi ibadah nglakoni sholat Marang pengeran kang moho rohmat * rino lan wengi ojo do sambat Ayo sedulur do sholat dhuhur * ben ora keno seksane kubur Ayo sedulur podo di atur * awal wektune ojo di undur Ayo sedulur do sholat ashar * supoyo uripe rak kesasar Ayo sedulur ikhlas lan sabar * supoyo adem ing padang mahsyar Ayo sedulur do sholat maghrib * selagi kito dadi wong urip Ayo sedulur mung limang menit * ben ati tenang rak morat marit Ayo sedulur do sholat isya’ * supoyo enteng naliko naza’ Ayo sedulur siap lan macak * nyowoni metu kroso kepenak Ayo sedulur do sholat shubuh * supoyo awak ora do aboh Ayo sedulur ojo do angkuh * limang wektune kito kang butuh Alhamdulillah wassyukru lillah * nyuwun kawulo Alhamdulillah Rohmat lan salam kalangkung katah * ngantos dumugi dinten qiyamah Dateng jeng nabi paring syafa’ah * kabihe ummat pingin ing jannah Lan keluargo kang istiqomah * sumujud marang kang moho rohmah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar