مولاي صل وسلم دائما ابدا # على حبيبك خير الخلق كلهم
هو الحبيب الذي ترجى شفاعته # لكل هول من الاهوال مقتحم
يارب بالمصطفى بلغ مقاصدنا # واغفرلنا ما مضى ياواسع الكرم
Kanjeng nabi peputu habib umar mathohar * kang biso ngrumat ummat kabih kelawan sabar
hubbur rasul yo kuat berkahe ora udar * ing nduyo nganti kumpul kabeh ing padang mahsyar
habib abdullah habib ahmad hasan al jufri * rais AM hubbur rasul iku kang mandegani
konco-konco ayuho atine dadi siji * cinta mahabbah ing ngersanipun kangjeng nabi
sopo kang cinta kasih marang nabi muhammad * mesti gelem wiridan tetep moco sholawat
hubbur rasul kang dadi dalan lan dadi alat * kumpul kanjeng nabi kang besok paring syafa'at
sopo kang wani ngaku cinta ing kanjeng nabi * mongko tandane wajib cinta dzuriyyah nabi
habib umar muthohar iku kng dadi wali * habib abdullah lan habib ahmad kang nyekseni
mugo-mugo kito kumpul dzuriyyahe nabi * kanthi gelem mulyaake lan gelem ngormati
mongso iki nganti besok tumekani pati * kabeh anak turun bisoho melu ngikuti
kanjeng nabi kitho muhammad naliko mlampah *watu-watu lan witwitan kabeh podo obah
iki hikmahe wongkang tansah moco sholawat * kang di liwati kabeh podo ndonga selamat
mugi-mugi berkahe nabi kitho muhammad * kitho pinaringan badan sehat wal afiyat
rizqi murah kathah kanthi halal lan barokah * damel ibadah allah lan urip kanthi tho'ah
mugi-mugi berkahe putu nabi muhammad *hasil maksud usaha lancar kanthi melipat
mekkah medinah dadi tujuan kanthi syarat * angsal fadlole gusti allah kang moho rahmat
mugi-mugi berkahe kitho sholawat * anak bojo kito dadiyo sholeh sholihat
rumah tangga tentrem ayem adem tanpo cacat * selamet sangking balak lan musibah kang gawat
mugi-mugi berkahe hurmat dateng njeng nabi * ummat islam kabeh bisoho dadi lan mukti
poro pemimpin rakyat bisoho kang ngerakyati * lan kang dadi panutan bisoho di ta'ati
cekap semanten kang minongko atur kawulo * syi'ir hubbur rasul ingkang tansah dados tondo
panglembono marang mulyo-mulyane menuso *nabi muhammad kasihe kang moho kuwoso
يا الله بها يا الله بها يا الله بحسن الخاتمة يا الله بها يا الله بها يا الله بحسن الخاتمة
الفاتحة
تكتب بقلم محمد نور امين بن عبدالرحمن بن محمد شربيني فناكون نالوم ساري جفارا
الهاتف 081325609704
Tidak ada komentar:
Posting Komentar