Minggu, 29 Juli 2012

POSONAN


Penerangan Bulan puasa (1384 H / 1964 M)
Penerangan Bulan puasa (1384 H / 1964 M)

Ya muhaimin ya salam salimna wal musliman
Moga selamet sedayane tiang mukmin

Wong puasa wajib ngeraksa limang perkara
Goroh seneng sumpah namimah ngerasani sira

Wulan iki awas batur wulan puasa
Tiang mukmin sedayane wajib

Tinggal syahadat tinggal sholat tinggal puasa
Aja mangmang kita iku bakal di siksa

Puasane wiridane lagi belajar
Wedi sanget tangine keuluwan fajar

Anak rabi bae sedulur kabeh rakyat
Gage ngaji mengko dikubur nggawa syahadat

Aya batur waktu siyam aja sewotan
Yen sewotan ngelunturaken ning ganjaran

Ingkanmg wekel waktu muji sasi siyam
Nuhun tetep ilmu amal iman islam

Tuturana karo kalimah pengeran
Aja gelem dibujuki maring syetan

Kejemaken kabeh badan lan pikiran
Luwih onjo tikel sewu ning ganjaran

Ayu diraksa kita kabeh omongane
Aja ngomong yen ora muji ning atine

Pikirane lan atine ingkang kejem
Ora nana ning pikire pengen di alem

Cangkem muji eling Allah ning atine
Iku alim wongkang manfaat ilmune

Waktu buka mangan nginum ingkang hak
Supayaha kabeh amal aja rusak

Yen tetukon aja kon bocah cilik
Panganane kurang bagus kurang apik

Poma-poma waktu siyam aja udzur
Muga-muga kabeh dosa pada lebur

Kuping mata cangkeme dikon puasa
Aja goro ngunek-ngunek gawa dosa

Waktu buka ingkang halal memangane
Haram riba ngilangaken ganjarane

Tiwas perih puasane ora untung
Jaba bagus ruhanine dadi buntung

Aran siyam ora ngomong beli memangan
Singkirana goroh batal lelahana

Siam iku ngunci cangkem ingkang kejem
Supayaha iblis aja manjing cangkem

Berjamaah dedonga bareng aja nggelambeyar
Muga-muga keturunan lailatul qodar

Wulan puasa bakal ana alamate
Ya bisu budeg picek ma’rifate

Jaman akhir kabeh santeri kepetengan
Wedi kurang pangan rijki sing pengeran

Nglatih badan eling Allah aja blasar
Alamate wongkan olih Lailatul Qodar

Sare’ate siyam nyetop anggotane
Wajib ngeker aja lali pengerane

Cangkem muji lan memuja mimg atine
Cuwan nyimpang ingkang madep ning gustine

Kuping ngerungu ngrungokna dawuh pengeran
Ati eling anggotane terus jalan

Tangan mambrih kasab halal kelakuane
Allah rosul kang maringi rezekine

Weteng wadah wadana barang halal
Wadah eling Allah rosul ya ning akal

Riwayat Ki Sa’laba

Dawuh gusti sampun wekaspun weling
Duwe kuping aja budeg gage eling

Sapa wonge pengen kaya iku merdeka
Ning panggona berjamaah gage teka

Aja kaya waktu uripe sa’labah
Waktu kere oro pot berjamaah

Ba’da salam ora wirid terus srantal
Wedi banget maring waktu bakal ketinggal

Siji waktu ketinggal ning rosulallah
Abu Bakar terus nyandal ning sa’labah

Aduh gusti kula gadah sarung setunggal
Yen wiridan rabi kula solate tinggal

Terus donga’aken sapa ,Kanjeng Nabi
Matur dateng pengayoman Allahurrobbi

Allah jawab bagus kere lan sugie
Yen wis suguh akeh pisan ning fitnahe

Terus donga ud’uni astajib lakum
Hai sa’labah elinga salah ya di hukum

Malaikat Jibril terus gawa maring gibas
Ki Sa’labah terimane luwih trengginas

Gibas nganak turunane pirang-pirang
Mulai tinggal berjamaah ora wirang

Jejeg senisob terus eman buang zakat
Ki Sa’labah ora eling tinggal sholat

Rabi ngelingaken waktu ning kerene
Ayi shodaqoh ngatur rosul lan sahabat

Ki Sa’labah nyekel bandot ingkang gede
Terus eman nganggo pemacek turun gede

Mrana mrene eman kabeh nyekel kirik
Diolahi masakane ya di bistik

Malekat jibril terus turun maring Rosulallah
Aja mangkat di aturi ning sa’labah

Dikon mangkat Abu Bakar sahabat Umar
Dongaha Umar towil umur aja samar

Terus urip kabeh sepras ya masakan
Kirik mlayu kabeh seprah jejugugan

Riajali seja amal pengen di alem
Ora di alem gawe amal ora gelem

Riakapi ora pengen di pujine
Yen di poyok dugal mengkel ning atine

Guru kita ora rido ning jambulan
Nyata pisan ati kita jejumbulan

Laku salah sira wani nyalahaken
Tanggung jawab kudu sanggup benerakan

Berani hak takut batal ning badane
Terus tunduk Allah Rosul aturane

Tidak ada komentar:

Posting Komentar