Kamis, 19 Juli 2012

MAULID @ DAWUH ABAH UMAR


DAWUH SYEKHUNAL MUKAROM (1390 H – 1970 M )
Aduh gusti kula nuhun pangapunten    *  Sekatae dosa kula ingkang wonten
Gede cilik dosa ati dosane badan          *  Mugi kersa ngampura gusti pangeran
Bukah ati tutupana cacad kula              *  Nuhun dipecat ati kula ingkang ala
Bade sinten kang ngapura sekabeh dosa    *  Anging gusti panjenengan kang kuasa
Dosa samar panjenengan langkung periksa     *   Mugi-mugi ngapura sekabeh dosa
Alkhamdulillah kula muji kesyukuran *  Gusti Alloh kang nebihaken Kemusyrikan
Ayu santri ingkang paham pikirane      *  Maring nadom aja bosen apalana
Yen di kajih bisa weru ning anggone    *  Yen wis weruh duwe ilmu ana kanggone
Jaman dingin rapat wali cerbon girang *  Dipun imbal desa bulak Jatibarang
Ngrundingaken maju mundure syahadat   *  Gelem nampa apa beli kabeh rakyat
Santri ngandel ning pituture syekhuna *  Ilmu amal iman islam ya sempurna
Masjid mekkah sing nunggoni para wali   *  Dipun imbal tanah jawa kebon melati
Weruhana santrine syarif hidayat         *  Dadi wali sebab ngaji syahadat
Sira weruh terus geguru ning syahadat * Ning timbulane gusti syarif hidayat
Aja dumeh sira bisa ning syahadat        * Sira bisa ning syahadat munggah ning adat
Ayu wedi watir maras ning atine          * Akhir umur bokan blolih pangapurane
Gage tangi bengi sholat tahajud            * Den paringi penjaluke wongkang sujud
Jaluk apa ning dunya disediai               *  Sugih pinter bener saking Ilahi
Gusti Alloh ngampura dosa ora angel ora apa *  Tapi delenge tobat sira kaya apa
Awak sira awan bengi kacanana           *  Ingkang awas tindak lana titenana
Yen kepengen dadi mukmin kudu ngalahi *  Aja wani madoni akhire belai
Poma aja wani sira nukari                     * Ingetaken dadi batur mengko buri
Arep tukar karo batur aja wani             *  Yen wania sira iku nggo upan geni
Alloh Alloh Alloh ya rosululloh           *  Kabeh badan kang nguasani gusti Alloh
Nuhun-nuhun kekuatan jalanaken        *  Ning perintahe kang sampun ridlokaken
Lamon iman gelem nyebut asma pangeran     *  Tetep aman muarah sandang murah pangan
Rokhman rokhim iku welas winelasan      *  Maring umat maring Makhluk sepepadan
Iki jaman wis akhir kari setitik             *  Yen ora mikir gawe amal ora katik
Jaman akhir ilmu ilang manfa’ate         *  Bagen kiyai ahli tapa langka kramate
Jaman akhir Sunnah nabi digeguyu      *  Sing geguyu yakin pisan wong keliru
Jaman akhir Sunnah nabi disengiti       *  Bonggan sengit kejaba umate gusti
Jaman akhir Sunnah nabi ora digawa   *  Sing nyekeli luwih panas kenimbang wangwa
akhir Sunnah nabi didugali                   *  Poma batur aja ucul diganduli
Dajjal la’nat sore jum’at pada metu      *  Seja ngulati ngaku duwe anak putu
iku matane kang kiri siji                       *  Omonge sulaya ora netepi janji
Batuke dajjal diwaca tulisane               *  La’ natulloh ‘ alal kafirin ya unin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar